Kamis, 11 Juni 2009

Kelas IX SMPN 2 Surabaya

PENGUMUMAN KELAS IX SMPN 2 SURABAYA.
INFORMASI BAGI KELAS IX TENTANG ACARA PELEPASAN /PERPISAHAN .
.Perpisahan dilaksanakan pada tanggal:18 Juni 2009.
.Tempat:diatas kapal :KRI MAKASAR . Senin tanggal 15 Juni 2009 seluruh kelas IX masuk sekolah pukul 07.00 .
.Setiap kelas IX wajib menampilkan atraksi bisa berupa musik, tari, drama dll.
.Untuk penampilan tersebut hubungi bapak Eddy Santosa, S.Pd(koordinator seni]
.Pendaftaran penampilan paling lambat tanggal 15 Juni 2009.
.Berkumpul disekolah pada hari Kamis, tanggal 18 Juni 2009 jam 07.00, berangkat
bersama-sama dari sekolah.
.Pakaian bebas rapi bersepatu, sopan .

PANITIA

10 komentar:

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. kumpul di sekolah dulu ya pak ,, pake baju bebas ??

    BalasHapus
  3. Iya Ditta,aja lali nggawa jajan kanggo eyang Pur.

    BalasHapus
  4. TAMAN KU
    Nalika daksawang tamanku kang asri
    Endhum ngresepake mata
    Akeh macane kembang
    Mawar, melati, lan aggrek
    Mbarai tawon pada kasemsem
    Lan srengenge sumringah ndeleng tamanku
    Atiku ayem tentrem
    Ndeleng tamanku sing seger lan ijo royo-royo
    Ora ana tandingane
    Amargi tamanku paling indah saka taman laine

    Siti Fatmawati
    IX B / 36

    BalasHapus
  5. ILIR-ILIR

    kabeh manungsa
    kabeh janma kang urip
    mesthi
    tekan papan kuwi
    ora ngerti rama
    ora ngerti biyung
    ora ngerti anak-bojo
    ora ngerti putu
    ora ngerti embah
    ora ngerti sedulur
    ora ngerti awake dhewe
    kabeh sarwa putih
    samar
    kumleyang
    “pesthi Gusti”
    Farah Amelia
    IXB/16

    BalasHapus
  6. RON GARING

    Wengi sansaya atis
    nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
    kang digawa dening angin

    prasasat tan kendhat
    anggonku kulak warta adol prungu
    ananging isih mamring

    aku wis pingin cecaketan
    obormu kang makantar-kantar
    madhangi jangkah lan jagatku

    ana ngendi papanmu
    lelana tapa brata
    tanpa pawarta tanpa swara

    aku kadya ron garing
    kumleyang kabur kanginan
    ing jagat peteng lelimengan

    krasa luwih abot
    anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
    mlakuku ora mantep

    kagubet ribet lan ruwet
    adoh .
    -Rshynta v.d 9B/32-

    BalasHapus
  7. pak pur , niki kulo hendra setiawan kelas 9E absen 22 , lan niki geguritan kulo .

    SIJI SURO

    wit-witan jumedhul saka ngakasa
    maneka warna godhong lan woh-wohane
    kebak aksara kang wis katulis
    bisa diwaca lan ora bisa diwaca
    kadhang katon kadhang ora
    gumantung padhanging netra

    banyu segara malih dadi seksi
    kanthi cahya kang madhangi
    kitab adammakna
    tan ana kang keri
    tan ana kang keliwatan
    kacathet nora bakal ilang

    mbulan wis katon ngilo ana tlaga
    nggawa dluwang resik tanpa aksara
    kumleyang sakdhuwure sirah
    mabur sakparan-paran
    angiteri jagad

    BalasHapus
  8. Pak, kulo Denisa kelas 9B absen 10
    niki geguritan kulo...


    UDAN WAYAH SORE


    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu

    BalasHapus
  9. Pak kula Fara Valeyria (9B/15)
    Niki geguritan kula

    PEPADANG BAKAL TUMEKA

    angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
    mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
    bumi kang kapidak kebak sinengker
    anggawa ganda bacin
    manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
    peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

    wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
    pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
    kanggo kita sami jalma manungsa
    kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
    amadhangi sakendhenging jagat raya
    mara gage kita sami tumenga ing angkasa
    mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
    kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
    mangestu nampi pepadhang .....

    BalasHapus
  10. pak pur niki geguritan kulo
    Ica dwi restiani IX-bhe/19

    BANJIR
    Banjir ngalir deres.......
    saka kali sebrang
    amarga,kelakuane manungso
    lan nyusahake dheweke dhewe
    banyu segara amber mlember
    yen sang kuasa wis murko....
    manungso ora biso opo-opo............
    mugi mugi manungso isa sadar
    marang kalakuan sing ala iku

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming