Senin, 22 Agustus 2011

SUGENG ARIADI 1432 H



dhandhanggula amba amiwiti
wulan Syawal ing warsa Hijriyah
sawusnya siyam nindakke
tigang dasa ri nutug
meper dhahar lawan guling
uga tingkah lan pangucap
iku kang tinuju
amung nengenke ibadah
konjuk Gusti kang murbeng dumadi
slamet donya delahan

wiwit dalu dumugining enjing
takbir saha tahmid angumandhang
Ngagungken apangeranNe
Gusti Allah satuhu
Panguwaos kang rohman rohim
saindheng jagad raya
datan angon wektu
kabeh saisi bawana
tan ana kang luput takdir illahi
mula pancen sanyata

Umat Islam ing jagad puniki
ngantu antu dinten ingkang mulya
Idul fitri ya arane
kakung putri nom sepuh
gegancangan tindak tumuli
tan cicir sakluwarga
wya supe ruh-aruh
kanan kering pra tangga
kantun milih pundi ingkang suka ing galih
ing masjid apa lapangan

lenggah jajar urut kanan kering
ngajeng wingking tan ana kang gothang
anyemut tan rinasakke
mirengken khotbahipun
pangarsaning agami nenggih
iya da’i lan ustad
tan bosen pitutur
dadya umat ingkang setya
adhedhasar kitab Qur’an saha Hadis
tuntunan umat sadaya

sampun rampung sholat idul fitri
samya suka karenaning driya
sesalaman gebinage
gegancangan dha kondur
sampun nengga nisepuh nuli
mapag agita-gita
sembah sungkem konjuk
tandha setya mring sudarma
nyuwun idi pangestu lan pangaksami
apura lan ingapura

kepareng kula taliman tabik
kagem sedherek lan para mitra
tan saged anyebutake
kula saanak putu
ngaturken sugeng riadi
jipatluro hijriyah
siji syawal wektu
ari ingkang tuhu mulya
pangaksama lahir trusing batin
manggya ing karaharjan

2 komentar:

  1. Pak guru , ngaturaken sugeng riyadi 1432 nggih mugi sedaya tansah manggih rahayu.

    BalasHapus
  2. Matur nuwun dumateng kawigatosanipun,salam kagem mas Piet sakulawarga .

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming