Tembung sukses mono tembung manca, asale aka basa Perancis, ejaane kang asli :succes. Dene ngucapake swara “u “, ing wanda “suk” ora antep kaya ing salumrahe swara “u”, nanging ngambang ana ing antarane swara “u” lan “a”. Ana kang njarwakake sarana tembung : kasil utawa khasil, kang tegese oleh gawe. Nanging ora sethithik saiki ing cecaturan basa Jawa padinan kang nggunakake salinane ing tembung : berhasil. Upamane ing ukara:” Priye olehmu usaha menyang Jakarta, apa wis berhasil?” ,iku karepe, apa wis oleh gawe, apa sukses ?
Tembung “sukses” dhewe saiki wis wiwit populer, wis akeh sing nganggo ing pasrawungan urip katimbang lan tembung salinane mau. Malah ora sethithik kang nganggep yen tembung “sukses” iku wis klebu ing kulawargane tembung-tembung basa kita. Wondene tegese kang luwih cetha, sukses iku: kaleksanan apa kang ditindakake kasil kanthi becik. Terange maneh: pegaweyan utawa perjoangan kang wis katindakake kanthi berhasil, iku katembungake: sukses.
Tujuwanku nulis sing dak jupuk saka sumber, seratane bapak almarhum Imam Supardi iki, mengku karep supaya aku gelem nulis maneh lan iya kanggo wacan muridku idhepe-idhep nguri-uri basa Jawa, e mbok manawa ana gunane ing tembe mburi. Sokur-sokur sing kersa rawuh ing gubugku iku kersa maos lan atur panyaruwe lan nambah paseduluran.
Ngelmu iku pancen kelakone yen kanthi laku.
Mengkono uga sesuluh kang diandharake ing postingan iki, ora bakal bisa menehi paedah sethithika, yen ta mung disetujoni wae diakoni benere dhewe tanpa ditindakake kanthi keyakinane dhewe, sajroning padha nyambut gawe ing saben dinane.
Mula saka iku murih bisa gampang methik sarining sesuluh, luwih dhisik dak aturi migatekake sarat-sarat ,kepriye carane maos buku-buku apa wae kang bisa asung paedah :
1.Yen memaos buku isi wulangan, ing saben perangan utawa saben bab, waosen kanthi sareh aja kesusu-susu. Saben saperangan utawa sabab tamat pamaose, aja nyandhak perangan sateruse utawa candhake, nanging gagasen dhisik, apa lan kepriye karepe kang mentas diwaos mau. Yen isih kurang damang, kurang ngerti utawa ana perangan kang kurang terang, becike diambali maneh pamaose kanthi luwih tamban, luwih tliti lan luwih anjinggleng.
2.Maos klawan sareh iku tegese ora mung: daya-daya tumuli rampung bae, nanging : sajroning maos kudu diselingi “ ngaso sedhela”, memikir apa kang lagi diwaos mau. Yen ana ukara kang sajak nyaleneh, utawa kepranggul panemu kang nembe disumurupi, banjur pitakona ing sanubarine dhewe, apa iya bener lan nyata kaya mengkono? Diselang-seling pitakonan, kepriye carane enggone bakal nindakake isine anjuran kang dianjurake ing kono.
3.Yen saperangan wis tamat pamaose kanthi sareh lan tansah diselingi memikir, lagi mbanjurake perangan candhake maneh. Uga sarana sareh, tliti lan ora perlu daya-daya rampung. Becik ing saben-saben maos, nyandhinga potlot biru utawa potllot abang, perlu kanggo nyireni tetembungan utawa ukara kang perlu digatekake.Carane gawe tenger, ing sisihe tulisan perangan buku sisih kiwa utawa tengen diwenehi tenger palang. Yen perlu, ukara kang penting-penting dicorek ngisore mawa garis abang apa biru. Perlune tetenger mau, yen liya dina arep maos maneh, gampang bisane nujokake kawigaten marang bab-bab kang penting.
4.Kita manungsa iki padha kasinungan sesipatan: gampang lali. Mula saka iku, ing sawijining wektu, apa sesasi sepisan, apa rong sasi sepisan, utawa yen pancen nuju butuh sesuluh, becike buku-bukune kang maedahi, diwaos maneh. Pamrihe supaya bali eling maneh marang apa kang wis nate digatekake lan dipratelakake. Kudu duwe keyakinan yen tansah ana kesempatan kanggo mbeciki pakulinan.
Kaya mangkono carane maca kang becik, maca kang antuk kang nduweni tujuwan arep maju kaya dene bangsa-bangsa liya kang wis padha merdika. Aja dikira mung para sarjana jaman saiki bae kang nganjuri supaya wong memaca kanthi niyat arep maju, methik sarining wulangan kang becik. Dalasan para luhur ing jaman biyen, iya wis nate paring wulangan patrape wong maca kang becik, kasebut ing “Wulangreh”, tembange pucung kaya mangkene:
Lawan maning, ana ing pituturingsun, yen sira amaca, layang sabarang layanging, aja pijer katungkul ningali sastra.
Caritane, ala becik dipun weruh, nuli rasakena, saunining layang ugi, den karasa ingkang becik sira nggowa.
Ingkang ala,kawruhana alanipun, dadine tyasira, weruh ala lawan becik, ingkang becik wiwitane sira wruha.
Iya, ora ?! Wong kuna kok iya wis ngerti kepriye carane memaca kang bisa njalari antuk sukses, antuk paedah.Panyuwunku kaya sing wis dak aturake ing ndhuwur, aku kepengin nulis kang sumbere cetha muga –muga migunani kanggo awakku dhewe lan para muridku lan sapa wae sing rawuh ing gubugku iki. Saya akeh sing dak waca, tibake ora ana saempute yen ditandhingake karo panjengan kabeh, semono uga saya akeh sing daktulis iya ora ana apa-apane yen ditandhingake karo seratan panjenengan, utamane para penulis kang asmane wis kasusra, wis kondhang ngrenggani maneka warna kalawarti.Nuwun.
(sumber,holopis kuntul baris, almarhum bapak Imam Supardi sept 1956 , dicocogake manut ejaan anyar).
HADI 9G/15
BalasHapusUDAN WAYAH SORE
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu ***
ayu safira 9f no.6
BalasHapusALASKU SING WES ILANG
Biyen wit-witan mu ngrembuyung
Biyen godhongmu ledhung-ledhung
Wit-witanmu gawe gunungku kuwat
Saiki wit-witan wes padha ilang
Dijarah,dhiketok,lan ditebang
Digawe omah didol lan dibakar
Alasku sing ijo royo saiki wis ilang
Saiki mangsa redheng wis teka
Bencana gedhe bakal dialami manungsa
Saka tumindake sing murang tata
Oleh paukuman saka Hyang Maha Kuwasa
indriswara detary 9f/20
BalasHapusPERJUANGAN HIDUP
Sesosok arek cilik dekil
Kumel nggolek rejeki
Teka tumpukan-tumpukan sampah menggunung
Gak peduli sinar matahari
nyengat awak cilikmu
Ambu busuk sampah gak kowe peduliin
Karung abot kowe pikul
Pun dadi gak kerasa
Demi perjuangan hidup
Kowe rela ngelakuake iku kabeh
Sungguh hati mulia
ELSA WARNA OCTAVIANY 9F/12
BalasHapusSAWAH
Pacul gowang semendhe lawang
Endi maneh sawah seng digarap
Pari,kedhele,lan sakabehe palawija
Poyang-payingan
Mendem kelepekan
Pacul gowang arip kethul
Kebo sapi lali guru waluku
Precil lan kecebong
Singidan sajroning rong
Tani utun
Endi sawah seng bakal diolah
Udan gerimis gawe miris
Udan deres ati kekes
Udan salah mangsa ati nelangsa
PENI KUSUMA GIRI 9F/28
BalasHapusKOTA ASALKU
Kota asal wong towoku
Kota kang resik lan ijo
Rujak cingur ciri khase
Panganan kang ora bisa di lewatno
Suro lan boyo lambange
Jer basuki moro beyo semboyane
Bonbin wisatae
Bonek pendukunge
Aku bangga dadi arek Suroboyo
ALIFYA NABILA ZAHRA KUSTANTO 9F/03
BalasHapusIDOLAKU
Kowe ora sombong
Kowe ora kemendel
Kowe kapikan
Kowe perhatian karo fans
Kowe sabar ngadepi gosip-gosip seng ana
Tekan gosip seng ngelekno
Tekan gosip seng ngapikno
Kowe adepi karo mesem-mesem wae
Gak salah,yen aku ngefans karo kowe
Kowe apik rupane
Kowe ora padha sombong
Sabar ngadepi opo wae seng ana
Kowe adepi karo senyum lan semangat
Gawe masa depan kowe
Sukse idolaku.. :)
SURGANE PARA TANI
BalasHapusAdoh saka kutha
Amparan Ijo mbentang luas
Ing njerone akeh wit-witan
Nyejukake ing mripat
Nyejukake ing ati
Ing tengah-tengah wit anakan
Para Tani ngadeg gembira
Mandangi Amparan Ijo
Penuh kekayaan alam
Panggonan pengadu nasib
Ing Amparan Ijo
Wit-witan akeh macame
Mandangi Amparan Ijo iku
Bayangake ono zaman sentosa
OKTAVIA SAFITRI 9F/27
PENI KUSUMA GIRI 9F/28 (BARU)
BalasHapusKOTAKU
Surabayaku...
Kota asal wong tuwoku
Kota kang resik lan ijo
Kota kang akeh gedung-gedung tinggi
Rujak cinggur iku ciri khase
Panganan kang ora biso dilewatno
Suro lan boyo iku lambange
Bonbin iku wisatae
Bonek iku pendukunge
Aku bangga dadi arek Suroboyo
NOVIA TRI ANJARINI
BalasHapus9F/24
INDONESIA KU
Sederet-deret pulo kang bentang
Akeh macem kabudayaan-kabudayaan
Alas-alas kang ijo royo-royo
Teka sabang kanthi merauke akeh pulo kang bentang
Sanajan beda-beda nanging tetep dadi siji
Teka puluan tahun perjuangan kanthi saiki merdeka
Kangge Indonesia ku …
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusTsanil Falah 9f/32
BalasHapusPETENGING WENGI
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusRiski lestari 9f/31
BalasHapusKEMBANG ING PINGGIR DALAN
Semerbak wangimu ora berubah
Indahmu ora ana sing kalong
Semilir angin ora kowe hirakne
Debu-debu ora isok ngerusakmu
Oh . . kembangku . .
Istimewane awakmu
Kemabang paling apik
Kembang ing pinggir dalan
Wahyu Roi Fernando 9f /33
BalasHapusNALIKA UDAN DERES
Udan deres sore kang nelesi gegodongan
Aweh berkah kang lagi nandang garing
Sawentara nambahi kekes sing kebanjiran
Udan februari iki aweh nasib maneka warna
Ing Surabaya sisih kidul para mitra ngekep dengkul
Banjir sak nduwuring wentis mrusuh
Saiki dadi segara banyu kang buthek
Udan deres sore iki tak sawang lumantar jendela
Cipratan banyu nelesi kaca mbaka siji mili ndililir
Geneya aweh nasib sing ora pada
Apa iya nbengi iki udan deres maneh?
Mendung wis kandel gumantung ana langit
Wahyu Sudarman 9f/34
BalasHapusKALABENDU
Tak sengguh kala bathara wus lebur
Kisas karo bathara wisnu duk ing nguni
Nanging tibake kok ora
Abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya
Anake kalabendu
Jalaran sajake dhengah uwong during siap mencak
Yen wus siaga ngono ya no problem
Balik sing during kok ya gantine kalabendu
Apa jangkane kalatidha tukul meneh
Mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggawarsito
Kapan-kapan wae kalabendu bisa tukul maneh
Anggere titah nora waspada
Lan mung nuruti hawa
Nanang Fakhrudin 9f /23
BalasHapusUDAN WAYAH SORE
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
N. Iflaha Aisyah 9F/25
BalasHapusKAINDAHAN NDUNYO
Apike alam ndunyo iki
Laute ngombak-ngombak
Megane ngarak-arak
Hawa seger disebul angin
Kula ngadeg ing nduwur gunung
Ngadeg ing ngisor mega
Kanggo ndeleng apike ndunyo
Kaindahan alam
Kula naruhake nyowo
Mertahanke awak ing nduwur gunung
Kanggo ndeleng kaindahan alam
Kaindahan ciptaane gusti pangeran .
Urip
BalasHapusUrip iku anugrah
Tekan sing maha kuasa
Ana sing miskin
ana sing sugih
ana sing mlarat
lan ana sing ningrat
ana sing semangat
lan ana sing bejat
nanging urip kudu disyukuri
yen nduwe sifat syukur iku bisa nentramake ati
Nama: Hanif Dian Firmansyah
Kelas: IX-i
Absen: 37
HIKMAH PUTRI SARY 9G/16
BalasHapusI B U
Saben detik ing uripku
Mesti teriringake langkahmu
Panjat dunga tekan latihmu
Ora leren panjenengan aturaken
Seben kula natapi panjenengan
Terlintasake banyu mata ing pipi
Eling panjenengan menehi segalane
Kasih saying
Ketulusan
Perhatian
Mesti panjenengan persembahaken sing paling apik
Gawe kula
Putri panjenengan
Kula ngertos ora mampu kula ngebalasake segalane
Kula sadar ora ana sing bisa nggantiake panjenengan
Ibu…
Matur nuwun tekan lubuk hati kula seing paling nunjem ati :’)