Kamis, 24 September 2009

DINANE ISIH RIYAYA



CATHETAN MUDIK MENYANG PACITAN.
Sabtu,19 September 2009 aku sakulawarga sida budhal menyang desa, riyaya lebaran, Sadurunge iku aku ngenteni anakku mapag menyang bandara Juanda jam 18.30, pesawat Garuda dellay kurang luwih 20 menit, kok tumben.Pancen anakku sadurunge wis pesen , ora usah leren, bengi iku uga budhal.Apa ora kesel, diwangsuli ora, malah nalika teka aku dioleh-olehi kamera sing pancen kepenginanku wiwit biyen.Bengi iku uga jam 22.00 sida budhal.

Sadalan-dalan isih nemoni wong sing mudhik, embuh rodha loro apa papat wis ora kocap akehe, bot-bote kepengin sambang wong tuwa, setahun sepisan. Mungkin amarga sesuk riyaya/sholat id dalan ora sepira rame,dadi anakku olehe nyopiri ya lancar. Ngancik mlebu tlatah Kediri anakku kepengin sega pecel, jarene ing Minggiran ana, nanging meh tekan Kediri sing jenenge pecel ora ana, paling sing isih dodol tempe penyet, sega bebek iku wae arang-arang pancen ya bengi gek swasana takbiran pisan.Metu saka Kediri bablas wae, kathik olehe nyopiri banter,angger anakku takon bener pak dalane, lan dak wangsuli bener, terus ae . E... kok dadakno keblasuk tekan Srengat tlatah Blitar, untunge takon banjur dikongkon menggok tengen arah Tulungagung.Tekan Tulungagung menggok ngiwa arah Trenggalek,lancar.

Nanging yaiku arep ngarah menyang Panggul, kesasar maneh mesthine arah Dongko, Panggul, kliru menyang Kampak, Munjungan.Tekan Polsek Kampak aku nyuwun pirsa bapak polisi, lan aku kepeksa dipandu bapak polisi mau, nuju Dongko mung wae dalane munggah deder katik menggak-menggok tikungan nyeklek banget. Meh wae ora kuwat munggah nganti kampas rem mambu sangit, atiku wis ketir-ketir wae, dhuh Gust Allah kawula nyuwun pangaksami. Mlebu metu alas kahanan sepi ing kalane mlebu padesan kang bengi iku wis padha takbiran mapag dina kang agung dina riyaya.Ati lagi plong bareng wis tekan pasar Dongko, lancar nganti tekan Panggul ,Lorok, banjur ing desaku Wonodadikulon, kec.Ngadirojo, kab.Pacitan. Alhamdulillah isih bisa menangi sholat Ied.Rampung sholat aku saanak putu sungkem ibu, lan padha apura ingapura ing dina riyaya iki.Kabeh padha ngondhok-ondhok ana rasa bagya mulya ing dina iki,apa maneh sajege anakku nyambut gawe ing jaban rangkah kurang luwih 6 taunan lagi iki kumpul bareng ,ketemu karo eyange.Lan dina iki aku unjung-unjung marang tangga teparo.Dina esuke Senin 21 Oktober 2009, aku kepeksa nuruti kulawarga mulih Surabaya. Ing sadalan-dalan nuju Panggul sesawangan apik banget, ing ngarepe gedung SMA Sudimoro,kab Pacitan mandheg poto-potoan , katon jelas proyek PLTU ing tlatah Sudimoro embuh kapan rampunge, ora keri segara Panggul kang pancen endah ngelam-elami ati.

Pancen yen dak pikir sesawangan ing wilayah iki ora kalah karo tlatah liyane, iki mung sebageyan wae durung tlatah liyane ing Indonesia.Dak pameri anakku yen ing Indonesia akeh sesawangan kang endah, meneng wae mbokmanawa setuju, dheweke ya tau crita yen wis tau menyang jeram Niagara numpak prau cilik karo rombongan kadhemen lan rada wedi. Ora kacarita mulihku slamet tekan Surabaya, lan iya tata-tata ngadhepi pegaweyan sakawit gegojegan karo para murid generasi penerus bangsa. Isih ana sing ngganjel,aku ora bisa ndeleng segara kidul ing wilayah desa Hadiwarno lan segara anakan ing wilayah desa Sidomulyo, aku durung bisa sowan karo guruku SD biyen, Bapak Syamsuri Dwijomursito kang dedalem ing desa Cangkring, kec.Ngadirojo, kab.Pacitan. SUGENG ARIADI RAMA, NGATURAKEN SEMBAH BEKTOS BILIH WONTEN KALEPATAN NYUWUN PANGAPUNTEN,kula Purwito murid panjenengan wonten SD Wonodadikulon.

2 komentar:

  1. Selamat Idul Fitri Mohon maaf lahir & bathin, anggenipun kondur dateng ndusun sajake kok namung sekedap tho Pak Pur? Padahal kesempatan kagem silaturahmi lan tamba kangen....

    BalasHapus
  2. Matur nuwun, anu kok Mbah mbujeng cekap amargi anak kepengin enggal wangsul pados rezeki wonten njaban rangkah, insya Allah mangke liburan sekolah badhe wangsul malih.Kadospundi putra wayah rak sami pinaringan ing karahayon inggih? salam.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming