Rabu, 29 Desember 2010

nonton wayang

Rabu tanggal 22 Desember 2010.Esuk bar markir sepeda Jepang, bu Fatimah TU sekolah aruh-aruh :Kung mengko nonton wayang ing Genteng Kali, aja lali lo, surat tugas digawa bu Ima “ lan dak wangsuli “iya”. Ing batin aku is nyicil ayem seprana –seprene wiwit anakku lahir nganti sing ragil umur 29 tahun ,arang-arang banget nonton wayang. Biyen nalika televise swasta Indosiar nggelar acara wayang aku iamarga sih kober nyemak, nanging bareng TV swasta mau ora tau nggiyarake aku iya aras-arasen. Ing sekolah iki ana ana telu sing giwang, gila wayang yaiku swargi pak Ismanto ,pak Agus Susilohadi lan pak Rusnandi . Aku iya kalebu giwang nanging kumat-kumaten ndeleng sikon.Pak Agus wis pindah menyang Trenggalek, kari aku karo pak Rusnandi satpam sekolah. Gek karo sapa mengko ? Dak deleng sing diwenenhi tugas ana lima yaiku sing dianggep remen karo wayang lan daleme cedhak karo Genteng kali.Kancaku mau pak Didik , pak Edy, bu Ima lan bu Dwi.Pak Didik dak tari, mengko apa bisa rawuh, ana tugas lo ? Diwangsuli ora bisa kung wong rapote durung tuntas, belani wayang sida diclathu wali murid tenan sesuk. E ya wis , apa jare mengko. Udan wiwit neba riwis-riwis.Sawise ngrampungne rapot,aku mulih rapot dak tinggal ing sekolahan. Tekan ngomah crita karo nyku yen mengko arep nonton wayang, nyku elik-elik wong swasana udan kok nekad.
Ya ora papa ta, kadhung diniyati, mengko karo pak Ugeng. Ya mangga, apa kira –kira pak Ugeng kersa, lan dak wangsuli ya embuh mengko.Tenan bar sholat maghrib swasana isih udan, kepara malah deres.Aku ngebel pak Ugeng, lan iya ngendikan aku rana dhisik dirundhing dhisik, udan saya deres.Tekan daleme, pak Ugeng ngendikan yen mung nonton thok, ora susah udane deres nganggo banget. Lan iya dak aturi ana tugas saka sekolah, malah skne dak gawa.Wah yen ngono ya mangga, budhal . Ora gantalan suwe wong loro budhal nrabas udan sing saya deres.Tekan Gentengkali lo kok isih sepi, banjur ana priyayi alok-alok yen pentas ing Dinas Pendidikan Jatim, kepeksa sepeda Jepang ngubengi pasar Genteng.Udan saya deres. Tekan panggonan sing dituju pating jentrek mobil sing diparkir nganti aku kangelan golek enggon, wekasan aku parkIr ing SMK Rajasa kidule Dispendik Jatim.Mlebu gapura wis dipapag panitia, dhahar rumiyin pak wonten wingking. Tekan panggonan mangan , absen lan tanda tangan banjur diwenehi kupon loro kanggo mangan lan snack.
Wah tepak banget, kari milih aku milih kikil dene pak Ugeng embuh dhahar apa, wong panggonane rada sawetara.Bar mangan nuju panggonan pentas.Sing rawuh kajaba pejabat teras dinas pendidikan, akeh-akehe para dwija, malah aku ketemu kanca-kanca saka SMP liya.Sadurunge pagelaran wayang ana penampilan tari saka sawetara SD, kang tari-tarian mau ana gegayutan karo tema sing asesirah festival Padhang Rembulan.Malah awan mau, iya ana pementasan wayang kancil dening kidhalang Sadwika Aji Sembodo, murid kelas VIII SMP Negeri 12 Surabaya.Wektu lumaku terus udan ora mendha.Rampung penampilan tari-tarian diterusne sambutan-sambutan.Pak Harun minangka Kepala Dispendik Jatim paring pangandikan yen dinas ora kurang-kurang anggone nyengkuyung sakehing kegiyatan mula kabeh mau gumantung marang kang kawogan utamane para guru. Dene sambutan kaloro Pakdhe Karwo, diwakili Pak Rasiyo iya paring pangandikan yen jagading pendidikan pancen ora bisa pisah karo panjenengane.Kabudayan kang adi luhung kudu dikenalake wiwit cilik. Yen wiwit cilik bocah-bocah wis kenal ananing budayane dhewe , insya Allah bakal dadi bocah kang ngerti unggah-ungguh lan duwe karakter kang bisa gawe bombonge sapa wae salaras karo karakter bangsa Indonesia.Rampung paring pangandikan diterusne pagelaran dhalang cilik Wuwus.
Bocah remaja kang jeneng jangkepe Wuwus Galih Carita, sawijining murid SMP Satu Atap 2 Dongko Trenggalek,kang nate jawara lomba dhalang cilik nasional ,bengi iki mentasake lakon pembebasan Ekacakra.Ana rasa bombong, e tibake ana generasi penerus ing jagading pedhalangan. Jejeran diwiwiti ing Ekacakra, ora ana janturan kang lumrahe diucapake dhalang micarakake kahanan negara mau. Ora manut pakem kaya sing dak tonton biyen-biyen.Langsung antawacana antarane prabu Baka diterusne jejeran ing Manahilan panggonane ki Wijrapa, perang antarane balane prabu Baka mungsuh nom-noman ing Manahilan, anake demang kasil digawa mlayu diadhepake prabu Baka.Bareng arep dimangsa, teka raden Bratasena nylametake , kedaden perang antarane prabu Baka lan Bratasena,lan dimenangake Bratasena.Ekacakra bebas saka srakahing raja kang wengis prabu Baka. Para rawuh aplaus keplok mbata rubuh tanda karenan marang kawasisane dhalang cilik saka pucuking gunung Trenggalek. Hebat. Salam kagem nak Wuwus lan para dwija ing SMP Satu Atap 2 Dongko Trenggalek.
Penampilan sateruse yaiku pagelaran wayang sawengi nutug kanthi dhalang ki Sinaryo, kanthi njupuk lakon “Sang Bima”. Dak semak lan iya ora ana jejer kratonan, langsung flash back kaya-kaya Sang Bima dtekani swargi prabu Pandhu lan dewi Madrim, paring semangat supaya Bima ora madhep mangu nalika maguru. Apa dhawuhi guru Drona kudu digatekake. Langsung adegan ing tengah alas perang antarane Bima karo raseksa loro panjamane Bathara Bayu lan Bathara Indra. Bima bali nakokake kepriye karepe guru Drona. Drona nuduhake yen satemene sing digoleki tirta amerta suci, ana telenging samodra. Sadurunge budhal njegur samodra wis dierih-erih, karo ibu Dewi Kunthi lan para sadulure, aja nuruti dhawuhe guru Drona. Drona iku manggon ing Ngastina mesthi bae, luwih nengenake bala Ngastina, duwe akal kepriye carane amrih Pandhawa sirna.Bima tan keguh ing ati, tekade wis gilik apa dhawuhe guru kudu diestokake.Dialok antarane Bima karo ibu ditambahi karo sedulure banget mranani ati. Jam nuduhake jam 23.30, saupama sesuk ora rapotan rasane kepengin nutugake lakon mau nganti tuntas. Aku karo pak Ugeng bali mulih, udan wis rada terang.Aku isih kober rasan –rasan , jaman wis owah kalebu pagelaran wayang. Ora kudu manut pakem,jejeran wiwitan, jejeran kapindho, perang gagal, perang kembang , perang brubuh lan sapanunggalane.Kabeh mau gumantung wektu lan iya kreatife ki dhalang.Nonton wayang kang ngelingake cilikanku kang mesthi lungguh cedhak kothak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming