Jumat, 31 Desember 2010

Sepedhahan tekan Jembatan Suramadu

Wis sawetara suwe aku ora numpak sepedhah pancal. Wektu kepungkur pancen aku tau ngomong karo nyku yen menyang sekolah arep ngonthel wae, nanging nyku ora ngolehi. Apa maneh anakku, kok nemen temen ta pak, wong mulang kok numpak sepedha pancal, apa maneh ing kutha Surabaya.Ora sah, ora sah sepedhahan pancal barang. Pancen sawetara wektu kepungkur , saben esuk bar subuh mesthi sepedhahan, ngubengi kampung , ngubengi gang ing sakiwa tengene omahku. Rasane awak pancen kepenak tenan, bar sepedhahan iya tandang gawe sakuwatku, karo nyiapake piranti mulang. Saya suwe amarga akeh kegiatan , ngrangkep dadi MC( momong cucu) sepedhahan mau rada suda lan wekasane babar pisan.
Rong wulan kepungkur anakku tuku sepedha pancal, jarene kanggo olah raga, aku dadi kepengin maneh , kathik sepedhahe ya rada memper mula aku kemecer ndang nyengklak wae.Anakku pisan iya aba, diagem wae pak ben sehat, lan iya dak wangsuli la iya ta, ngono ya mathuk.Cekake saben Minggu esuk, dak perlokke sepedhahan mecaki dalan ing wilayah Surabaya lor.Ya alon-alon, pancen kepetung wis tuwa. Wiwitane cedhak-cedhak kene , 20 menit wis krenggosan, suwe-suwe kok penasaran, kepengin luwih adoh maneh.Wah kebeneran tanggal 27 nganti 31 Desember 2010, liburan sekolah, kalodangan kanggo sepedhahan .Mula dina Selasa 281210 esuk aku budhal kepengin ngerti sepira kekuatanku mancal sepedhah.Wah tibake kepenak banget, hawa seger , pancen iya ana kendaraan roda loro lan roda papat, nanging ora kaya ing tengahing kutha Surabaya. Ora krasa anggonku sepedhahan meh tekan ngisore Suramadu , sepedha dak pancal terus lon-lonan kringet wiwit gobyos.Ing kiwa tengene dalan tinemu tambak kang gilar-gilar, semono uga arep tekan ing ngisore Suramadu ing gisik akeh tanduran bakau kang subur banget. Ya ana kuciwane, ora patia kopen, lan isih ana warga sing mbuwang sampah saenggon-enggon. Sejene iku iya akeh gubug-gubug kanggo nglumpukke rongsokan.Tekan ngisore Jembatan Suramadu swasana saya rame, akeh warung utawa kios sing bukak nawakake dagangane.Kari milih, lontong kupang, bakso , jajan gorengan lan isih akeh maneh.

Sepedhah dak jagang lan leren sawetara, karo mgematake sesawangan sangisore jembatan.Bareng wis dak kira cukup, aku mulih alon alon metu komplek AL Wonosari.Dak gagas-gagas olah raga sepedhahan iki iya akeh paedahe kayata :
1.Nambahi bobot, otot sikil, bokong, bangkekan mundhak kuwat.
2.Nyegah lelara sirah mumet, nafsu mangam tambah.
3.Kanggone kang kang lara kencing manis(diabetis melitius), nyuda kadar gula ing darah.
4.Bisa kanggo nggayuh prestasi, nambah ati seneng.
5.Ngilangi rasa was sumelang , ningkatake semangat urip.
6.Nyegah lelara “jantung koroner”, nambah kekuwatan, ngiras pantes kanggo panglipur.
Yen dinalar pancen luwih luwes, amarga bisa ditindakake priya, wanita,wong tuwa, wong enom lan bocah cilik. Paling ora aku wis bisa duwe rancangan suk yen pensiun esuk-esuk sepedhahan , mulih terus nulis apa nggambar,nggambar manuk iya mathuk, nulis wayang ya ora dilarang.Mangga sepedhahan……

1 komentar:

  1. critane apik pak . bner , sepedhahan iku akeh paedhahe,kula nggeh biasane sepedhahan dinten sabtu minggu kale dinten preiyan . hehe pak pur dadi MC (Momong Cucu) hahaha .

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming