Minggu, 08 Juli 2012

M O S

Dina Senin tanggal 9 Juli 2012 putuku sing mlebu SMP, melu kegiatan masa orientasi siswa, MOS.
Suwene telung dina. La sing kudu disiapake peserta kudu nganggo atribut kaya ing ngisor iki :
 1.Topi : digawe saka bal plastic ukuran gedhe disigar dadi loro. Bagean ndhuwur dipasang bal pimpong, dicet / dkelir manut kelompoke, lan diwenehi tali raffia , kelire manut kelompoke.
  2.ID Card : digawe saka karton ( kelir ya kudu padha karo kelompoke), foto close up anyar, tali raffia. Carane nggawe : karton dibentuk pojok lima pesagi, ditempeli foto sisih tengen, ditulis jeneng, panggonan lair, alamat, hobby,gegayuhan lan jeneng kelompok, dicencang nganggo tali raffia.
 3.Sabuk : digawe saka bungkuse jajan awangun pojok papat ( upamane jajan oreo lsp ), tali raffia. Carane nggawe : bungkus jajan dijepret siji-siji ing tali raffia.
 4.Tas, sing digawe saka karung glepung, tali pramuka, bal pimpong. Carane nggawe : tali pramuka ditalekke ing saben pojok karung, sadurunge iku bal pimpong dilebokke ing saben pojok karung.
 5. Slayer : kelir kudu padha karo kelompoke.
 6.Bal plastic cilik ,sing biasa dianggo adus bal ( wong adus wae kok nganggo bal ta ya ), akehe lima.
 7.Balon ukuran gedhe akehe telu. Sejene kasebut ing ndhuwur, kudu nggawa buku tulis, ballpoin, spidol , lan ya mesthi wae sangu kanggo mangan lan ngombe. Entek pira lan pirang jam wira-wiri sarta nggawene atribut ora apa-apa, pancen ya ngono aturan saka panitia MOS, mung iki sadrema usul lo, apa ora luwih apik nggawa tanduran sing migunani idep-idep penghijauan ? Dhuwit kanggo atribut thok yen ditotal ora kurang saka seket ewu repis, dak kira cukup yen kanggo tuku tanduran. Kari milih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming