Rabu, 25 Juli 2012

SAPA SING NEMOKAKE GANTOLE ?

Otto Lilienthal lan Francis Rogallo loro-lorone dikenal minangka” bapak gantole “. Pioner penerbangan Jerman Lilienthal yaiku paraga wiwitan sing kanthi ilmiah njelasake pigunane papan sing mlengkung ing elar lan uga efek tekanan hawa. Lilienthal nindakake atusan penerbangan nganggo gantole sing bentuke mirip manuk kang dadi inspirasi gantole modern wektu iki.
Orville lan Wiblur Wright ndomblong karo warta penerbangan kasebut . Nalika Lilienthal tiwas jroning penerbangan gantole tahun 1896, Wright karo dulure duwe inspirasi kanggo nindakake kajian sistimatik ing bab penerbangan sing ing pungkasaning bisa dadi pengembangan penerbangan nduweni tenaga ing tahun 1903.Francis Rogallo, sawijining inventor lan insinyur kebangsaan AS, kanggo sing wiwitan ngrancang sail gliders kanggo NASA, minangka salah siji metode aman kanggo pesawat ruang angkasa kang ndharat ing bumi. Penerbangan wiwitan kanthi nggunakake elar fleksibel dirancang dening Rogallo lan sisihane, Gertrude, ing tahun 1948. Rogallo banjur matenke rancangane iku ing tahun 1951.Wektu iki, para “penggantole” sadonya nggunakake gantole kanthi maneka warna rancangan, kabeh mau asumber ing riset Rogallo bab elar sing luwes. Sekolah gantole sing paling gedhe sadonya ana ing bukit pasir ing Jockey Ridge State Park ing North Carolina, ora adoh saka lokasi Wright Bersaudara kang wiwitan mabur nganggo gantole gaweane dhewe.(kps15712kc12jb)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming