Jam 12.00 wayahe mangan awan, mula
para pegawai ing kantor iku siji baka siji padha bukak bontotan masakane mantan
pacar. Sing ora sangu iya golek kantin lan warung kang ora adoh saka kantor .
Neng kutha gedhe kaya Surabaya iki maneka warna dhaharan lan
unjukan wis sumadhiya , arep dhahar lan ngunjuk
apa wae kari milih. Arep nggolek sayur asem ana, sayur lodheh ana , sega pecel
pirang-pirang , sega bebek ora kurang, soto ayam soto daging sasat saben panggonan wis cumawis. Apa arep ngersakke dhahar lonthong balap ditambah
sate kerang , kari takon mengko bakal
dituduhke ana ngendi panggonan sing dikersakake . Apa rujak cingur sing rada
amis sithik kae, mangga.
Pokoke saka rega sing paling murah nganti rega sing
paling larang jangkep kari nari kandel tipise kanthong. Para tamu saka njaba kutha
embuh iku tugas dines, apa para among
dagang, apa mung saderma mlaku-mlaku mirsani rejane jaman mesthi niteni
panggonan dhahar sing dadi klangenane. Para tamu mau banjur crita marang kanca
lan para sanak sedulur, yen tindak Surabaya arep dhahar sega bebek kana lo,
parkire kepenak pelayanane cepet, nanging yan kuwi yen wancine dhahar awan kudu
wani dhesek-dhesekan. Banjur sing wis langganan lonthong balap, iya elik-elik wose
paring penget supaya nyoba ing panggonan manut pituduhe sing nggawa warta mau. Semono
uga dhaharan liyane , iya dicritakake kaya mangkono, mula sing ngrungokake
padha penasaran lan kepengin mbuktekake bener orane warta mau.
Kabar bab dhaharan sing istilah kerene kuliner banjur bar-sumebar, awujud
reklame gratis kanggone pengusaha warung, restoran lan kantin .Kanthi cara
mangkono mau para wiraswasta padha njaga aja nganti kelangan pelanggan.
Kaya
biasane pak Insan nuju warung kang nyedhiyakake dhaharan sing dadi klangenane. Dhaharan remenane yaiku sayuran, embuh iku
sayur asem, sayur bening bayem lan sop. Ing
antarane sayuran mau sing dadi klangenane yaiku sayur asem. Manut ngendikane, sayur
asem karo tahu apa tempe goreng ditambahi sawetara sambel, rasane ora kalah
karo hamburger apa hotdog sing jarene panganan modern restoran ing mall kae.
Kaya-kaya menu sayur asem mau mujudake dhaharan
sing wis patent, dhaharan sing ora bisa dipisahake, dhaharan sing ora
ana tandhinge.Saupama sayur asem entek,
lagi aba menu liya yaiku sayur bening bayem. Yen sayur bening bayem ya
ngepasi entek, ya kepeksa sop, yen sop
ya entek lagi sayur lodheh, iku wae kepeksa banget. Dene iwake tahu tempe lan sawetara iwak kali lan iwak
segara.
Daging kambing lan daging sapi ora kersa, daging ayam wae milih ayam kampung, apa
maneh sing jenenge jerohan, wah disiriki tenan. Sesantine, aku kudu njaga awak, kudu waras aja nganti lara, dene umur sing
nemtokake ndhuwur, ngendika ngono karo astane nuding ndhuwur. Mula senajan
yuswane ing angka seketan ya isih kiyeng, isih tahes, arang-arang gerah. Ketambahan
maneh isih remen olah raga. Maneka warna
olah raga ditindakake. Renang tau, voly nate, senam iya ora keri. Nanging
samono akehe olah raga mau sing paling diremeni badminton.Embuh apa ana
gandhenge karo Indonesia sing tau ngrebut piala Thomas ping lima apa piye, apa pancen wis dadi pilihane ora ana
sing ngerti. Tau ngendikan ngene ” Aku badminton ki, yen mung trima telung gim wae ayo dak ladeni
“.
Kepungkur pancen ana kanca nyoba
badminton mungsuh pak Insan, kanca mau digawe menggeh-menggeh kalah semangat
kalah ulet lan trima kalah. Kamangka umure isih kepetung enom, isih nyandhak patang puluhan lan ya melu klub nunggal karo pak Insan. Pak Insan dhewe ya wis
ngelingke kudu sregep olah raga, yen latihan tekaa, aja mung turu mosok kalah karo wong tuwa. Nanging kanca mau
mung nggleges, kaya ora rumangsa salah. Badminton wae yen pas karep atine , wani turune, apa maneh olah raga liyane
aras-arasen. Pak Insan ya ora kurang-kurang olehe tutur-tutur lan paring
tuladha, nanging embuh apa sebabe kok ya ana kanca kantor sing nduweni watak kaya ngono. Pak Insan ya ora pinter banget, nanging umur samono
ing kantore pancen ora ana sing ngalahake.Yen badminton mungsuhe luwih enom lan luwih pinter, ya ngakoni kekalahane kanthi sportif.
Mung yen mungsuh antar instansi pak Insan gelem main nanging trima dobel.
Ing kantore sing dadi panutan olah
raga ya mung pak Insan mau. Mbayar nyewa lapangan ya pak Insan, yen arep
pertandhingan badminton sing ngurus ya pak Insan lan keperluan liya kalebu konsumsi.
Kanca liyane rumangsa manteb banget yen pak Insan sing mandhegani. Saben dina Ju’mat wektune senam esuk, mesthi
teka gasik dhisiki lan melu nata ubarampe sing dibutuhke.
Kaya awan iki olehe dhahar jan nikmat
banget, ketambahan hawane pancen panas. Srengenge sajake isih ora bosen-bosen
madhangi isine jagad, ngemban tugas sing diparingne karo Gusti sing akarya
jagad. Sayur asem lan es jeruk pancen dadi menu sing pas. Olehe dhahar leren
sawetara bareng ana kanca sing uluk salam,
“ Sugeng dhahar pak Insan .”ana
piyayi aruh-aruh.
“E walah panjenengan ta, kene- kene
” wangsulane pak Insan. Priyayi sabarakane banjur lungguh ing sisihe. Asmane pak Kamil, banjur
aba marang bakule yen dhahar kaya biasane yaiku sayur asem lan endhog dadar.
” Ngapunten pak, dadare telas,
kantun mujair dos pundi ?” omonge bakul karo nawakake.
“ Nggih mpun boten napa-napa,
sambele kedhik mawon” wangsulane pak Kamil. Karemane priyayi loro mau meh padha,
yaiku sayur asem, sayur bening lan sop.
Mung bedane yen pak Insan senengane tahu lan sawetara iwak segara, yen pak
Kamil senengane tempe, endhog dadar lan mujair .Piyayi loro olehe dhahar jan
nikmat banget. Lan ya mesthi wae pak
Insan sing rampung dhisik banjur mara mbayar menyang bakule, karo aweh tandha
yen mbayar kanggo wong loro.
”Pak sampun dibayari bapak niki ” bakule cluluk.
” Lo ya ta ? Aja pak, wis kana tindaka dhisik ”.Pak
Kamil iya mangsuli semu menggak. Banjur ngomong maneh
”Bu , sampeyan susuki pinten telase pak Insan,
mpun bu sampeyan susuki napa mesthine”. Si bakul sarwa repot, lan wekasane
manut panjaluke pak Kamil, tinimbang rame, apa maneh wiwit akeh sing teka, wayahe mangan awan. Batine mbok bakul wong
iki piye ta , dibayari kok ora gelem. Kamangka manut pengalaman, ana wong sing
paling seneng ditraktir, malah ana sawenehing wong sing ora gelem ngetokke dhuwit
, bisane mung nebeng,kamangka nduwe bayar dhewe lan bayare ya kalebu gedhe. Wong
loro pancen mong kinemong, lan padha njaga wates, ajen-ingajenan antarane siji
lan sijine. Pak Insan karo pak Kamil pancen dadi tepa tuladhane para karyawan
ing kantor iku.
*
Wektu lumaku terus, ora gantalan
wektu pak Insan ngadhepi pensiun, dene pak Kamil munggah jabatan nggenteni kalungguhane pak Insan. Manut
pambijine direktur , pegawai sing paling pas nggenteni
kalungguhane pak Insan ya mung pak Kamil, ketambahan maneh bareng direktur mau
gelem nampa usulane pak Insan. Pak Kamil dhewe iya ora kuwasa nolak, lan iya
rumangsa bombong amarga diwenehi kapercayaan kantor.Ya pancen ana rasa seneng
lan sedhih. Senenge munggah jabatan , susahe apa ya bisa kaya pak Insan ?
Sadurunge acara perpisahan lan serah
terima antarane pak Insan karo pak Kamil ,karyawan lan andhahane kantor mau padha rundhingan arep nyaosi souvenir apa sing
kira-kira pantes kanggo pak Insan.
Pancen wis cumawis dana kanggo adicara serah terima lan souvenir saka kantor,
nanging para karyawan kepengin nyiapake kenang-kenangan mligi.
Para karyawan iya nayogyani banget, banjur
wiwit tumandang gawe. Ora ana pilihan maneh lan ya kaya adat saben
sing dadi seksi sibuk pak Didik . Bapak putra siji iki pancen kena dipercaya
kejujurane. Didik ya njur wiwit mlaku, nyedhaki kanca-kanca diwiwiti sing
gampang dhisik dijaluki sumbangan. Diteruske urut lan gethok tular marang kanca- kanca supaya padha
partisipasi kanggo kegiatan iki.
Kanthi wektu sing ora suwe wis ngumpul dhuwit
sing lumayan. Kari sawetara sing durung diparani , yaiku Ramelan lan sawetara
kanca sing lungguhe cedhak pak Insan . Iki kudu ngati-ati, yen nganti kadenangan
utawa Ramelan matur marang pak Insan , rencana bisa buyar. Ing sawijining
kalodangan Didik ngomong karo Ramelan yen arep njaluk sumbangan kanggo
kenang-kenangane pak Insan.
“ Iya, aku ya sarujuk nanging dina
iki aku ora nggawa dhuwit “ wangsulane Ramelan.
“
Ora apa-apa, nanging , aja nganti
mireng pak Insan. Temen iki, serius . Wong siji iki pancen aneh, nyleneh,ora
umum, ora gelem disubya-subya. Kedadeyan kaya ulang tahune pak Insan sawetara
wulan kepungkur, aja dibaleni maneh. Aku ditimbali lan didukani, isin
banget sanajan olehe ndukani ora weruh wong liya” tambahe Didik.
“Iya, iya… mosok ora percaya karo
aku “ ngono karo klepat nglungani. Dene Didik nyawang kanthi kebak wibawa.
Ditutupana rapet ora wurung warta
bab sumbangan kepireng karo Pak Insan. Nalika Didik kledhang-kledhang nggawa
map, banjur ditimbali. Gelem ora gelem kepeksa lungguh, durung-durung rumangsa
salah.
” Pak Didik, aku krungu jare arep
padha urunan kanggo aku , apa bener warta mau ? ” pitakone Pak Insan kanthi
kebak wibawa.
” Boten kok pak, bapak mireng saking
sinten ?” Didik genti pitakon, diwanek-wanekake, atine sajak ora kepenak.
” Ya ana sing kandha , ora perlu dak
sebutke ” wangsulane pak Insan kanthi alus. Njur ” Sing diasta map kuwi isine apa,
apa perlu tanda tanganku ?”tambahe maneh, Didik rumangsa kepepet.
”Sanes menapa-menapa kok pak, namung
daftar kanca-kanca ingkang badhe ndherek wisata dhateng Yogya ”. wangsulane pak
Didik goroh, ah kok sarwa salah, nanging wis ketrucut.
” Ya wis, yen ngono aku tak melu,
aku daftaren ” Pak Insan ngendikan lan ya rada gela dene karyawan sing kondhang
jujure iku wis wani goroh. Map isih
pancet dipangku, Didih meneng blangkemen .
” Ngene ya pak Didik, mbok terus terang wae,
ora apik ngono kuwi . Lis sumbangan iku cukup mandhek tekan kene wae , aja diteruske,
mesakke sing ora duwe. Karo maneh sing jenenge sumbangan ya aja ditemtokke
nominale ta. Isih akeh sing perlu butuh bantuan, malah kae sapa kae bu Yuli kae
durung diangkat pegawai tetap, sing kakung
dipehaka lan anake bar opname ngentekke ragad sing ora sethithik. Saupama, iki saupama lo, upama disumbangke bu Yuli wae, kira-kira kepriye ?” pamrayogane Pak Insan . Didik isih
meneng rumangsa salah. kringete wiwit metu sanajan ruangan mau dipasang ase.
Pirsa yen Didik ora mangsuli, pak
Insan nambahi ” Wis saiki mangga
dirundhingke karo kanca-kanca , iku usulku. Muga-muga kabeh sarujuk marang
usulku mau ”.
Didik meneng sawetara, terus matur
sajak kisinan ” Inggih pak, nyuwun pangapunten, kepareng ” ature Didik , pak
Insan manggakake, wong loro salaman. Didik ninggalake ruangane pak Insan.
Rencana sing digantha-gantha arep gawe senenge atasan buyar, durung mengko
bakal ngadhepi kanca-kancane. Didik kudu nemtokake pilihan, kudu tegas, kliru dalan
sida gegeran tenan mengko. Apa maneh kancane akeh sing isih enom, tingkat
emosine isih dhuwur.
Kanca sing durung diparani tetep dijaluki sumbangan, dene mengko diwenehke pak Insan arupa souvenir apa
sebagian diwenehke Juli arep konsultasi karo pak Kamil lan sawetara kanca sing
bisa dipercaya. Didik ora arep nggoleki sapa sing lapor pak
Insan, nanging yakin bener ana kancane sing ora bisa dipercaya, ana sing mblenjani
janji . Pandumuke sapa maneh yen dudu
Ramelan , kanca seprana-seprene sing imbas-imbis mangro tingal ora bisa dicekel
guneme. Tangane gatel rasane kepengin
mithes-mithesa wae.
Karo mlaku nuju ruang kerjane, Didik mbatin yen pak Insan iki aneh, wong aneh, aneh
ning nyata.
(cuthel)
.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar