Selasa, 08 September 2009
iki lo budayaku budaya indonesia
Malingsia.
Yen ndeleng cathetan iki,rasane ati ora bisa diselaki maneh ya pegel, gregeten,kepengin ngamuk, kepengin nesu....... coba hara wis nyata-nyata budayaku asli -sli INDONESIA kok tegane ngaku-aku/ngeklaim produk Malaysia.......mesthi wae ana demo sing nelakake ora simpatik karo Malaysia..ganyang Malaysia......ganyang Malaysia........
1957 .Lagu"Terang Bulan".
2000 .Gamelan saka Jawa.Klain lan eksploitasi komersial.
.Lagu"Injit-injit Semut" saka Jambi.
2005 .Badik Tumbuk Lada saka Riau, Deli, lan Siak.
2006 .Batik Parang saka Yogyakarta.
.Alat musik angklung saka Jawa Kulon
2007 .Wayang kulit saka Jawa dipentasake ing acara-acara kaya dene kesenian Malaysia.
.Rendang panganan khas Sumatra Kulon.
.Naskah Kuno saka Sulawesi Tenggara, Sulawesi Kidul,Sumatra Kulon,lan Riau
digawa menyang Malaysia banjur digawe versi online.
.Lagu"Rasa Sayange" saka Maluku .
.Lagu"Soleram"saka Riau.
.Musik Indang Sungai Garingglang saka Sumatra Kulon.Ditampilake Tim
Kesenian Malaysia ing acara Asia Festival 12-14 Oktober 2007.
.Tari "Kuda Lumping" saka Jawa Wetan.
.Lagu"Jali-jali" saka Jakarta, diklaim kaya dene lagu asli saka Langkawi.
2008.Reog Ponorogo saka Jawa Wetan.Klaim lan eksploitasi komersial.
.Kain Ulos saka Sumatra Lor.
. Keris saka Jawa.
Ora dingerteni taun klaim.
.Tari piring saka Sumatra Kulon.
.Lagu "Kakatua"saka Maluku, klaim lan eksploitasi komersial.
.Lagu "Anak Kambing Saya" saka Nusa Tenggara.
2009.Tari Pendet saka Bali, ditampilake ing iklan pariwisata Malaysia.
.Tenun ikat Sambas, sing dituku saka Kalimantan Kulon diedol ing Malaysia kanthi label made in Malaysia.
PANCEN ORA DUWE ISIN KOK MALAYSIA IKI, MULA WIS PAS YEN ANA SING NYEBUT MALINGSIA.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
wala pak.gamelane koq yang main bukan orang indonesia tho? piye iki.....
BalasHapusAku dhewe ya rada bingung, tapi kalau bingung terus jadi linglung......coba mas Gambrengword bingung nggak.......matur nuwun kersa rawuh wonten gubug kula,salam
BalasHapusboten sisah bingung prekawis punika pak, amargi yen wonten tiyang ndedaku gadahanipun tiyang sanes punika ateges tiyang punika kapribadenipun ringkih, samanten ugi tumrap ing negari, nagari malaysia punika nembe madik-madik jati-dhiri, nanging klentu marginipun.
BalasHapusingkang langkung mutawatosaken punika (nuwun sewu, punika pamanggih kula):
inggih boten sanes malah para putra kita, ingkang samangke tansaya tebih wawasanipun menggah ing budaya lan kapribaden jawi (wetanan/oriental) amargi jiwanipun kawon kablebeg dening benaning pangertosan-pangertosan 'asing'.
cobi, manawi kita gatosaken, pariwara ing teve meh sadaya ingkang dados 'sasaran tembak' inggih para putra-remaja, ingkang taksih gampil kelut-keyungyun dhumateng gebyar, tanpa tetimbangan ingkang pratitis lajeng dipun tiru makaten kemawon.
yen ing samangke taksih wonten para sepuh ingkang uninga bilih budaya A, B, C punika budaya kita ingkang dipun daku tiyang, lha ing tembe benjang punapa para putra inggih taksih mangertos utawi rumaos bilih D, E, F ingkang dados 'ikon' budayaning negari sanes punika saleresipun ugi budaya kita ?
kula ugi ndherek prihatos, pak.
Sejatosipun menapa ta budaya nasional Indonesia punika? Wayang saking epos Mahabharata India. Slawatan terbangan punika kenging pangaribawa saking tanah Arab ingkang logatipun dipun Jawakaken. Cobi dipun galih ingkang saestu, menapa wonten cariyos, dongeng, hikayat, ingkang estu-estu karangan tiyang Jawi tus. Meh sedaya crita, buku, layang , punika karangan tiyang Jawi ingkang sampun kenging pangaribawa saking mancanegari. Menapa malih bab basa. Meh sedaya basa saking bangsa ingkang ageng, kados India, Cina, Arab, Persi, Jepang, Inggris, Latin, Portugis, anggadhahi pangaribawa dhateng basa Jawi lan basa Indonesia. Dene Hak Kekayaan Intelektual (HAKI) mangga dipun telusuri badan kita piyambak. Kados pundi "karyanipun" sampun dipun daftaraken menapa dereng? Menawi sampun daftar , saged mbayar menapa boten (menapa malah gratis)? Sampun medal menapa dereng hak patenipun. Mugi-mugi kanthi kawontenan punika sok sintena tiyang anggadahi karya, manut miturut dhateng angger-angger , lan sok sintena pemerintahipun kedah saged ngayomi dhumateng warganipun kula kinten boten badhe wonten dredah kados tiyang Malaysia kados ingkang kita alami sapunika.
BalasHapusPunopo ingkang dipun ngendikaaken Mas Paromo, ugi Pak Ugeng sedaya wau leres. Lha ingkang asli karya budaya Jawi ingkang pundi?
BalasHapusMyuwun pangapunten dangu mboten mampir Mas Pur.
Matur nuwun dhateng kawigatosan panjenengan :Mas Paromo, Pak Ugeng, Mbah Suro, sedaya kalawau awit awrating jejibahan kita nglestarekaken warisan budaya ingkang miturut wacana pancen adi luhung.Kula piyambak kadang inggih ngelus dhadha, dene sebabipun lare-lare kula ajak basa Jawi wangsulanipun basa Indonesia malah-malah ngangge basa Inggris, kadhang badanipun piyambak dipun basa kramakaken, upaminipun kula dhahar, kula siram, kula tindak, kula ngunjuk lan sanes-sanesipun. Dereng malih bab lagu-lagu, menawi kula maringi tuladha tembang inggih kathah ingkang ngguyu, duka kula ingkang lucu menapa menapa cengkokipun ingkang aneh,la menika kula radi kereng ngadepi lare ingkang kados mekaten.Bab budaya sanesipun upaminipun tari Remo, setunggal kelas wonten lare kalih ingkang saged sampun hebat, lare langkung remen budaya njaban rangkah.Wonten gamelan kadosipun inggih kangge pajangan kemawon, ingkang tumut ektra saged dipun etang ngangge driji.Dene budaya asli Indonesia kados ingkang dipun ngendikaken Mbah Suro kadosipun kok wayang, menika manut internet,duka leres duka boten perlu panaliten para sarjana lan pangarsa.Ing wasana sugeng IDUL FITRI 1430 H,nyuwun gunging pangaksami mbok bilih anggen kula srawung wonten ingkang kirang mranani penggalih panjenengan.Nuwun.
BalasHapus