Senin, 10 Januari 2011

Ing


ing ngarep alfamart iku
ana mbakyu adik padha regejegan
adhike luwih ayu
adhike mlebu,……. mas tuku pulsa
mbakyune iya nututi mlebu…, aja mas ….. adhikku aja dituruti, aja didoli
mbak tukokna pulsa, gage ta mbak, mas iki lo nomere 08564833xxxx
ayo mulih, ayo mulih ….karo nggered tangane adhike, metu saka alfamart
ing ngarep alfamart iku
mbakyu adhik isih padha tukaran, isih regejegan
tangane adhike dicekel ceg, diglandhang lunga
ora bisa bangga
ra bisa kumecap apa-apa
mripate kaca-kaca
mung iya iku sing bisa

ING…..
ing ngarep kasir iku
tanggal telu wulan Januari tahun loro nol siji siji
kabeh padha antri tanda tangan lan
jupuk bayaran
ana sing nampa kanthi ulat gembira
lan ngetung oleh pirang yuta ya
ana sing nampa kanthi ulat peteng
alise tepung, rada mencereng
metu saka panggonan iku
mlaku kenceng

ING………
ing ngarepe kasir bank iku
para dwija padha antri
jejer-jejer kaya kontes peragawati
amarga dina iku oleh tunjangan sertifikasi
(sliramu ora oleh meri lo ya)
bingung ora tau nyekel arta, gek kanggo apa ya ?
tekan ngomah dipapag kulawarga
mas aku tukokna gelang, kalung lan ali-ali
aja lali tuku lemari wesi
pak aku tukokna sepeda motor sing apik kaya kancaku iki
mas sepeda motor loro durung dibayar
pajege rong tahun ya durung dibayar
barang ing gadhen iya wayahe mbayar
saking butege, dhuwit dibanting ing meja
ditinggal lunga,prung
tanpa sepata
ING…….
Ing kaca maya iki
dak semak siji-siji sapa ya sing rawuh dina iki ?
ana sawijining wanodya, kang cukup yuswa
kang pidalem ing tlatah Ngayogyakarta
nanging ora kersa krama
kamangka iya sulistya ing warna
kebak tata krama lan iya sawijning sarjana
gek sliramu menggalih apa ta ?
ing ngarepku, lenggah mitraku
dwija kang iya wis kadhuk yuswa
nanging iya ora kersa krama
dak godha, lo pak cantholan panjenengan kanggo apa?
genti aku disentak, ra sah melu-melu ….iku urusanku…….
aku bali lungguh amarikelu
nalika aku ngadeg
ing ngarepku ana wanodya ayu ngadeg nggejejer
wuda tanpa awer-awer
aku semaput tiba klenger.
bareng aku eling
kabeh padha ngrubung lan koor
kung ngunjuk dhisik kung…………
isih durung rampung

6 komentar:

  1. pak pur kula marisa kelas 9g/23
    geguritan kula irah-irahane "GURU"

    Guru,
    kula haturaken matur suwun
    ngelmu sing panjenengan wenehi
    bisa dadi bekal kula ing masa hadapan
    Guru,
    sanes langit naminipun
    menawi mboten tepang pepeteng lan pepadhang
    sanes langit naminipun
    menawi lintang-lintang ingkang panjenengan paringaken kula
    Guru,
    mboten wonten ukara sing bisa kula haturaken
    kecuali matur suwun

    BalasHapus
  2. Pantaiku

    Nalika daksawang pantaiku kang asri
    Atiku ngrasa ayem , ngrasa seger
    Bocah-bocah padha kesengsem
    Sajak edhum ngresepake pandulu

    Nanging atiku sedih
    Nalika daksawang maneh rupamu
    Pohon katresnanku ilang
    Katresnanku luruh mbarengi netesing
    Bun kang musnah kapangan surya

    Kaya mangkono sajatine atiku
    Pantaiku sing wes ora asri maneh



    Nama : Meilisa Dyah S.P.
    Kelas/No.Abs : 9G/26

    BalasHapus
  3. Masjid panggon Sujudku


    Nalika daksawang rupamu kang megah
    Sajak asri lan edhum sarta ngeresepake pandulu
    Atiku ngrasa tentrem lan damai

    Ing masjid, kula haturaken dunga
    Kula suciaken ragakula ing sholat
    Ing masjid kula sujud ing hadapan-Mu
    Nyuwun ngapunten lan kaselamatan

    Kula yakinaken ati kula,
    sing wonten ing lebet ati niku jeneng-Mu
    Ing panggon suci niki kula bersujud
    nentremaken lan ngedamaiaken ati

    Ing sujud kula selipake dunga
    kangge ibu, ayah, lan tiyang-tiyang sing kula tresnani
    Ing mihrab, kula dunga marang Sang Kuasa...




    Nama : I'in Shofi L.M.
    Kelas/No.Abs : 9G/17

    BalasHapus
  4. MELATIKU

    Melati warnamu seng putih suci
    Bisa nggawe bungah atiku
    Gandhamu sing wangi
    Bisa nentremake jiwa
    Aku pengin dadi koyo kowe
    Sing bisa nyebar katresnan
    Lewat warnamu ...

    Nanging kowe kabeh wis ora ngno
    Warnamu ora putih
    Lan gandhamu ora wangi maneh
    Kabeh mau mujudake atiku sing remuk
    Lan katresnanaku luruh
    Bareng matine melatiku ...


    Irma Mariska (9G/19)

    BalasHapus
  5. Naifah 9i 27

    ‎'Srengenge Esuk'
    Kumencar kuning emas
    Aweh salam liwat cendhela
    Sugeng esuk bocah bagus
    Sugeng esuk bocah ayu
    ...Pereng-pereng gunung dirambati
    Geger-geger ombak diusap-usap
    Tangan-tangan uwit sing ngawe -awe
    Mega lan mendung disunari
    Kumencar soroting srengenge
    Nggawa panguripan ing bumi
    Aweh kekuwatan lan kasantosan
    Kanggo mlangkah tekan pucuk dalan

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming