Kamis, 23 Juli 2009

crita misteri


DI GUGAH MAS GEN
Crita iki dak alami nalika aku dekor ing sekolah kanggo pertemuan mantan kepala sekolah, guru lan karyawan (PAMANPALARUWAN) SMP2 SBY. Sing ngutus pak Ramelan (kadospundi pak Ram kabaripun, taksih nyerat wonten kalawarti inggih)Wiwit awan wis dak siapke
kabeh ubarampe kayata manila karton,lem, kain kanggo dasar tulisan lan liya-liyane.
Nanging embuh apa sebabe kok ora rampung-rampung ,apa wis tuwa ki pa piye karo ma-
neh kok ya tumben ora ana sing ngrewangi. Nganti jam 10.00 bengi lagi rampung lan
kari nempelke ing kain sing wis dipasang dik Kasmiran karyawan sekolah.Rampung,na-
nging ya kuwi, arep mulih wedi katik ngliwati dalan sing rawan.Ya wis turu wae ing sekolah, ing ruang guru ya kena ing teras sekolah ana pak No, malah ing pos satpam ana pak Rus karo nonton TV.Wiwitane aku turu ing meja guru, nanging kok ora jenak, ijen pisan. Banjur pindah ing ngarepe teras cedak pak No, ing kono ya turu
nanging mung ketha-kethip thok, lan kademen mangka wis kemulan jaket.Amarga ora bisa turu, aku pindah maneh menyang ruang guru, ora turu ing dhuwur meja, nanging gelar klasa sing magrib mau dak anggo sholat mapan ing cedhak lawang.Embuh saking keselku
aku les turu, nanging rumangsaku panggonan sakiwa tengenku kaya ana lindhu lemah sing nggo turu kaya horeg kaya ana sing gugah-gugah lan krungu kaya wong ngeses wus-wus kaya nggusah pitik, aku gregah tangi, dak deleng jamku jam 03.25 menit.Aku banjur tangi lungguh tenger-tenger,banjur marani pak No. Boten wonten napa-napa pak Pur paling kesayahen ngono pak No menehi komentar.Dina Senin aku crita kanca-kanca,warna -warna komentare," pancen ana mbah Pur, ngarepe kopsis iku rak omahe mas gendruwo,sajake gendruwo mau gugah-gugah ndang sholat " ngono pak Nursawi melu urun rembug.Embuh ...mangga komentar percaya apa ora sumangga.Sing jelas yen ana tugas sekolahan lan kepeksa turu ijen aku mikir-mikir .....

1 komentar:

  1. hlah pak yen mung mas gen aku wis rada sering malah yen mulih saka les iku aku liwat mburih omah sing kabehe kebun kebun rungsep sing akeh demite pakkkk...yen meruhi sing ngono iku wis dadi panganan pak.....naning iku mau ning omang mboten ing sekolah......

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming