Senin, 21 Desember 2015

Cathetan ing pungkasaning tahun 2015


Ing tahun 2015 iki akeh banget kedadean kang ora bisa dak lalekake.  Wiwit kegiatan komunitas sing dianakake saben wulan ing  komunitas pensiunan sawijining bank anggonku bayaran nganti ing sasi  Desember iki akeh kedadeyan sing ora kinirakira . Sing dak elingi antara liya Wiwit sedane budhe Wiri ing Bodhak Panggul, laire putuku sing ana Bekasi. sedane Eyang Suparto Brata sawijining  sastrawan Basa Jawa kang wis go internasional nganti putukusakloron  kang melu aku.
 Ing kurang luwih meh nem wulan aku kepeksa pindah menyang Kota Delta Sidoarjo, amarga sawijining bab kang ora bisa dak selaki. Dene sebabe apa aku pindah, saka kutha Surabaya menyang Sidoarjo mung aku dhewe sing ngerti.. Kedadean kang ora dak lalekake, kabeh bisa kanggo kaca brenggala........................
Foto -foto sebagian albumku ing tahun 2015.
1.Putuku ditanggap elekton ing omahe kancane 
2. Kanca pensinan nalika anjang sana ing museum Empu Tantular kang manggon ing Sidoarjo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming