Sabtu, 28 Juli 2012

ING NGENDI MANUK BANGO BIRU DITEMOKAKE ?

Manuk bango biru sawijining kewan sing nengsemake amarga ukurane sing gedhe lan sapari polahe sing gagah. Manuk mau manggon ing rawa-rawa lan ing muara kali nanging bisa uga ditemokake ing kolam lan anake kali. Bango sing paling gedhe yaiku bango Amerika.
Bango iki dhuwure kliwat saka 1,2 meter lan elare yen diegarake nganti 1,8 meter.Manuk raseksa sing gawe eram iki bisa ditemokake ing saindhenge Amerika Lor, kalebu Pulo Galapagos ing Pasifik, sebagean Eropa lan mabur ngliwati Atlantik ing Azores. Bango biru salah sawijining spesies kang tinemu ing buku panduan klasik abad ka-18 karangane Linnaeus, Systema Naturae.Bango biru umume mangsa iwak-iwak cilik. Cucuke sing dawa nguntal iwak diwiwiti saka endhas. Panganan liyane yaiku kodok, salamander, kadal, ula, manuk cilik, kewan sing ngrikiti lan serangga.
Manuk sing penampilane “ anggun “ iki biasane kawin ing wiwitane mangsa semi lan manggon ing jroning koloni , ing kono mau wis ana atusan pasangan. Manuk bango biru milih wit pinus, ek, lan sycamore kanggo ngawe susuh. Endhog bango biru lumrahe netes sawise 28 dina. Wong tuwane sakloron bareng-bareng ngrumat anake lan nggolekake pangan.Anak bango lagi bisa ninggalke susuh sawise 60 dina lan miwiti lelana nggolek panguripan anyar.Umure rata-rata 15 tahun (kps22712-12-pjb)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming