Senin, 31 Agustus 2009

Aja dientekne


Bapak ,teyo.....bapak ,teyo
Ing omah iki anggota kulawargaku ana 5 yaiku aku,mantan pacar anakku nomer loro sing durung gelem omah-omah lan putuku loro.Putuku loro mau dak cekak wae jenenge Ricky umur 9 tahun sekolah kelas 4,lan adike jenenge Rival umure suk Nopember 3 tahun.Dene wong tuwane putuku(anakku nomer siji karo kakunge) golek rejeki ing jaban rangkah rencana suk riyaya 1430 H insya Allah padha teka.Putuku loro mau lucu-lucu, kadang rukun kadang tukaran, wong loro-lorone pada lanange kamangka let umure 6 taunan. Yen tukaran ya aku kudu ngguyu, kok isane bocah samono, bocah cilik padha dulure kok gelutan, paling aku biyen ya ngono..... Yen Ricky rumangsa kalah utawa ngalah banjur bengok-bengok " dhik.....dhik....., nanging yen si Rival sing kalah banjur nangis lan nggoleki eyange karo nangis mingseg-mingseg lan sambat;"....uti....uti... Yen ngono aku lan nyonyaku sing ora tega langsung dak gendhong yen ora gelem ya ngampok nyang utine. Putu loro mau sasat anakku dhewe, malah bisa-bisa ngalahi anak, ya piye maneh jare embah iku nggo tambah- tambah.Isih eling nalika anakku biyen dak terke nyang bandara Juanda " Wis pak/bu ndherek titip cah loro " aku dadi kasok tresnaku marang putuku loro mau. Minggu kepungkur aku nyambangi bapak/ibu marasepuh ing Mojokerto, lan kaya dat saben aku mampir barang perlu tuku buah kanggo oleh-oleh saperlune.Ya ing pasar mau aku mesthi nggoleki senenganku telo rambat sing wernane kuning lan sing ungu. Embuh karo panganan siji iki kok rasane kaya wong nyidham. Sorene bareng dak rasa wis cukup sowan bapak/ibu marasepuh,aku mulih, telo mau langsung dak kukus. Mateng langsung dak nikmati, pancen ya enak tenan, dene putuku ora dak wenehi wong panganan telo.Nanging utine ngandhani."Rival minta bapak kung, itu lo bapak kung punya...." e e.. Rival kok mara lan dak dulang lo kok gelem kok dungaren cah iki. Bareng adhike gelem telo si Ricky emoh kalah " aku bapak kung....." ee tibake gelem ta bocah iki. Lumayan wis gelem karo sing jenenge telo sanajan ora akeh. Lan ora krasa wsi bengi lan telo mau wis mlebu kabeh ing wetengku..... kok dremba temen ya.....Kira-kira jam sepuluh bengi ndadak putuku si Rival nglilir karo bengok-bengok" teyo.;"bapak teyo.. bapak teyo....hh mateng aku nanging aku ora ngrungokake.Lagi tangi bareng utine gugah-gugah ,telone pa entek, ki lo Rival nyuwun, dak wangsuli ya entek wong ya mung samono, utine takon maneh sing mentah ya entek..., dak wangsuli isih ana..... ya wis dak kukusne ..... karo ngarih arih si Rival, sik ya lee.......Rival manthuk kaya ngerti ngertiya..... Cekak cukupe bengi iku ngukus telo maneh , bareng wis mateng dak wenehke Rival, ini lo le teyone .....ya gelem mangan nanging ya kuwi ora sembada karo olehe nyuwun..... ora nganti separo nglepus maneh karo utine, wis lega beke...... wah pancene si bocah

2 komentar:

  1. wah..,pak Pur nderek tetepangan.

    Kulo nderek bingah panjenengan gegojegan kaliyan putra wayah ingkang sami cemlewo lucu2,mugi Gusti tansah paring berkah dumateng panjenengan sabrayat agung.

    salam rahayu.

    BalasHapus
  2. matur nuwun kersa rawuh wonten gubug kula, hiburan kok Yangkung, saking nyambut damel dipun papag putu raosipun kok bagya sanget inggih..... kados pundi keng wayah rak inggih sampun sekolah ta? Mugi-mugi tansah manggiha ing karaharjan, salam saking surabaya.nuwun

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming