Minggu, 02 Januari 2011

mung ana tembung siji: INDONESIA


Final piala AFF, Indonesia mungsuh Malaysia, pancen duweni teges jroning konteks relasi bilateral sasuwene iki, kita wis kalah.Maneka warna kasus tenaga kerja ing Malaysia kanthi sakehing panandhang, sikap arogan Malaysia, kayata tapel wates lan nyaplok symbol budaya nuduhake kekalahan kita kadidene bangsa. Ing wektu kang padha kita ngimpor entek-entekan saka Malaysia maneka warna bisnis jasa: telekomunikasi, rumah sakit, nganti bank. Bangsa kita mayoritas mung dadi karyawan biasa. Kita dudu majikan ing negarane dhewe. Ing Malaysia dadi kuli, ing Indonesia iya dadi kuli. Martabat bangsa pecundang wis ngoyot.Ing ilmu ekologi ana sawijining aksioma: ekosistem sing canggih bakal mengekploitasi ekosistem sing sederhana. Negara maju bakal nindhes negara mlarat. Lan ya iku sing kedadean, sedulur enom sing licik, nanging luwih sugih bisa mempercundhangi kita. Kamangka ing era 1970an nganti 1980an Malaysia ngimport guru saka Indonesia. Ing bab teroris Malaysia ngeksport menyang Indonesia, lan ora neror ing negarane dhewe.

Psikologi pecundhang.
Kita pancen bodho sekaligus picik. Kita entekne dhewe energy klimak sing kasimpen ing pribadine pemain. Kita pancen kebacut pede, nyubya-nyubya pemain nasional: ana sing ngusung agenda politik, kabeh duwe karep sensasi , kepentingan pribadi lan kelompok. Kekalahane TKI ing Malaysia, iya kekalahane kita , bangsa Indonesia iki lan mujudake gunung es kang sawaktu-waktu bisa mbledhos.
Sasuwene para pemimpin, politisi, wong sugih, koruptor, aparat pamarentah, petinggi institusi cacat moral, terus dolanan wong kalah kanthi cara rebutan dadi pemenang lan ora duwe nurani ngorbanake rakyat dadi pecundhang, psikologi wong kalah tetep dadi sindroma bangsa. Sasuwene iku uga, kita tetep dadi bangsa bodho lan pecundhang.

Psikologi Kebangkitan.
Mula saka iku, final piala AFF, sawijining momentum psikologi kebangkitan bangsa Indonesia. Ana sawetara perspektif kebangkitan sing perlu dirembug.Siji, kekalahan kesebelasan Indonesia saka kesebelasan Malaysia, dudu kekalahan kesebelasan iku dhewe, nanging kekalahan para pemimpin, oportunis politik-ekonomi, penumpang gelap versi Effendi Gazali, utawa sapa wae sing seneng mengekploitasi bangsa.
Kaloro, syndrome bangsa akibat psikologi wong kalah, ndadekake kita dadi wong kang wegah nindakake kabeh kabisan kanthi maksimal. Ing kontek iki, kesebelasan nasional satemene dadi pemenang sejati.Putaran kaloro ing Jakarta dadi pengalaman maksimal kadidene ciri proses aktualisasi diri.Adaptasi Maslow, aktualisasi diri bakal ndadekake manungsa nggayuh pengalaman paling dhuwur.Bayangna, ing putaran wiwitan kalah 0-3. Ing putaran kaloro, klebon dhisik 0-1. Kanggone wong akeh, ora mungkin bisa menang.Nanging kesebelasan kita tetep mengaktualisasikan diri , tetep tanggon kanthi sampurna ing lapangan lan bisa malik grembyang menang 2-1. Wektu iku menang utawa kalah ora esensial maneh.Sing luwih esensial yaiku kepriye carane para pemain nampilake kabehing bakat lan kabisan sing diduweni. Kanthi kinerja paling apik ing putaran kaloro, para pemain wis dadi juara sejati. Piala ora luwih mung bonus.
Katelu, pirsanana puluhan ewu malah mayuta-yuta penonton kita. Iki pancen nggeterake nurani ,nalika mayuta-yuta saka maneka warna suku, agama, ras, lan golongan bisa ketemu nyawiji kanthi tertib, mung kanggo mbengok sora:”INDONESIA!”.
Wekasan , kita perlu takon kena apa para pemain bisa mengaktualaisasi diri kanthi apik lan yutan penonton bisa nggeterake ? Wangsulane mung ana loro. Siji, rasa ngorong sing suwe banget kanggo bangkit lan bebas saka pangrasane manungsa begundhal.Kabeh mau ora mung bab kalah menang utawa juara, nanging ngelak martabat bangsane. Loro, rasa tresna marang bangsa lan negarane kanthi tulus lan makantar-kantar.Pancen mung tresna iku kang isih diduweni kita kabeh. Mung tresna iku nganti pemain lan penonton tetep gelem aweh tumindak paling apik ing tengahing bobroke martabat. Para pemain lan puluhan ewu penonton iku wis maju sajangkah ing ngarepe pemimpine, mbengok tembung siji : INDONESIA ! Garuda wis kekalang, mabur dhuwur banget.( komp.311210-herry tjahjono-purjarwanbebas).

1 komentar:

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming