Jumat, 19 Agustus 2011

17 agustus 2011



.......tujuh belas agustus tahun empat lima......itulah hari kemerdekaan kita.......hari merdeka.....nusa dan bangsa.......hari lahirnya bangsa Indonesia...........
Lagu mars kang dilagokake kanthi sigrak mau keprungu nalika aku melu upacara gendera ing sekolah , dina Rabu tanggal 17 Agustus tahun 2011.
Pengeten kamardikan sing kaping 66 Republik Indonesia tahun iki mabarengi wulan siyam, aku kok njur
kelingan nalika umur sewelasan tahun, kelas papat SR/ SD, kang melu karnaval lan maneka warna lomba. Lan aku iya niteni saben Agustusan , saliyane uoacara gendera, mesthi ana pameran.Biyen jenenge exposisi, yaiku pameran kerajinan utawa prakarya sing dieloni SD lan SMP ing lapangan kecamatan Ngadirojo, kabupaten Pacitan. SMA /SMK durung ana, dadi yen kepengin neruske SMA, SPG, lan sekolah liyane iya kudu menyang Pacitan , sing adohe 38 km saka Lorok. SMP wektu iku mung Taman Dewasa(TD), SMP Swasta lan SMP Muhammadiyah, SMP Negeri ana tahun 63 an, kang jenenge SMP Negeri Lorok. Dhek jaman samana durung ana barang saka plastik, dadi sing dipamerke sabangsane kebutuhan rumah tangga kayata :irus saka bathok klapa gading, siwur saka bathok klapa, serok saka pring ,kalo yaiku saringan klapa saka pring, kesed saka sepet , sulak iya saka sepet klapa kang dithutuhuki utawa sulak saka wulune pitik, kenthing , pithi, krembu wong ya pring iya ora kurang, kelud saka sepet lan sapanunggalane. Ora keri sabangsane wayang sing digawe saka kardus, iya dipamerake.Saben SD oleh stand, stand mau dipayoni kepang blarak klapa. Ya ing stand mau diisi ketrampilane para murid, ketrampilan sing pancen akeh pigunane salaras karo umure bocah-bocah sekolah.Pengunjung jejel riyel amarga kepengin pirsa asile para putra , lan akeh sing padha tuku,karyane para putra mau. Saben barang sing payu para murid iya oleh pituwas semene presen, mula saben murid apik-apikan nggawe prakarya supaya payu. Saliyane pameran, ing bengi iku uga ana maneka warna tontonan kayata wayang wong, andhe-andhe lumut malah tau ana wayang kulit barang. Bisa dibayangake, sawise kesel mubeng-mubeng ndeleng stand lan mborong sing dikersakake, banjur lungguh ngematake tontonan kari milih, karo themal-themil mangan kacang.O iya ing SDku biyen prakarya sing layak jual, sewulan sepisan bocah-bocah didhawuhi dodolan asil karyane ing pasar sing ora adoh karo sekolah. Lan ya kaya sing dakaturake , barang sing payu murid oleh bageyan samene rupiyah.
KASTI.
Saliyane ekposisi ana pertandingan olah raga sing banget merakyat yaiku kasti. Jago kasti dhek jaman samana yaiku SD Wonokarto lan SD Sidomulyo, sejene 2 SD mau iya ana team sing kuwat yaiku Ngadirojo, Bogoharjo lan sawetara SD liyane. Bal kasti cilik, saemper bal tenes nanging atos banget lan ora bisa mendal kanthi sampurna.Sing nakalan nggawa bal kanthi nguber, disawatke ing perangane awak mungsuhe, mesthi wae mungsuhe kelaran nanging ora dirasakke, terus anggone main nganti rampung karo wektu sing ditemtokake.
Wah crita jaman biyen ora ana enteke, kebak cathetan kang sarwa endah ,sarwa nyenengake ,nostalgia kang ora dak lalekake.

KEGIATAN ING SMP 2 SURABAYA.
Ing sekolah SMP 2 Surabaya, iya ana lomba lan upacara gendera. Sing dilombakake yaiku, sing ora ngetokake fisik salaras karo wulan siyam,yaiku lomba adzan, pildacil, fasion moslem lan nggambar poster. Tanggal 17 Agustus 2011 minangka gonging kegiatan dianakake upacara gendera lan dum-duman hadiah.Sing dadi pembina upacara pak Mimin Haryoto wakasek, amarga Pak Hidayat minangka kepala sekolah upacara ing Dinas Pendidikan kota Surabaya

2 komentar:

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming