KEBANTEREN NGOYAK BASA INGGRIS, NYEPELEKAKE KABUDAYANE DHEWE.
Maca andharane Mendiknas bapak Prof.DR.Bambang Sudibyo iku penulis kaget, sebab sekolahan-sekolahan kang diatur dening Depdiknas iku wiwit TK gandrung kepiyeng-piyeng, sajake nganti mendem anggone ngrungkepi basa Inggris. Bocah-bocah kelompok Taman Kanak-kanak wis padha lomba pidato nganggo basa Inggris.Wong tuwane boch-bocah kuwi mongkog yen bocah-bocah TK faseh ngucapake Good morning, Hello Maa, Okey.
Mendiknas nyentil kelas internasional iki mesthine kang dikarepake yaiku sekolah Berstandar Internasional kang migunakake basa pengantar basa Inggris. Yen sinyalemen iki bener, iki kejutan temenan. Sebab sing kuwasa ngatur persekolahan iki rak mendiknas. Yen pancen iku diakoni nyimpang, ora laras karo kabudayan bangsa Indonesia, kok diterusake! Kudu kita akoni yen jejer fungsine basa Inggris iku ing jagad Internasional.Sarta wigati kanggo ngedhuk ilmu jagadan. Nanging yan anggone ngoyak basa Inggris nganti ngorbanake kabudayan bangsa, apa karan mburu uceng kelangan dheleg.
Kaya-kaya kabeh bocah Indonesia mengko bakal mergawe kang ana hubungane karo basa Inggris. saka pangirane penulis 90% bocah-bocah iki kerjane informal lan butuh otot. Ing Yogyakarta ana ada-ada ngedegake Desa Kebangsaan lan Sekolah Kebangsaan. Desa Kebangsaan iki wargane dilangsir saka propinsi sa Indonesia.Desa Kebangsaan iki mujudake monument humanis kang becik. Tujuane cetha kanggo ngrabuk rasa kebangsaan sing wis rapuh. Sekolah Kebangsaan iku manggon manggon ing laladan kang biyen dadi papan pamulangan jaman Walanda yaiku Kwekscool Voor Inlander Onderwjzert, kang dipengeti papan Konggres Boedi Oetomo biyen.
Sekolah Kebangsaan iku mujudake winih kang bakal ditanem ing wilayah Indonesia sakabehe. Kajaba saka iku uga kanggo nuduhake, lan kanggo mbuktekake marang jagad internasional yen kebangsaan Indonesia isih ana. Kang positif banget yaiku ing Sekolah Kebangsaan iki edigrengsengake migunakake basa Indonesia kang becik lan bener.Sekolah Kebangsaan nanem kapribaden! Manut ngendikane mas Beni Setiawan, bocah Indonesia saiki wis asing marang kabudayan Nuswantara.Bocah Indonesia ing dina iki luwih nepungi lagu-lagu lan tari dancing ketimbang joged ketimuran. Bocah Indonesia luwih seneng roti burger katimbang klepon.Pendidikan kurang migatekake kapribaden! Basane bocah Indonesia ya wis morat-marit,singsal saka kabudayan ketimuran.
Basa iku pancen ngemot kabudayan. Yen bocah kebangeten anggone ngrungkepi basa Inggris, mesthi ketularan kabudayan kulonan.Contone yen ngulungake saweneh barang marang wong tuwa migunakake tangan kiwa, yen omong pecicilan ora ana subasitane/tatakramane lan sapanunggalane. Basa iku paling sethithik duwe aspek humanitis, aspek politis lan aspek kulturalis. Aspek humanis basa iku dadi piranti mahami peradapan lan kabudayan bangsane.
Yen bocah diwulang basa Jawa ateges nggegulang atur marang basa Jawa.Aspek politis basa iku nepungake bocah marang gegayuhan politik kebangsaan. Yen bocah diwulang basa Jawa lan basa Indonesia ateges nepungake gegayuhan basa Jawa sawutuhe. Mawa sarana piwulang basa Jawa lan basa Indonesia kang tumemen, bocah-bocah tartamtu maujud dadi Warga Negara Indonesia kang njunjung dhuwur keIndonesiaan minangka kabudayan ketimuran kang adiluhung lan santun.

(PSno.32/9 Agustus 2008).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar