Senin, 31 Agustus 2009

Aja dientekne


Bapak ,teyo.....bapak ,teyo
Ing omah iki anggota kulawargaku ana 5 yaiku aku,mantan pacar anakku nomer loro sing durung gelem omah-omah lan putuku loro.Putuku loro mau dak cekak wae jenenge Ricky umur 9 tahun sekolah kelas 4,lan adike jenenge Rival umure suk Nopember 3 tahun.Dene wong tuwane putuku(anakku nomer siji karo kakunge) golek rejeki ing jaban rangkah rencana suk riyaya 1430 H insya Allah padha teka.Putuku loro mau lucu-lucu, kadang rukun kadang tukaran, wong loro-lorone pada lanange kamangka let umure 6 taunan. Yen tukaran ya aku kudu ngguyu, kok isane bocah samono, bocah cilik padha dulure kok gelutan, paling aku biyen ya ngono..... Yen Ricky rumangsa kalah utawa ngalah banjur bengok-bengok " dhik.....dhik....., nanging yen si Rival sing kalah banjur nangis lan nggoleki eyange karo nangis mingseg-mingseg lan sambat;"....uti....uti... Yen ngono aku lan nyonyaku sing ora tega langsung dak gendhong yen ora gelem ya ngampok nyang utine. Putu loro mau sasat anakku dhewe, malah bisa-bisa ngalahi anak, ya piye maneh jare embah iku nggo tambah- tambah.Isih eling nalika anakku biyen dak terke nyang bandara Juanda " Wis pak/bu ndherek titip cah loro " aku dadi kasok tresnaku marang putuku loro mau. Minggu kepungkur aku nyambangi bapak/ibu marasepuh ing Mojokerto, lan kaya dat saben aku mampir barang perlu tuku buah kanggo oleh-oleh saperlune.Ya ing pasar mau aku mesthi nggoleki senenganku telo rambat sing wernane kuning lan sing ungu. Embuh karo panganan siji iki kok rasane kaya wong nyidham. Sorene bareng dak rasa wis cukup sowan bapak/ibu marasepuh,aku mulih, telo mau langsung dak kukus. Mateng langsung dak nikmati, pancen ya enak tenan, dene putuku ora dak wenehi wong panganan telo.Nanging utine ngandhani."Rival minta bapak kung, itu lo bapak kung punya...." e e.. Rival kok mara lan dak dulang lo kok gelem kok dungaren cah iki. Bareng adhike gelem telo si Ricky emoh kalah " aku bapak kung....." ee tibake gelem ta bocah iki. Lumayan wis gelem karo sing jenenge telo sanajan ora akeh. Lan ora krasa wsi bengi lan telo mau wis mlebu kabeh ing wetengku..... kok dremba temen ya.....Kira-kira jam sepuluh bengi ndadak putuku si Rival nglilir karo bengok-bengok" teyo.;"bapak teyo.. bapak teyo....hh mateng aku nanging aku ora ngrungokake.Lagi tangi bareng utine gugah-gugah ,telone pa entek, ki lo Rival nyuwun, dak wangsuli ya entek wong ya mung samono, utine takon maneh sing mentah ya entek..., dak wangsuli isih ana..... ya wis dak kukusne ..... karo ngarih arih si Rival, sik ya lee.......Rival manthuk kaya ngerti ngertiya..... Cekak cukupe bengi iku ngukus telo maneh , bareng wis mateng dak wenehke Rival, ini lo le teyone .....ya gelem mangan nanging ya kuwi ora sembada karo olehe nyuwun..... ora nganti separo nglepus maneh karo utine, wis lega beke...... wah pancene si bocah

Senin, 24 Agustus 2009

wulan siyam


Sugeng siyam
KAGEM PARA KADANG INGKANG NGRASUK AGAMI ISLAM, KULA SAKULAWARGA NGATURAKEN SUGENG SIYAM WULAN RAMADHAN 1430 H,MUGI-MUGI SEDAYA AMAL IBADAH KITA TINAMPIA ING NGARSANIPUN GUSTI ALLAH INGKANG MAHA AGUNG LAN KITA KALEBET TIYANG INGKANG AHLI IBADAH .... AMIEN.

MALINGSIA


TANGGA KANG SENENG GAWE GARA-GARA.....
Isih eling pulo Sipadan lan Ligitan dicaplok Malaysia amarga Indonesia kalah ing pengadilan Internasional, iki ketambahan maneh tari pendet kang asli Bali diklaim duweke Malaysia.Sadurunge iku pancen tangga sitok iki seneng nggodha semu ngece, ngiwi-iwi .Lagu Rasa Sayange asli Maluku diakoni, angklung asli Jawa Kulon diakoni, reyog Ponorogo diakoni, wayang kulit sing asli-sli Jawa diakoni, batik diakoni pisan, terus..... kok isa-isane TARI PENDET ASLI BALI diklaim/diakoni yen tari mau duweke Melayu ,Malaysia.....kok tambah nglamak. EE..... mbok ya eling padha Melayune aja nemen-nemen, dumeh Indonesia ngalah ..... sabar....., wong sing ngalah sabar ya ana watese ta.....Ngene iki wis nandur ...bibit ala marang bangsa Indonesia ya tanggamu dhewe.Kita ya ora apa-apa nanging akonana, yen sing dianggo mau nyebutne dudu asli budayamu, lan dikantheni sing kok anggo promosi pariwisata mau pancen duweke Indonesia.Durung telat kanggo ngakoni kaluputan, apa maneh iki wulan Ramadhon, wulan sing suci kanggone umat Islam. Ora usah sungkan-sungkan,..... luwih jentle yen dudu duweke dibalekake manut apa mesthine....bangsa Indonesia nunggu kabare.....ok.

Minggu, 16 Agustus 2009

Pengetan Agustusan



MENGETI DINA KAMARDIKAN.
Dina iki Senin tanggal 17 Agustus 2009 kita nganakake upacara gendera, kanggo mengeti dina kamardikan Indonesia sing kaping 64.Kabeh warga padha bombong, sadurunge iku saminggu utawa luwih wis nyiapake maneka warna lomba kanggo mengeti dina kang kebak sejarah perjuangane bangsa kita, bangsa Indonesia.Aku kok eling lelagon nalika ish ana SR biyen :

bung bung Hadi, kowe arep nyandi
kathik nganggo topi dak sawang mundhak aksi
aku arep dolan,dolan nyang prapatan
nonton keramean, hari kemerdekaan

kae pak guru, rawuh ngasta buku
karo mesem ngguyu sajak seneng karo aku
pak guru gagah mimpin bocah-bocah
sing sregep sekolah tahun ngarep bisa munggah


Iku lelagon sing dak apali lan nuduhake menawa perayaan pitulas Agustusan pancen istimewa banget.Saben tanggal pitulas Agustus esuk msethi ana titir sing swarane medeni banget kaya-kaya ana bebaya sing bakal tumiba marang desaku lan desa-desa sakiwa tengenku. Bapak swargi sing kebeneran ngasta guru SR nerangake yen iku pangeling-eling yen dina iki Indonesia merdika uwal saka penjajahan Walanda. Aku banjura tata-tata saperlu budhal upacara ing lapangan Bedali kawedanan Lorok, kecamatan Ngadirojo. Sarampunge upacara ana tontonan reyog sakecamatan, sing paling onjo dhewe saelingku reyog saka desa Nogosari.Rampung nonton reyog aku kabeh dijak pak guru perlu mangan awan sing wis disiapake ibu mau esuk. Wah kenangan sing ora dak lalekake.

Jumat, 14 Agustus 2009

Nasibmu Penyu



ING MALAYSIA DIJAGA,ING INDONESIA DIJAGAL.
SAMBAS-Colong jupuk ing Pantai Paloh,Sambas, Kalimantan Kulon, banget mrihatinake.
Pelaku ora mung nunggoni kewan lucu iku ngendhog lan lunga.Wong-wong mau malah luwih sadis kanthi mateni penyu sing arep ngedhog.Tumindak kang mengku karep komersial kasebut dadi ancaman serius, amarga endhog sing dijarahrayah akeh banget,ngancik ewon.Asil panyelidikan kelompok warga Paloh,paling sithik ana wong telu sing nukoni lan nampung asil jarahan endhog penyu sing akeh mau.Wong-wong iku asale saka Sambas,Tebas lan Desa Temasuk.Endhog penyu diedol menyang Malaysia ngliwati Serikin utawa Sematan.Pancen ironis,ing Malaysia penyu-penyu mau dislametake, nanging ing Indonesia malah dicolong lan didol menyang negara jiran.Pemerintah Malaysia nyiapake pulo loro, yaiku pulo Satang lan pulo Talang-Talang kanggo njga penyu mau. Yen ana sing nyolong lan konangan dol tinuku penyu,maling mau didenda sewu ringgit saben endhog siji.Suwalike ing kene, tindakan tegas ora tau digatekake."Kami sudah sering lapor polisi.Kadang-kadang bosan sendiri.Kami juga pernah memergoki speedboat dari Malaysia yang membeli telur penyu beberapa bulan lalu"ngono omongane Trino Junaidi,34, ketua Kelompok Sadar Wisata Kecamatan Paloh,kanthi rasa gela.Sekretaris desa Temajuk Asman ngandakake. pancen ana warga sing kadang-kadang jupuk endhog penyu. Biasane yen nemu susuh penyu kanthi ora kasengaja, nalika warga ngliwati pesisir yen arep menyang kecamatan"Aku ora bisa nglarang, wah kebeneran nemu ing dalan dadi dianggep rejeki" kndane Asman.Asman ngakoni, kadang-kadang meruhi warga sing mateni penyu kanthi kejem ing pinggire pesisir.Maling-maling mau ora sabar nunggu penyu ngendhog kang mbutuhake wektu pirang-pirang jam. Weteng penyu dibelek kanthi sadis, banjur endhoge dijupuk.Nalika pengunjung Panati paloh, Pontianak Post bareng karo rombongan WWF, nemokake bathang penyu sing wis badheg ora adoh saka desa Temasuk.WWF nemokake yen rong wulan pungkasan,ana 6 penyu ijo sing wis dadi bathang sadawane Pantai Paloh. Bisa uga akehe penyu sing dipateni luwih saka iku amarga panaliten ora kabeh. Sebagian warga ya ngandhakake, yen petugas Balai Konservasi Sumber Daya Alam(BKSDA)melu kecokot bab endhog penyu lan diedol, yaiku Latif. Nalika dikonvirmasi. pancen diakoni Latif, pegawai honorer Manggala Agni sing diwenehi wewenang ngurusi Taman Wisata Alam Tanjung Belimbing Paloh.Latif ya ngawasi pesisir nganti tekan desa Temajuk.Manut Latif, endhog-endhog penyu kepeksa didol saben pungkasane wulan kanggo mbiyayani kebutuhan operasi TWA lan mbayari 8 karyawan sing ora resmi. Cobi kadospudi ngaten menika ......(sumb.jp.sel.110809)

Sabtu, 08 Agustus 2009

IN MEMORIAM MBAH SURIP LAN MAS RENDRA



SUGENG TINDAK MBAH, SUGENG TINDAK MAS...
INNA LILLAHI WA INNA ILLAIHI ROJIUN
Satemene aku saka PANJENENGANE lan aku bali marang PANJENENGANE.
Iku ukara sing pantes diucapake nalika krungu kabar yen para seniman loro mau seda dhisiki kita kabeh.Mbah Surip kang asma jangkepe Urip Ariyanto kanthi lagu kang kondhang "Tak Gendong "seda dina Selasa 4 Agustus 2009 kanthi yuswa 60 tahun lan mas Rendra/WS Rendra kanthi yuswa 73 tahun seda dina Kemis tangga 6 Agustus 2009.Sadurunge seda mbah Surip ngendika ,aku ora apa-apa...aku ora apa-apa...Nanging ora bisa diselaki maneh yen pancen tanggapan akeh, nganti lali karo kesehatane. Durung bisa methik asile..nanging Gusti Allah kagungan kersa liya . Dene WS Rendra kang lair kanthi asma Willibrordus Surendra Broto Rendra kang oleh sebutan SI Burung Merak iki sadunge seda nyebut asmane keng rama kanthi luh kang nelesi soca, sajak kepengin enggal ketemu karo ramane....Seniman kang kagungan asma liya Wahyu Sulaiman Rendra sawise ngrasuk agama Islam, dipetak 6 meteran saka makame mbah Surip ing komplek Bengkel Teater ing Citayam Depok Jawa Kulon, ya ing bengkel seni kagungane Mas Rendra piyambak.Loro-lorone wis dhisiki kita kabeh ,loro-lorone wis kasil ngrebut ati para penggemare. Sugeng tindak mbah,sugeng tindak mas Rendra.....aku kabeh bakal ora nglalekake panjenengan .....

Minggu, 02 Agustus 2009

PRITA MULYASARI


DAGELAN APA MANEH.
Sawise dinyatake bebas dening Pengadilan Negeri Tangerang,Prita kudu dadi pesakitan maneh amarga kebebasan mau dibatalake Pengadilan Tinggi Banten.Kabar kang ngagetake,
ditampa Prita Kamis sore 30 Juli 2009 kepungkur,nalika dheweke lagi gegojegan karo putra kinasih Khairan Ananta 3 th lan Rana Puandita Nugraha 1,5 tahun.Ujug-ujug HPne
ana nada getar, nomer pribadi saka kanca muncul ing layar ponsele.Sawise omong-omongan rampung,awake lemes tanpa daya.Praupan sing sakawit dikebaki rasa bagya mulya gembira, langsung pucet kadya dluwang.Kanca mau menehi weruh Yen Pengadilan Tinggi(PT) Banten mbatalake putusan Pengadilan Negeri(PN) Tangerang sing mbebasake3 saka tuduhan pencemaran nama baikTumuju RS Omni Internasional Tangerang.Sapa sing ora sedih, manut Prita kasus sing dianggep rampung pranyata isih diongkreh-ongkreh maneh, isih durung tuntas.Wis dikunjara 21 dina, dinyatakake bebas, e ora ana udan ora ana angin la kok arep disidang maneh, kathik wektu lan panggonan sidang ya durung ana kepastian."Aku durung ngerti kapan sidange, pengacara ya durung kandha marang aku"omonge.Manut Prita,keputusan PT Banten pancen ngugekake lan mbuktekake yen ora matone hukum pancen kabukten.Dheweke wis dinyatakake bebas lan ora salah, la kok iki diperkarake. Apa maneh persoalan bab surat elektrnik iku babar pisan ora ana gandhenge karo"pencemaran nama baik", iku mung curhat wae.Saking susahe Prita kudu pamit ora ngantor, kanggo nentremamke pikir."Aku kudu siap mental lan pasrah karo Gusti Allah"ngono omonge. Prita rumangsa yen kasus kaloro iki sepi pendukung kang nebeng pilpres.Capres telu sing golek simpati masyarakat kaya ana perlombaan nggatekake Prita.Ana sing besuk langsung ana uga sing aweh statemen saka kadohan.Mbah Petruk kadidene punakawan mung legeg, dagelan apa maneh iki? Apa bener payung hukum mung kanggo warga sing dhuwite kandel?(sumb.jp.Minggu 020809).
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming