Jumat, 31 Juli 2009

Tugas 2 Spenda .sby.


TUGAS 2 KELAS 9 smp2surabaya, semester gasal 09-10.
Gawe kliping wayang.
Golek artikel bab wayang, kang kedadeyan saka :
a.Asal usule wayang .
b.Crita pakem.
c.Crita carangan.
d.Tokoh/paraga wayang(paling sethithik 5 paraga, jangkep sinopsise).
e.Tuladhane crita pakem.
f.Tuladhane crita carangan.
Tugas mau digarap kelompok paling sethithik bocah 5(lima), paling akeh 10(sepuluh).
Sumber bisa saka media cetak lan media elektronik(internet,tv lsp).
Yen ora ngerti nyuwun pirsa pak Pur, wektu 2 minggu sawise tugas iki dak tulis.

Senin, 27 Juli 2009

tugas siji kelas9 spenda semester gasal 09-10


TUGAS WIWITAN KELAS 9 SMP 2 SURABAYA TAHUN WULANGAN 2009-2010.
Bocah-bacah mesthine wis akeh ta kawruhmu bab basa Jawa, coba miliha salah siji soal ing ngisor iki,banjur tulisen ing kertas folio sing ana garise.Aja lali sisih kiwa digaris 3cm, lan sisih tengen digaris 2 cm.

1.Gawea crita sapada wae nganggo basa Jawa,banjur salinen nganggo aksara Jawa .
2.Nulisa layang marang tokoh idolamu. Tokoh mau bisa negarawan,seniman,olahragawan artis lsp
3.Nulis warta nganggo basa Jawa.Kanggo referensi bocah-bocah bisa migunakake media cetak lan media elektronik, nanging pak Pur luwih seneng yen warta mau asli apa sing kok weruhi langsung.
4.Nulis pengalamanmu sing ora kok lalekake utawa kedadeyan lucu saengga yen eling kowe kepengin ngguyu terus.
5.Nulisa cerkak utawa cermis.
Wis cah iki tugas sing wiwitan, gatekno aturan tata tulis, kudu ana pambuka isi
lan panutup.Tugas dikumpulke minggu iki tgl 26- tgl. 31 Juli 2009.

Kamis, 23 Juli 2009

crita misteri


DI GUGAH MAS GEN
Crita iki dak alami nalika aku dekor ing sekolah kanggo pertemuan mantan kepala sekolah, guru lan karyawan (PAMANPALARUWAN) SMP2 SBY. Sing ngutus pak Ramelan (kadospundi pak Ram kabaripun, taksih nyerat wonten kalawarti inggih)Wiwit awan wis dak siapke
kabeh ubarampe kayata manila karton,lem, kain kanggo dasar tulisan lan liya-liyane.
Nanging embuh apa sebabe kok ora rampung-rampung ,apa wis tuwa ki pa piye karo ma-
neh kok ya tumben ora ana sing ngrewangi. Nganti jam 10.00 bengi lagi rampung lan
kari nempelke ing kain sing wis dipasang dik Kasmiran karyawan sekolah.Rampung,na-
nging ya kuwi, arep mulih wedi katik ngliwati dalan sing rawan.Ya wis turu wae ing sekolah, ing ruang guru ya kena ing teras sekolah ana pak No, malah ing pos satpam ana pak Rus karo nonton TV.Wiwitane aku turu ing meja guru, nanging kok ora jenak, ijen pisan. Banjur pindah ing ngarepe teras cedak pak No, ing kono ya turu
nanging mung ketha-kethip thok, lan kademen mangka wis kemulan jaket.Amarga ora bisa turu, aku pindah maneh menyang ruang guru, ora turu ing dhuwur meja, nanging gelar klasa sing magrib mau dak anggo sholat mapan ing cedhak lawang.Embuh saking keselku
aku les turu, nanging rumangsaku panggonan sakiwa tengenku kaya ana lindhu lemah sing nggo turu kaya horeg kaya ana sing gugah-gugah lan krungu kaya wong ngeses wus-wus kaya nggusah pitik, aku gregah tangi, dak deleng jamku jam 03.25 menit.Aku banjur tangi lungguh tenger-tenger,banjur marani pak No. Boten wonten napa-napa pak Pur paling kesayahen ngono pak No menehi komentar.Dina Senin aku crita kanca-kanca,warna -warna komentare," pancen ana mbah Pur, ngarepe kopsis iku rak omahe mas gendruwo,sajake gendruwo mau gugah-gugah ndang sholat " ngono pak Nursawi melu urun rembug.Embuh ...mangga komentar percaya apa ora sumangga.Sing jelas yen ana tugas sekolahan lan kepeksa turu ijen aku mikir-mikir .....

Jumat, 10 Juli 2009

Pasca pilpres.


KOMENTARE MBAH PETRUK.
Jum'at tanggal 10 Juli 2009 omahe Petruk Kantongbolong ditekani kangmas Nala Gareng lan rayi kinasih Bagong.
"piye kakangku Gareng lan adhimas Bagong, panjenengan sakloron wis nyontreng ta ?"ngono ki lurah Petruk mbukani rembug.
"Uwis dhi,la iki mangsine ish durung ilang"ngono Gareng mangsuli.
"Jenthikku tambah dak clupke meh setengah driji kakang, saking senengku"Bagong emoh kalah.
"Wah ya apik kuwi, ing TPS panjenengan sakloron aman ta?"
"Aman kok dhi,mung wae ana warga sing ora bisa teka ,amarga ana kaperluan utawa alasan sing awake dhewe ora ngerti".
"Ing TPSku malah diparingi aqua barang, kok kakang, bener kakang Gareng ana warga sing ora nggunakake hake. Kakang Petruk dadi ketua KPPS, apa ana masalah? Crita kakang "


"Iya dhi Petruk critaa, e mbok manawa bisa kanggo pangeling-eling kanggo anak putu" ngono Nala Gareng aweh pamrayoga.
"Iya...iya . Ngene ya kakang Gareng lan adhiku Bagong.Pilpres wis rampung,ayo ditunggu asile.Pancen wis ana hitung cepat nuduhake yen calon nomer 2 menang kanthi prosentasi sing meyakinkan.Hitung cepat ana sing pro lan sing kontra,malah sing kalah ngudal-udal yen pilpres ora beres, akeh kecurangan akeh pelanggaran.Manut aku, iki aku lo kang Gareng lan adhiku Bagong sing rumangsa dicurangi mbok ayo dirampungke liwat jalur hukum kanthi bukti sing otentik, mengko hukum sing bakal mutusi perkara iki.Yen hukum wis aweh vonis, kita kabeh kudu nglenggana. Rakyat wis dewasa kok.Iku salah sijine dalan kanggo ngrampungake masalah.Yen terus-terusan rebut bener embuh iku ing media cetak lan media elektronik ora bakal rampung, wong padha ahli wicara.Karo maneh KPU nemtokake tanggal 23 apa 25 Juli 2009 bakal menehi keterangan resmi, ayo ta ditunggu kanthi sabar.

Crita misteri


DIKETOKI MBAK KUN
Kedadeyan iki dak alami kira-kira wulan Desember 2008. Kok ya tumben,biasane, angger bar mulang langsung cabut, dadi MC{ momong cucu). Kanggo ngisi wektu ya ngobrol ngalor ngidul, bab bocah-bocah sing nakal, sing pinter sing ayu sing anake wong sugih, anake wong ora duwe lan liya-liyane.Sing biasane mulih rada sore ya Bu Lin, Bu Yuni lan sawetara bapak ibu guru, dene murid ya isih ana sing durung mulih, ana-ana wae kegiatane. Bocah ki aneh, yen mulihe gasik ora enggal mulih, nanging yen dimulihne manut aturan lan rada sore,njaluk mulih, kok tidak bel-bel pulang ya pak saya sudah lapar, langsung dak komentari, gayamu ...... paling kon ora mulih wedi diutus mamamu resik-resik iya ra,lan si murid mau lagi meneng.Mbaleni bab kedadeyan, enak-enake ngobrol e.. kok ana bocah sing bengok-bengok, bocah mau kelas 8B lali jenenge.Kontan wae bapak ibu guru mara nggoleki prenahe swara. Ana bocah siji ditulung kanca-kancane, ana sing jupukne ngombe ana sing mijeti lan liya-liyane. Kebeneran pak Nursawi paranormal sekolahku{kanca-kanca yen marabi para normal amarga duwe kaluwihan bab iku},langsung menehi pitulungan, lan ora let suwe bocah mau bisa ngedaleni emosine lan bisa crita.Dheweke karo kanca-kancane awan iki sinau drama amarga ana tugas basa Indonesia. Bareng rampung latihan drama padha leren, salah sijine murid ana sing mlaku-mlaku ing ruang kelas IXH.Ya ing kelas IXH mau tangane kok usil, bukak lemari e kok diketoki kuntilanak, langsung wae jerit-jerit.Bu Yuni langsung maringi pitutur setengah elik-elik, mulane ta yen latihan drama aja bengak-bengok, yen rampung ndang mulih.Bu Lin langsung nyaut, e kowe ki arep kenalan karo mbak Kun tah rek. Percaya utawa ora sumangga.

Kamis, 02 Juli 2009

Atine Bocah


E ..E.... KASARE...
Saben arep miwiti mulang aku mesthi duwe aturan-aturan kang tujuane supaya muridku nggatekake, nglungguhi sopan santun lan tata krama. Aku eling lelegon nalika isih ana SR biyen.
Ijo-ijo kembang kenanga,
Saben bocah kudu bisa,
Etung nulis klawan maca,
Apa dene tata krama.
Dadi wis trep yen aku menehi aturan lan aturan mau ditulis ing buku cathetan kaca ngarep.Sawanci-wanci muridku nglanggar aturan, wis ana dasare tertulis apa ukumane. Upamane bocah telat luwih saka 3 menit kudu nembang, klambi dilebokake rapi, buku cathetan keri kudu nembang, matur karo guru/komunikasi nganggo basa krama, ora pareng ngomong kasar lsp.Upama ana bocah sing ngomong karo kancane kasar, misuh lan liya-liyane mesthi dak welehake...e..e kasare, lan e..e kasare wis dadi trade mark. Nanging piye maneh kedadeyan -kedadeyan tetep klakon wong jenenge bocah. Kaya biasane aku mlebu kelas IX yen ora salah IX F(sepurane ya cah, lan kesuwun aku kok wenehi tandha mata klambi batik), lo kelas mau kok ora jangkep, nyang endi muridku iki.Nganti rong jam pelajaran ora ketok, aku dhewe durung-durung kepengin nesu olehku mulang jian ora konsentrasi blas, pokoke mulang ....nganti rong jam bel mulih bocah 5 mau ora muncul. Sesuke aku wis ora kanti maneh ,bocah 5 apa 6 dak timbali ing ruang guru, dak kongkon nulis apa alasane jam basa jawa ora mlebu. Bareng dak waca : Saya kira bapak tidak masuk, jadi saya keperpus mohon maaf pak". Dak wangsuli kanthi atos "Rungokna, saka ruang guru menyang kelasmu ki rumangsamu mlayu pa piye, aku krungu bel ora usah kakehan alasan, ora gelem dakwulang ora usah melu basa jawa nganti ujian , wis metu..metu. Nanging muridku ora gelem metu saka ruang guru mau, bareng daksentak sepisan maneh lagi gelem metu alon-alon. Salah sijine murid mara lan matur "sebetulnya anak-anak mau masuk, tapi takut pak ". Dak sentak maneh,... metu! Rada awan sithik yen ora kliru janm ka 5, aku mlebu kelas mau. Pas sing ngasta Bu Lilik, sawise nuwun sewu aku nutugake uneg-unegku marang kelas IX F. Ya rada kasar, ya rada emosi wong gawan bayi beke..................
Bareng wis rampung aku metu, la kok krungu ana murid sing ngomong ... e e kasare. Luwih cilaka maneh liwat kelas IX D(kelasku dhewe), murid-murid kaya koor......e. e kasare.................. batinku sapa dirigene.....

Rabu, 01 Juli 2009

Bab perpisahan kelas


PERPISAHAN KELAS KANG KEBABLASEN .

"Assalamu alaikum..."
"Waalaikum salam..., o ..rama......, mangga "ngono ki Petruk ngacarani bareng uninga sapa sing rawuh.
"Kok isih repot ta thole "ngono rama Semar wiwit ngunandika. " Jarene wis longgar kok ora ketok, jarene arep sinau unggah gambar, kok ora muncul ? Aku mung nyambangi buyutku kok thole. Padha menyang endi kok sepi ?"
"Di ajak utine menyang jembatan Suramadu rama, embuh wong jembatan wae kok dadi pangeram-eram, apa rama wis mirsani ?"
"Ya ora ngono thole, iku mono rak mujudake bombonge Jawa Timur khususe lan bangsa Indonesia umume .Rama wis mirsani, mbok kono ta thole karo kancamu apa Pak Sugeng apa pak Parman dijak mirsani bisa kanggo ngisi blogmu thole".
"..Iyya ma"
"Ya wis, kowe ki nggarap apa maneh ta thole, apa aku ora ngganggu ?Apa ana crita sing perlu kok aturke rama, e... mbok manawa ana gunane kanggo anak putu ."
"Anu kok rama, iki diutus nulis ijasah wis rampung kok ma kari nyetipi tilase potlot. Mau awan ki ana perpisahan kelas. Mung sing rada ngganjel ing atiku wong perpisahan kok ora ndeleng wektu. Kelas pitu munggah kelas wolu perpisahan, kelas wolu munggah kelas sanga ya perpisahan maneh. Perpisahan iku lo ma, mbok sepisan wae yaiku yen wis bar ujian kelas sanga sinambi acara pelepasan yen para murid wis bisa ngrampungke sekolahe sasuwene telung tahun. Aku tau krungu rerasane wong tuwa sing ekonomine kurang mampu, perpisahan kok saben unggah -unggahan ngene iki rak dadi nambahi sesanggan.Nanging abota kaya ngapa wong jenenge anak kepeksa dituruti. Sing kepenak ki ya wali kelase, oleh kado terus, sing dudu wali kelas ya angop. Apa guru ora bisa tuku yen ora diwenehi muride .Malah-malah bisa dadi balas jasa, sing muride kurang pinter diunggahke ing wekasane dadi masalah ing kelas candhake, wong ora pinter kok munggah ? Piye ma ?"
Rama Semar " Ngene ya thole .......iki yen rama lo, apa ora apik yen perpisahan mau diganti tasyakuran. Acarane ditindakake sawise unggah-unggahan, la danane nganggo uang kas, aja nganti narik dana maneh marang wong tuwa. Ya saanane dhuwit kas kelas mau, syukur yen luwih bisa diinfakake, lan wali kelas aja ngarep-arep kado.
Petruk " Ngono ya ma.......

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming