Minggu, 02 Agustus 2009

PRITA MULYASARI


DAGELAN APA MANEH.
Sawise dinyatake bebas dening Pengadilan Negeri Tangerang,Prita kudu dadi pesakitan maneh amarga kebebasan mau dibatalake Pengadilan Tinggi Banten.Kabar kang ngagetake,
ditampa Prita Kamis sore 30 Juli 2009 kepungkur,nalika dheweke lagi gegojegan karo putra kinasih Khairan Ananta 3 th lan Rana Puandita Nugraha 1,5 tahun.Ujug-ujug HPne
ana nada getar, nomer pribadi saka kanca muncul ing layar ponsele.Sawise omong-omongan rampung,awake lemes tanpa daya.Praupan sing sakawit dikebaki rasa bagya mulya gembira, langsung pucet kadya dluwang.Kanca mau menehi weruh Yen Pengadilan Tinggi(PT) Banten mbatalake putusan Pengadilan Negeri(PN) Tangerang sing mbebasake3 saka tuduhan pencemaran nama baikTumuju RS Omni Internasional Tangerang.Sapa sing ora sedih, manut Prita kasus sing dianggep rampung pranyata isih diongkreh-ongkreh maneh, isih durung tuntas.Wis dikunjara 21 dina, dinyatakake bebas, e ora ana udan ora ana angin la kok arep disidang maneh, kathik wektu lan panggonan sidang ya durung ana kepastian."Aku durung ngerti kapan sidange, pengacara ya durung kandha marang aku"omonge.Manut Prita,keputusan PT Banten pancen ngugekake lan mbuktekake yen ora matone hukum pancen kabukten.Dheweke wis dinyatakake bebas lan ora salah, la kok iki diperkarake. Apa maneh persoalan bab surat elektrnik iku babar pisan ora ana gandhenge karo"pencemaran nama baik", iku mung curhat wae.Saking susahe Prita kudu pamit ora ngantor, kanggo nentremamke pikir."Aku kudu siap mental lan pasrah karo Gusti Allah"ngono omonge. Prita rumangsa yen kasus kaloro iki sepi pendukung kang nebeng pilpres.Capres telu sing golek simpati masyarakat kaya ana perlombaan nggatekake Prita.Ana sing besuk langsung ana uga sing aweh statemen saka kadohan.Mbah Petruk kadidene punakawan mung legeg, dagelan apa maneh iki? Apa bener payung hukum mung kanggo warga sing dhuwite kandel?(sumb.jp.Minggu 020809).

4 komentar:

  1. Donya punika panci panggung sandiwara. Ing wekdal punika nembe babak dhagelan. Inggih ngaten pak Pur ?

    BalasHapus
  2. Inggik pak Ugeng kabar wekasan antawisipun pihak RS Omni Internasional kaliyan Prita Mulyasari sampun islah , e... mugi-mugi kaleksanan lan mendung enggal sumilak.

    BalasHapus
  3. niki dereng goro-goro nggih pak.....

    BalasHapus
  4. Inggih dereng mas Dwi, mangke rak wonten perang brubuh, dhalangipun kirang sajen... ingkang medal namung Petruk kemawon.Wah matur nuwun kersa rawuh wonten gubug kula,mangga sami gegojegan wonten kacamaya,ngiras tambah pasederekan... nuwun.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming