Kamis, 29 Maret 2012

KUCING TOM SING ORA LUCU

Wira-wirine kombang Tomcat pancen gawe geger genjik tenan.Korban sing kena encere racun saka weteng kombang iki saya dadra .
Nganti wektu iki, laporan wilayah ing populasi Tomcat saya nyebar mrana-mrene angel dibadhe.Wiwitane ana ing Surabaya lan tlatah kiwa tengene wae, nanging banjur ngambra-ambra tekan Jawa Tengah malah wis ngancik tekan Jawa Kulon barang.

Tomcat(rove beetle=Inggris), satemene wis dikenal masyarakat padesan minangka Semut Kanai utawa Semut Kayap. Dijenengi Tomcat amarga bentuke mirip pesawat tempur AS, Tomcat F-14.
Tomcat nduweni warna ing wetenge nyolok banget, nandhakake yen pancen nduweni racun. Racun Tomcat jenenge Hemolimfi, lan ngandhung toksin sing jenenge paederin. Ujaring kandha, racun mau ping 12 luwih mbebayani wisane ula cobra.

Wong sing kena racun mau, bisa ngalami iritasi, kulit mlepuh, abuh lan abang. Ciri Tomcat yaiku sirahe warna ireng, dhadha lan wetenge warna oranye, lan duwe elar kebiruan. Ya amarga duwe elar iki, Tomcat bisa katut angin sing banter nganti tekan ngendi-endi.
Panggonan uripe ana ing lahan pertanian, lan sering ngrusak tanduran upamane pari. Kaya serangga liya Tomcat uga seneng sunare lampu. Ya iki sing nyebabake akeh Tomcat mlebu omahe warga ing wanci bengi, lan nyebabake wong-wong kena racun.
Kanggo nanggulangi supaya Tomcat ora mlebu omah satemene gampang, yaiku kanthi cara nutup kabeh dalane kombang iki, sadurunge nguripake lampu ing wanci bengi.
Ana cara maneh supaya ora kena racun yaiku aja mithes awake, sebab racune bisa metu saka awake mau.Sing perlu digatekake yaiku aja ngoseri-oseri odol, minyak tawon utawa obat sing ora nganggo pituduh dokter. Sing kena racun Tomcat mau,cukup digebyur nganggo banyu lan disabun supaya racune ora bisa nempel ing kulit lan racun mau bisa katut iline banyu.(manekawarna sumber).

Senin, 12 Maret 2012

Materi ujian sekolah SMPN 2 Surabaya, tahun 2011-2012

Kanggo ngadhepi ujian sekolah wulangan Basa Jawa, iki sing kudu disinaoni. Materi kedadean saka kelas VII, kelas VIII lan kelas IX ( 10% :20% :70% ).
1.Saka kelas VII , 5 soal.
1.1.Bisa nyritakake maneh isi warta, kanthi mangsuli pitakon.
1.2.Bisa mangsuli pitakon sing ana gandhenge karo informasi.
2.Saka kelas VIII, 10 soal.

2.
1.Bisa nyebutake isi wacan kanthi mangsuli pitakon.
2.2.Bisa negesake tembung-tembung sing angel .
2.3.Bisa negesake tembung sing angel ing geguritan
2.4.Bisa nyebutake isi geguritan, kanthi mangsuli pitakon.
3. Saka kelas IX, 35 soal.
3.1.Bisa nyritakake isi drama tradisional kanthi mangsuli pitakon.
3.2.Bisa nyebutake budi pekerti drama modern, sing bisa ditindakake ing panguripan saben dina.
3.3.Bisa nyebutake bagian saka teks pidato.
3.4.Bisa nyritakake maneh isi informasi wacan kanthi mangsuli pitakon.
3.5.Bisa nyebutake pathokan tembang macapat (guru gatra, guru lagu lan guru wilangan ).
3.5.Bisa nyritakake maneh crita wayang, kanthi mangsuli pitakon.
3.6.Bisa ngerteni isi pacelathon, kanthi negesi tembung sing angel.
3.7.Bisa nemokake gagasan utama ing wacan fabel.
3.8.Bisa nulis aksara Jawa, kanthi maca soal nganggo aksara Jawa.
3.9.Bisa nggawe ukara nganggo tembung sing dituls nganggo aksara Jawa.
3.10.Bisa ngerteni isi geguritan, kanthi mangsuli pitakon.
3.11.Bisa nulis amanat sing ana ing geguritan.

Jumat, 09 Maret 2012

kelas pungkasan IX J


9j spendabaya 2011 -2012
Kelas IX j, wali kelase Ibu Sutarti, pelajaran SEJARAH .
Iki jenenge kanca-kancaku,aja lali lo rek ......
Afif, anissa, avinia, dadang,dessy, Diana, dimas, eka, fitri, husni, ilham, imam, lavenia, livia, septiyan, sarwani, mutiara, nadifah, nisrina, novia, nur ahli, prasetyo, chamdani, raka, reza, ririz, saarah, siti agustina, siti rizky, sofyan, surya, ulfah, varid, wahyu, wiwin, richard dammar.

Yen iki kelas IX i


9i spendabaya 2011 -2012
Wali kelase Pa kAchsan, jangkepe Mr Achsan Arief, guru Bahasa Inggris Iki lo kanca-kancaku :
Aditya, Akhitah, Almira, Anggita, Azhar, Bagus, Briliani, Briliant, Desy, Dony, Eggy, Fahmi, Farah, Fenty, Filial, Galang, Hutomo, Ilham, Karimah, Ken Ratu, Khumairah, Kurniawan, Novellino, Maudhina, Achsan, Hasbi, Faruq, Ghozy, Nabil, Okta, Anjar, Rachmad, Ressita, Saskia, Viki, Yolanda, Yusril, Zahra

Rabu, 07 Maret 2012

tahun kabisat

Tanggal 29 Februari,tanggal istimewa ?
Tahun 2012 wulan Februari sawijining dina kang istimewa ing penangggalan Masehi. Istimewane ya ana ing tanggal 29 Februari pas dina Rabu sawetara dina kepungkur. Tanggal iki muncul ing dalem wektu patang tahun utawa wolung tahun. Iki nandhakake yen tahun 2012 disebut tahun kabisat.Cikal bakal kalender Masehi sing digunakake nalika iku yaiku saka kalender Julian sing dikenalake wektu Julius Caesar ing tahun 46 sadurunge Masehi kanthi bantuan astronomi saka Aleksandria, Sosugenes.Ing kalender Julian, setahun dititeni minangka wektu Bumi ngubengi Srengenge, suwene 365,25 dina. Amarga kangelan lan ora praktis ngowahi tahun ing seprapat dina, mula setahun dijangkepi dadi 365 dina.

“Tahun sing duweni dina 365, disebut tahun basit utawa tahun cendhak “ jarene ahli kalender saka Program Studi Astronomi, Institut Teknlogi Bandung, Moeji Raharto, Selasa(28/2).Sisa 0,25 dina digabung dadi sedina wutuh lan ditambahke ing tahun kapapat. Amarga saka iku wulan Februari sing biasane mung duwe 28 dina, saben patang tahun didadekake 29 dina.
Tambahan sedina ing tahun kapapat iki, sabanjure saben tahun bisa dipara papat disebut tahun kabisat 365,25 utawa tahun dawa amarga nduweni 366 dina.
Ora tepat.
Pranyata wektu sing dibutuhke Bumi ngubengi srengenge ora tepat 365,25 dina, utawa 365 dina 6 jam kaya kang katetepake kalender Julian.Waktu sing tepat yaiku 365,242199 dina utawa 365 dina 5 jam 48 menit 46 detik. “ Astronom wektu iku durung bisa nemtokake wektu revolusi Bumi kanthi tliti,” jare Moedji. Wektu Bumi ngubengi Srengenge , adhedhasar wektu sing ditempuh Srengenge kaya-kaya ngubengi Bumi saka titik Aries nganti mbalik nyang titik Aries maneh.Iki diarani setahun tropis. Srengenge ana ing titik Aries katetepake ing tanggal 21 Maret. Tanggal mau minangka tandha tekane mangsa semi ing Bumi sisih lor lan mangsa gugur ing Bumi sisih kidul. Amarga anggone ngetung ora pas, mula saben tahun kekurangan 11 menit 14 detik. Pancen ing wektu iki ora krasa lan ora ana pengaruhe kalender sing digunakake, nanging yen digunakake nganti ewon tahun bakal krasa. Ing dalem wektu 1000 tahun, dina bakal mlaku 7,8 dina luwih cepet dibandhingne samesthine. Iki diwiwiti kanthi luwih cepete Srengenge tekan ing titik Aries saka asil petungan sadurunge. Bab iku bisa dirasakke akibat ora tepate mangsa semi sing teka luwih gasik yaiku tanggal 21 Maret. Majune wektu mau iya ana pengaruhe ing maneka warna kegiatan Agama, kanggo nemtokake dina sing duwe aturan khusus. Iki lelawanan karo tujuan digawekake kalender, yaiku kanggo nemtokake kegiatan kegamaan lan kapan diwiwiti mangsa.
Reformasi
Kahanan iki ndadekake Paus Gregorius XIII ing tahun 1582 Masehi nggawe anyar kalender Julian.Pathokan tahun kabisat ora mung angka tahun entek dipara 4, nanging kudu entek dipara 400 kanggo tahun abad ( tahun sing ping tikele angka 100 ).Iki marahi tahun 1800 utawa 1900 ing dalem kalender Julian disebut tahun kabisat, kanthi aturan anyar mau ora bisa maneh disebut tahun kabisat. Ing tahun 1600 lan 2000 isih disebut kabisat. Iki bisa agawe wong sing lahire ing tanggal 28 Februari, perayaan ulang tahune ora mung patang tahun sepisan, nanging bisa uga wolung tahunsepisan, kaya ing 29 Februari 2096 lan 29 Februari 2104, amarga tahun 2100 dudu tahun kabisat. Reformasi iki kasil ngurangi kesalahan etungan kumulatif dina. “ Yen ing kalender Julian ana kesalahan 78 dina jroning wektu 10.000 tahun, sawise direformasi tingkat kesalahane kari 3 dina jroning 10.000 tahun,” ujare Moedji.
Sawise ngetokake aturan anyar tahun kabisat, Paus Gregorius XIII uga nyuda 10 dina ing Oktober 1582. Mangkono mau ditindakake kanggo mbalekake kalender supaya pas karo mangsa sing arep teka. Saka tanggal 4 Oktober 1582 langsung diteruske tanggal 15 Oktober 1582. Dadi ing sejarah kalender Masehi, ora ditemokake tanggal 5 Oktober nganti tanggal 14 Oktober 1582.Cara mau memper karo sing ditindakake Pemerintah Samoala Tokelau ing Pasifik Kidul sing ngilangake tanggal 30 Desember 2011 kanggo ngepasake karo wektu ing Selandia Baru lan Australia, saka tanggal 29 Desember 2011 diterusne langsung tanggal 31 Desember 2011.
Cara anyar sing ditindakake Paus Gregorius XIII gawe system penanggalan iki diarani kalender Gregorian. Sanajan mangkono, sistem iki ora langsung ditrapke ing negara Rusia, China, Yunani lan Turki, lagi mengakomodasi kalender iki ing wiwitan abad 20.
Durung Pas.
Sanajan wis dikoreksi, kalender Gregorian isih ana kesalahan, yaiku telung dina dalem wektu 10.000 tahun. Kesalahan iki kedaden amarga ing wektu setahun kalender Gregorian akehing ina isih 365,2425 dina , beda sethithik karo wektu jroning setahun tropis sing nganti 365,242199 dina.
Ora pase iki disebabake anane gerak presesi utawa gerak sumbu rotasi Bumi sinambi ngubengi Srengenge. Gerak presesi ndadekake posisi titik Aries geser 50,2 detik busur saben tahun arah ngulon saka koordinat langit.
“Kanggo nggawe kalender kanthi akehing dina sing pas kanggo setahun tropis ora gampang.Akeh sing kudu digatekke, dideleng saka kepraktisan sing digunakake lan iya idialisme system kalender dhewe, “jare Moedji ( maneka warna sumber kps.29212 p14,iptek).
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming