Sabtu, 29 Januari 2011

tulisan

bisa mung sakeplasan
bisa uga dadi lembaran-lembaran kang tanpa wilangan
tangan-tangan kang prakosa,
lan iya tangan-tangan kang tanpa daya
bisa nyipta tulisan,
kang
landhepe kagila-gial
bisa gawe gendra
utawa
aluse ngluwihi sutra
kang bisa nentremke nala

38 komentar:

  1. Pak , kula nadine , arek 9B , SMPN2
    niki blog kulo pak
    http://nadine-spenda.blogspot.com

    BalasHapus
  2. iya Nadine. Blogmu bagus, nulis terus, semangat.

    BalasHapus
  3. Cara Membuat Readmore :

    http://nadine-spenda.blogspot.com/2011/02/cara-membuat-readmore-pada-blog.html

    BalasHapus
  4. Akmal 9G/ 21

    Artine Sahabat

    Perbedaan ora bisa misahna kita
    Sayang iki dadi tuntunan persahabate kita
    Tuntunan sing bisa nguwatna ati kita
    Ning wektu kita seneng lan lara

    Sobat, aku teka gawe sahabat jiwa
    Sahabat jiwa sing nerangi ati kita
    Ning wektu batinmu ngerintih
    Aku terus ning sisimu, sobat

    Siji per siji jalinan kanca ngajak ngadoh
    Ninggalna kita ning kene
    Ning wektu kita sedih
    Kita susah lan kita lara

    Sahabat iku umpama bulan lan bintang
    Sing terus nyinari wengi
    Ngancani rintangan lan siksaan
    Sing ndera ati lan tresnane sahabat

    Ning ngarep kana ana cahya cilik gawe mandu
    Mandu kita ning dalan persahabatn
    Sing njaga ati jwa
    Sahabat ati kita

    BalasHapus
  5. Pak, kulo nyuwun pangapuro amargi telat ngirim. . :D

    Risaldi Muhamad/9ghe/32

    Tulus Tresnamu

    Kasihmu umpama embun putih ning atiku
    Sayangmu seputih salju ning mataku
    Tresnamu sebening banyu ning dadaku
    Panjenengan ingkang luwih sempurna ibu. . .

    Belaian tanganmu, manjakaken aku
    Didikan kasihmu, nuntun aku
    Batin tresnamu, cahya gaweku
    Panjenengan ingkang luwih sempurna ayah. . .

    Tanpamu dunia iki kosong
    Ora ana werna sing ngehias dunia
    Cahya pelangi atiku
    Sing ilang musnah amarga wektu. . .

    Ayah, ibu
    Terimaen tresnaku
    Sing ngganti jasamu
    Tulus teko atimu. . .

    BalasHapus
  6. Udan Wayah Sore

    udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
    ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
    dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

    sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
    lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
    tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
    tak kanthi lakumu tumeka ngendi

    mbok menawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
    marakake gawe kekesing ati
    manuk kepodang wus mabur mangulon
    nanging tetep tak tunggu tekamu

    Nama : Ashri Cahyarini
    Kelas : 9B/05

    BalasHapus
  7. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  8. "DAKSUWUN AKSAMAMU"

    dhuh Gusti
    geneya ombake segaraku
    nyabet bangsa lan tanah wutah rahku
    geneya gunung-gunungku njeblug
    ngobong lan ngurug desa sarta sabarang darbekku
    nerak lan ngerusak sabarang kang tinemu

    dhuh Gusti
    daksuwun aksama-Mu
    awit bangsaku mula wis akeh kang padha ninggal wewaler-Mu
    daksuwun aksama-Mu
    awit bangsaku wis akeh kang njarah alas
    njarah barang apa wae kang dudu darbeke lumunturing aksama-Mu
    dakantu kanggo mbengkas reretu



    Nama: Okta Kurniawan
    Kelas/No absen : IX B/32

    BalasHapus
  9. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  10. INDONESIAKU
    Telung atus skeet warsa
    Dijajah bangsa manca
    Wargane urip lan lara lapa
    Urip kalunta-lunta

    Indonesiaku…
    Saiki wus mardika
    Gumregah ambangun praja
    Gayuh urip kang sampurna
    Cukup sandhang lan boga
    Tata tentrem raharja
    Adhedhasar Pancasila

    Alifia helgawati 9b/02

    BalasHapus
  11. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  12. Ati sing lara dadi waras
    Yen ndeleng apike alam iki
    Pikiran sing lesu dadi tuntas
    Ndeleng ciptan sing Kuasa

    Matur syukur marang Gusti
    Sing wis nyiptake bumi iki
    Lan saisine
    Kita kudu ngrawat alam iki
    Marang dunya kang luwih apik

    Nama : Rendra Mei R.
    Kelas : 9B/36

    BalasHapus
  13. Apike Alam

    Ati sing lara dadi waras
    Yen ndeleng apike alam iki
    Pikiran sing lesu dadi tuntas
    Ndeleng ciptan sing Kuasa

    Matur syukur marang Gusti
    Sing wis nyiptake bumi iki
    Lan saisine
    Kita kudu ngrawat alam iki
    Marang dunya kang luwih apik

    Nama : Rendra Mei R.
    Kelas : 9B/36

    BalasHapus
  14. "BIYUNG"


    Ewonan kilo dalan sing sampun biyung lewati
    Nglewati rintangan kanggo anakmu
    Biyung isih terus mlampah
    walau sikil akeh darah lan nanah
    Bebasan kaya angin, kasih ing kowe wenehi

    Biyung…..
    Ora iso aku mbales kasih sayange biyung
    Pingin aku cidek lan nangis ing pangkuanmu
    Sampek aku turu kaya cilikanku
    Lan dunga-dunga baluri awakku
    Karo opo aku mblesi biyung………


    Nama : Nugroho Margo M.
    Kelas: 9B/31

    BalasHapus
  15. kula lilis 9b no 19

    TAWANG MANGU

    Yen sinawang saka kadohan
    Kadyo barisane manuk kontul
    Putih memplak
    Kiwalan tencene ijo royo-royo
    Dipaesi sawernanine kembang
    Yen ing wayah esuk rame
    Swarane manuk kang podo
    Ngoceh saut-sinaut
    Ora mung wong cedak-cedak wae
    Kang kepengi ndelok keasriane
    Mancing uga saka njaba kuta
    Malah ana wong sing saka mancanegara
    Ya iku keasriane tawang mangu

    BalasHapus
  16. ardiyan 9b no 3

    KORAN

    Tak tunggu tekmu
    Saben dina ing omahku
    Kabar kang daktunggu
    Saka awakmu
    Nambahi wawasanku
    Mosak-masike donya
    Maju mundure nagara
    Minangka warta
    Koran minangka alat Komunikasi
    Kang kudu diwerdi
    Mula ora ketinggalan informasi

    BalasHapus
  17. Farah Devira 9B/13

    Pak Tani

    Pancen luhur bebudenmu
    Urip prasaja ora kesusu
    Ana ing desa kang asri
    Urip rukun dadi petani

    Tanduran digulawentah ati-ati
    Gotong royong iku wis mesthi
    Asile dienteni wong sanegeri
    Ora lali syukur rina lan wengi

    Butani uga polah
    Nyepakake dhaharan ana ing omah
    Banjur digawa menyang sawah
    Sarapan ing galengan kanthi bungah

    BalasHapus
  18. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  19. Lutfiana 9B/21

    Angkasa Bengi

    Angkasa bengi katon peteng
    Ora ana lintang lan wulan
    Sing biasane kancani aku
    Bengi katon sepi
    Ora ana swara

    Angkasa bengi
    Saiki mung kari petenge
    Ora ana lintang lan wulan
    Sing bisa madangi aku

    Angkasa bengi
    Kapan kowe balik
    Lan akeh lintang-lintang
    Lan dikancani wulan
    Supaya aku ora dewean
    Nang tengah wengi

    BalasHapus
    Balasan
    1. Pak saya rama kelas 9b no 10 ...

      iki geguritan saking kula pak ...

      PETENGING WENGI

      sumribit angin ngelus langit sore
      manuk sriti bali ing pucuking cemara
      nganti tekaning wengi sing nyenyet
      gawang-gawang katon pasuryanmu

      gawe tambah kekesing angin sore
      tumlawung rasa kang ngulandara
      wengi bakal tumeka maneh
      bareng karo wewayanganmu
      kang bakal ngebaki impen petenging wengi

      lumaku turut petenging lurung
      bakal gawang-gawang campur mega-mega
      apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

      Hapus
  20. Pak niki kula arifin 9b/26 ..

    niki geguritan kula :

    LINTANG-LINTANG

    lintang-lintang abyor ing tawang
    cumlorot sliweran nalika alihan
    kumleyang mencok ing socamu asihku
    cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
    ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

    lintang-lintang alihan
    cumlorot telu ana pundhakku
    kawitan lintang abang lintang perang
    kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
    pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

    BalasHapus
  21. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  22. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  23. Yulia Istitania 9B/38

    Pahlawanku

    Getih kang wutah ing palagan
    Perang Agung
    Bela Negara
    Angin sumilir
    Padhanging surya
    Kabeh dadi seksi
    Perjuanganmu
    Mbelani negara iki
    Senajan amung gegaman
    Wujud pring lancip
    Antebing atimu
    Dadi peluru
    Ampuh...ampuh

    Pahlawan merdeka
    Ninggal kaluwarga
    Adoh omah adoh sawah
    Kang milih jroning perang belapati
    Nggembyan para penjajah
    Mbelani negri ibu pertiwi

    BalasHapus
  24. Linda Shintya S. 9b/20

    Sepi

    Ing jero omah aku ijenan
    Ora ana sapa sapa ing kene
    Ora ana kanca,ora ana dulur

    Seka keluwargaku pindah saka kene
    Mung aku sing ngrumat omah iki
    Nyapu omah
    Nyiram kembang

    Aku pengin nduwe kanca
    Kanca sing bisa ngancani aku
    Wayah seneng lan susah

    Sepi ing kene
    Kancaku mung kamarku
    Panggon crita
    Panggon nangis lan ngguyu

    BalasHapus
  25. Happy Desiyon W.
    9b / 15

    Karesikan

    Urip karesikan iku pancene kepenak
    Kahanan seroso adem ayem
    Wajahe sumringah
    yen ningali lingkungan sing resik

    tanduran sing ijo royo-royo
    bisa gawe mripat iki seger
    Kembang sing warnae abang jingglang
    yo bisa gawe perasaan dadi bungah

    mulane kita pada jaga karesikan lingkungan
    supaya oleh pahala
    lan kahanan dadi tentrem

    BalasHapus
  26. ELVIRA W. P.
    9B/12

    Rekasane Tukang Sapu

    Srengenge durung ono ing panggone
    Si jago durung ngetokake suwarane
    Seretan sikil, nyapu dalanan
    Tangan, nyekel sapu coklat tuwa
    Nyapu resik sampah lan regetan
    Rai adus kringet lan ora rupa maneh
    Kesiram awu dalanan
    Tulus ikhlas tanpa pamrih
    Dilakokake
    Demi panguripane
    Demi kaluwargane
    Hinaan ditampa gawe sarapan
    Duh Gusti....
    Nyiksa tenan rasane
    Golek rezeki
    Dikancani sapu tuwa
    Pancen luhur jasamu, pancen mulya
    Nanging opo sing arep ditindakake
    Takdir wis ditulis
    Lan ngene iki dalane
    Ngene iki anane
    Sengsarane tukang sapu dalanan

    BalasHapus
  27. Babad Wedhi Pasisir

    Sorene sore jingga
    wengine wengi biru
    kembang pandhan mesem marang mbulan
    tangane ngawe-awe sajak kemayu
    apa hiya iki dayane layang atimu
    sing jare bakal ditulis kalane ijen
    lan sendhang mung amping-ampingan jendhela
    sing wengi iki isih panggah binuka?

    biyen aku nate apal gojegmu
    kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
    ing lemah suwung pinggire taman
    ora ketang mbalang liring sambi mungkur
    nyamudana wingkis sakehing kekarepan
    nutup kudhuping kekembangan

    iki babad wedhi pasir
    pinaes ganda aruming mawar
    rarasing riris dhadha kumesar


    kulo mochammad muhajir
    9b\24

    BalasHapus
  28. Nalika Sepi

    pasuryanmu sing bening
    tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
    saya suwe tansaya adoh
    ninggalake sepi

    tan ana sabawa gumrisiking alang alang
    aku mung bisa nyawang
    pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
    nganti datan katon kasaput pedut



    Nama:M.Patichur Ramadhani
    kelas:9B
    No:22

    BalasHapus
  29. Rembulan Tanpa Lintang

    Wengi iki dak enteni
    Ananing kahanan kang ayem
    Hawa adem ing jero ati
    Ora ana sak petik lintang
    Nanging ana sak klibat rembula
    Ora ana mendung nyelimuti

    Padhang jinglang cahyane
    Udan ya ora wani ngusik pesonane
    Tentreme wengi iki
    Rasane wengi iki
    Ora bakal pernah keganti



    Ayu Fathur R
    9b/06

    BalasHapus
  30. GETIRING ATI

    Ati kang nandang getir
    Mesthi ngusaha tabah nerjang prahara.
    Tembung kang njendel bisa cair
    Kanthi alusing wicara bisa neduhake duka ing jiwa.

    Petenge wengi mesthi bakal mungkur
    Dening cahya rembulan sing nerpa mega
    Nggolek celah kanggo niliki Pungguk kang tansah kangen

    Sabanjure... awan manjalma, ngowahi punjering jiwa
    Anteng kaya banyu ing tlaga biru
    Nylimuti ati kang gundah
    Amarga kangene durung kawales.

    Entenana, ati...
    arep ana warta saka kadohan nitip pesen
    yen pelangi bakal nyinari eseme
    gawe angeting kangenmu.

    Firly Fajar I 9B/14

    BalasHapus
  31. RON GARING

    Wengi sansaya atis
    nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
    kang digawa dening angin

    prasasat tan kendhat
    anggonku kulak warta adol prungu
    ananging isih mamring

    aku wis pingin cecaketan
    obormu kang makantar-kantar
    madhangi jangkah lan jagatku

    ana ngendi papanmu
    lelana tapa brata
    tanpa pawarta tanpa swara

    aku kadya ron garing
    kumleyang kabur kanginan
    ing jagat peteng lelimengan

    krasa luwih abot
    anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
    mlakuku ora mantep

    kagubet ribet lan ruwet
    adoh saka cahyamu
    pedhut ing sakindering pandulu

    panjenengan
    guruku, sihku, oborku
    kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

    Bintang S.A. IX B/09

    BalasHapus
  32. WULAN NDADARI

    Wayah sore wis lumingsiring wengi
    Manggon ing pojoke langit
    Ing sisih kulon donya
    Katon sulaman emas warnane kaya kunir
    Langit wis katon pucet
    Ora krasa banjur dadi peteng
    Kabeh jiwa padha pingin ngaso
    Kabeh jiwa padha pingin turu angler
    Nanging ragaku
    Isih ora bisa turu nalika iku
    Pingin nyawang wulan ndadari sing kabungkus kabut
    Apa endah sesawangan sing kaya mangkene iku?
    Duh ........ Gusti
    Aduh endahe sesawangan wengi iki
    Yen panjenengan paring izin, ana wulan ndadari katon padang jingglang
    Lan kairing lintang-lintang
    Aku arep terus tetep ana kene nganti sak teruse
    Nganti srengenge wis katon padhang maneh


    M. ERFANDHI H. IXE/37

    BalasHapus
  33. WULAN NDADARI

    Wayah sore wis lumingsiring wengi
    Manggon ing pojoke langit
    Ing sisih kulon donya
    Katon sulaman emas warnane kaya kunir

    Langit wis katon pucet
    Ora krasa banjur dadi peteng
    Kabeh jiwa padha pingin ngaso
    Kabeh jiwa padha pingin turu angler

    Nanging ragaku
    Isih ora bisa turu nalika iku
    Pingin nyawang wulan ndadari sing kabungkus kabut
    Apa endah sesawangan sing kaya mangkene iku?

    Duh ........ Gusti
    Aduh endahe sesawangan wengi iki
    Yen panjenengan paring izin, ana wulan ndadari katon padang jingglang

    Lan kairing lintang-lintang
    Aku arep terus tetep ana kene nganti sak teruse
    Nganti srengenge wis katon padhang maneh


    M. ERFANDHI H. IXE/37

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming