Jumat, 10 Juli 2009

Pasca pilpres.


KOMENTARE MBAH PETRUK.
Jum'at tanggal 10 Juli 2009 omahe Petruk Kantongbolong ditekani kangmas Nala Gareng lan rayi kinasih Bagong.
"piye kakangku Gareng lan adhimas Bagong, panjenengan sakloron wis nyontreng ta ?"ngono ki lurah Petruk mbukani rembug.
"Uwis dhi,la iki mangsine ish durung ilang"ngono Gareng mangsuli.
"Jenthikku tambah dak clupke meh setengah driji kakang, saking senengku"Bagong emoh kalah.
"Wah ya apik kuwi, ing TPS panjenengan sakloron aman ta?"
"Aman kok dhi,mung wae ana warga sing ora bisa teka ,amarga ana kaperluan utawa alasan sing awake dhewe ora ngerti".
"Ing TPSku malah diparingi aqua barang, kok kakang, bener kakang Gareng ana warga sing ora nggunakake hake. Kakang Petruk dadi ketua KPPS, apa ana masalah? Crita kakang "


"Iya dhi Petruk critaa, e mbok manawa bisa kanggo pangeling-eling kanggo anak putu" ngono Nala Gareng aweh pamrayoga.
"Iya...iya . Ngene ya kakang Gareng lan adhiku Bagong.Pilpres wis rampung,ayo ditunggu asile.Pancen wis ana hitung cepat nuduhake yen calon nomer 2 menang kanthi prosentasi sing meyakinkan.Hitung cepat ana sing pro lan sing kontra,malah sing kalah ngudal-udal yen pilpres ora beres, akeh kecurangan akeh pelanggaran.Manut aku, iki aku lo kang Gareng lan adhiku Bagong sing rumangsa dicurangi mbok ayo dirampungke liwat jalur hukum kanthi bukti sing otentik, mengko hukum sing bakal mutusi perkara iki.Yen hukum wis aweh vonis, kita kabeh kudu nglenggana. Rakyat wis dewasa kok.Iku salah sijine dalan kanggo ngrampungake masalah.Yen terus-terusan rebut bener embuh iku ing media cetak lan media elektronik ora bakal rampung, wong padha ahli wicara.Karo maneh KPU nemtokake tanggal 23 apa 25 Juli 2009 bakal menehi keterangan resmi, ayo ta ditunggu kanthi sabar.

10 komentar:

  1. ing panggenan sanes .....
    .
    .. anakku limbuk, bocah ayu thiplug-thiplug, kowe nyenthang gambare sapa ndhuk?
    .. aku keturon je, mami ..
    .. ra mangkat?
    .. ora, mam, dhasar ya rada wegah, lha wong ra ana gambare mas cakil klanthangmimis kok ..
    .. woooo, ra nggenah tenan ...
    .. karo maneh, mam, wis ana sing nyulihi aku karo kanca- kanca, drijine diclup mangsi kabeh ..
    .. kok ngerti kowe?
    .. nang teve ana gambare, mamiiiiii ..

    BalasHapus
  2. Mas Suko matur nuwun rawuhipun, wah paraga ringgit saya kathah lan lampahanipun saya sae.Salam.

    BalasHapus
  3. Mbah Pur,
    Salam saking Manila. Wah kula malah mboten saged nyoblos je.

    BalasHapus
  4. Mboten nyoblos mboten menapa-menapa kok Ki Ageng,matur nuwun kersa rawuh wonten kacamaya kula, mugi-mugi rahayu ingkang pinanggih.Sugeng ngayahi jejibahan, nuwun.

    BalasHapus
  5. Jebule Mas Paromo yo pinter dadi punokawan, Monggo Pak Pur sami gegojegan kangge jampi sayah lan jampi stress.

    BalasHapus
  6. Matur nuwun mbahsuro, wah pancen kula ajeng-ajeng,alhamdulillah rawuh tenan.Nyuwun pangestu anggen kula ngayahi tugas sageda lancar ngantos purna... pensiuun......tansah pinaringan seger waras slamet amin.

    BalasHapus
  7. Kanggenipun mbilung, wis ben poro politisi podo geger genjik.
    watone negoro aman wong cilik biso golek pangan. nyandang lan mapan. Ayo mulo ojo podo gegeran, lanjutkan pembangunan, lebih cepat lebih baik, jolali karo wong cilik.
    Salam bilungsoroito.

    BalasHapus
  8. Matur nuwun mas Indro rawuhipun, wah bilung soroito kersa tampil saya gayeng para punakawan anggenipun gegojegan ...E enak-enak gegojegan dadak ana prastawa bom jeblug ing Jakarta, wadhuh...mbah Suro ...ki Ageng...pak Ugeng...mas Suko...mas Indro....badhe wonten kedadosan menapa malih menika ....dhuh Gusti kawula nyuwun pangayoman...

    BalasHapus
  9. langkung kaget malih mireng pawicantenanipun para prayagung ingkang kedahipun dipun tata murih saged damel tentreming manahipun para kawula ageng-alit, nanging kok malah kathah ingkang sami keladhuk ngumbar wicara adamel miris ingkang midhanget

    BalasHapus
  10. Mas Paromo, kula kok enget ngendikanipun eyang swargi nalika kula taksih sma " le... sing akeh dongane " kadosipun inggih namung donga menika ingkang kita andelaken, slaman slumun slamet mbrojol saking selaning garu ....

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming