Jumat, 12 Juni 2009

Wayange kungpur.

WARTAWAN AMPLOP.
Sore iki rama Semar nimbali putra-putrane Gareng, Petruk lan Bagong. Kanggone para putra Karang kedempel ya rada kaget mesthine saben seminggu sepisan diparingi wejangan kok iki lagi telung dina ditimbali. Bareng wis pada ngadep , rama Semar wiwit ngunandika.
"Ngene ya ngger, apa sebabe kowe kabeh dak timbali amarga ana warta sing ora ngenakake , ya iku ana sekolahan kang narik beya tanpa menehi keterangan sing ora jelas. Anggone narik sumbangan mau ora lelas juntrunge nganti lapor menyang wartawan, la iki . Yen nganti warta mau bener lan kabar mau klebu kalawarti , jenenge sekolah mau mesthi ajur, ora wurung ramamu ya katut ketiban awu anget. Kamangka aku wis ora kurang-kurang anggonku nyukupi prabeya apa bae supaya operasi sekolah bisa lancar ora narik sumbangan apa wae marang murid .KoweNala Gareng sing kajibah dadi pengawas sekolah kepriye, apa kabar mau bener ? Matura sing trawaca ngger , matura apa anane ngger aja ditutup-tutupi".
"Rama semar, adhiku Petruk lan Bagong, aku arep matur nanging panjenengan mengko sing paring kawicaksanan amarga kabeh mau ana ing asta panjenengan. Ngene, pancen bener ana sekolah sing narik sumbangan awit sekolah mau butuh biaya kanggo foto copy ijasah legalisir kanggo acara perpisahan lan liya-liyane. Kanggo murid sing ora mampu dibebasake nanging yakuwi suk yen nampa ijasah ya mung ijasah thok ora ana foto copy ora diwenehi map, dene kanggo acara perpisahan ya ditanggung bareng-bareng, saka murid ya kabeh mau kanggo murid. Dene biaya saka rama Semar, wis ana pose dhewe-dhewe apa rama wis kesupen? "
Rama Semar : O......ngono ta, dadi cekake ana wali murid sing salah paham ngono ta. Ora ngerti dodok selehe lapor wartawan, la wartawan ana lalonggaran supaya oplahe mundak lan korane dadi laris. Terus, kepala sekolah mau bareng ditekani wartawan, kepriye thole?"
Nala Gareng "Bareng wartawan mau teka ing sekolah, dijelaske bab sumbangan mau nganti tuntas...tas, lan si wartawan dipesen saupama ana walimurid sing lapor aja kesusu diamot ing korane kudu diklarifikasi dhisik, lan wartawan ya ngenggana.Dadi bab warta bab wartawan amplop mau ora bener kok rama. Ya mung saka keparenge kepala sekolah wartawan mau diparingi sangu kanggo tuku bensin. Pokoke bab sekolah mau dak anggep rampung , rama Semar ora sah menggalih sing ora-ora , pasrahna putramu Nala Gareng bab sekolah sing narik sumbangan , lan aku ya percaya karo laporane kepala sekolah sing dak bawahi lan aja ngendika wartawan amplop, wartawan isine amplop, mesakke wartawan sing nemahi seda siya-siya ing Bali ".
Rama Semar "Wis thole, aku percaya kowe ngger lan sing padha ngati-ati anggonmu nyambut gawe apa maneh ngenani dhuwit, wah rawan banget thole...... la kae ndara Abimanyu wis rawuh, ayo dipanembrama thole"
Gareng, Petruk lan Bagong :.....ayo rama".
Tancep kayon.

2 komentar:

  1. Niku rak crita wonten Karangkedhempel. Kira-kira napa sami kaliyan wonten Republik Indonesia ?? Jan-jane mono gaweyan wartawan niku rak mung takon thok ta. Selawase urip kula nggih dereng tumon wartawan ditakoni niku. Lha nek wong takon, nggih dijawab mawon. Ampun repot-repot.

    BalasHapus
  2. Paling-paling nggih wonten pak Ugeng, wong namine tiyang.Punapa malih bab amplop, jane boten penting amplope......ning isine menika lo. Eman sampun tancep kayon.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming