Jumat, 21 Januari 2011

kareben enak anggonku mangan

Saben bar rawuh saka sekolahan, lan ganti ageman mesthi lenggah ing kursi iku, kursi penjalin kuno.Lagi dhahar yen wis ana aba-aba saka ibu, yen dhaharane wis cumepak. Bar dhahar istirahat sawetara, banjur mundhut pacul lan arit kang dislempitne ing eklek(saiki wis ora ana), lan piranti tetanen liyane. Srengenge isih sumelet madhangi jagad saisine, ibuku elik-elik. “Isih panas pak, apa ora ngenteni bar asar?” lan diwangsuli”ya karo mlaku, mengko rak eyub, selak kesoren ayo le “ aku ndherek lan iya nggawa arit sing luwih cilik.Ngono pakulinan sing ditindakake saben dina. Guru ing desa tahun suwidakan, pancen sarwa kecingkrangan. Bayaran sawulan mung cukup kanggo mangan sepuluh dina. Untunge isih ana lemah warisan saka eyang ramane ibu, sanajan manggone ing alas pereng gunung, nanging cukup amba. Wingenane eyang kakung rawuh nuduhake marang bapak lan ibu, endi sing dadi hake lan endi sing dudu, aja nganti kleru .

Lemah sing dithukuli pring lan wit liyane sing ora bisa dipek asile banjur dibabad, mbukak lahan anyar lan ditanduri kacang dawa lan pohung. Pancen ing wewengkon iku iya mung pohung sing subur .Eyang kakung sawijining pensiunan kepala sekolah SR , kang jago etung saiki matematika.Kawasisane eyang mau nurun menyang adikku ragil sing saiki dadi guru matematika ing tlatah Pacitan.Eyang ngendikan yen tahun candhake aku neruske sekolah, embuh SMA apa SPG neng kutha, mesthi mbutuhke ragad akeh, bayarane bapak mesthi kurang,lemah iki diolah sing temenan. Mula bapak iya sengkut banget oleh ngolah lemah paringane eyang mau.

Sore lagi kondur .Saka alas mesthi nyangking apa asile alas. Yen pas gedhange tuwa iya mikul gedhang, yen pohonge wancine njebol iya ngasta tela pohong, lan liya-liyane.Paling apes mesthi manggul kayu obong, karo blarak garing.Nalika aku ndherek bapak ing alas, ana wae panyuwunku, kayata nyuwun dibakarne tela pohong, nyuwun degan , wong kabeh wis sumadiya. Degan kari menek, tela kari njebol, kathik jaman samana lemah isih subur, wit-witan ora akeh sing ditebang . Tau ing mangsa rendheng, aku nyekel carang dak jojohke ing lemah sengkedan ,metu banyune bening banget.Mung wae ing mangsa rendheng mau, yen arep mulih dalane mudhun lan lunyu lumuden mula kudu ati-ati.
Wanci bengi, omahku iya disambangi tangga kiwa tengen, ngobrol ngalor ngidul wong durung ana tv, radio wae rang-arang. Dadi hiburane iya mung iku, padha sanja sambang -sinambang ,apa wae bisa dadi rembugan gayeng.Bapak mesthi ora saged ngendikan nganti bengi, lan mesthi thekluk ngantuk, sajake kesayahan amarga saawan tindak kebon ing tlatah pegunungan.Yen wis ngono, tangga sing rawuh padha nyuwun pamit, “wis ayo mulih, kae lo pak Kus wis sayah, “ bapak jenggirat, lo yah mene kok wis mulih, yah apa iki ? Wedange dientekne ta ,la kuwi telane mbok disambi “ tamuku iya mangsuli “ entek kawit mau, wis ndang sare kono, mengko durung nyerat persiapan “.Jaman biyen yen sesuk arep mulang bengine mesthi ngasta persiapan, apa sing bakal diwulangne sesuk. Pakulinan tindak alas lan tindak kebon mau terus ditindakake ,kaya-kaya ora kagungan rasa sayah , lan ora pirsa wektu. Nate wayah surup lagi rawuh saka alas kathik swasanane udan deres, untung ora nganti gerah. Ana ngendikan sing ora dak lalekake:” tumandang gawe ngene iki supaya enak anggonku mangan “. Ukara sing isih dumeling ing kuping , lan dak teruske marang anak putu yen wong sregep tumandang gawe,weteng dadi luwe, mangan dadi enak sanajan iwake tahu tempe.Sikil jumangkah, tangan obah, ditindakake kanthi bungah, insya Allah seger kuwarasan lan barokah, amin. Rejeki wis ana sing ngatur, manungsa mung bisa ihtiar mung iku.(yen eling dhek jaman samana, nalika bapak isih sugeng, kang kebak kaendahan)

1 komentar:

  1. Pak Pur kula Diana 9f, tugas kula sampun. Tugas kula salap ten TUGAS BJW KELAS 9.
    matur nuwun

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming