Sabtu, 28 Juli 2012

kethek ireng diburu lan dikonsumsi....

Satwa endemik Sulawesi , kethek Macaca nigra, kaancam tamat akibat diburu masyarakat mataun-taun. Populasi kethek sing diayomi iku anjlok ngeget jroning wektu 30 tahun wekasan. Harry Hilser, manager proyek nylametake Macaca nigra, ing Manado (25/7), mratelakake yen perburuan manungsa marang satwa langka iki angel dicandhet.” Yaki (kethek) awarna ireng njanges lan ndhase duwe jambul nyaris ora duwe buntut, terus diuber lan dipangan masyarakat.” ujare.
Kethek ireng uga didol ing sawetara pasar ing Minahasa lan Tomohon. John Tasirin, program Studi Kehutanan Fakultas Pertanian Universitas Sam Ratulangi, njlentrehake yen mudhune populasi mau amarga diburu terus lan sudane lahan alas ing sadawane Bolaang Mongondow, Minahasa lan Bitung. Manut Tasirin, perburuan kethek ireng bebas banget. Ora ana tindakan hukum kanggo wong sing nindakake mburu kethek mau. “ Nate ana kasus perbburuan sing ditangani pulisi, nanging yakuwi banjur diculne amarga mburu yaki wis dianggep biasa “ jarene. Manut Harry sasuwene 30 tahun, populasi kethek ireng suda signifikan. Penelitian taun 1980 nuduhake, ishih ana Macaca nigra saben kilometer pesagi lahan alas ing Bolang Mongondow lan Minahasa. Sangang taun candhake nyisa 76 kethek. Taun 1998, populasi kari 26 kethek saben sakilometer pesagi. Ing alas lindung Tangkoko, jumlah Macaca nigra terus suda. Tahun 2000 isih nyisa 1.900 saka 3.000 kethek (kps27712-k12-pjbzal).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming