Jumat, 10 Agustus 2012

Kapan jeneng Indonesia muncul wiwitan ?


Sadurunge iku akeh julukan kanggo Indonesia. Sing paling umum yaiku Nusantara, nusa tegese pulo, antara yaiku seje utawa seberang. Tembung mau dianggo Majapahit kanggo sebutan wilayah telukane, sing nyakup saka bawana Asia nganti Australia. Sebutan mau tinulis jroning naskah-naskah Jawa Kuno ing abad ka-14.
Ngancik abad ka 17, pulo-pulo sing ngasilake rempah iki biasa disebut Ost Indische ( Hindia Wetan ).Ana uga sebutan Kepuloan Hindia ( Indian Arciphelago), Samodra Wetan ( The Eastern Seas), lan Insulinde( Pulo-Pulo Hindia ).
Ing taun 1850, George Samuel Windsor Earl, sawijining pelancong lan pengamat sosial saka Inggris ,  nggagas tembung Indonesia kanggo makili kelompok ras manungsa (polinesia) sing manggon  kepuloan Hindia (etnografis). Mitrane James R. Logan, sawijining etnolog, nduweni panemu tembung Indonesia luwih apik dilebokake ing istilah geografis amarga cekakan saka  Kepuloan Hindia, lan kanggo nyebut sing  manggon/penduduke, Logan usul Indonesian.
Landa luwih sreg milih jeneng Hindia- Belanda.
Alternatif jeneng Hindia-Belanda nate diangkat ing taun 1919. Volksraad diskusi  bab papat jeneng sing diusulake yaiku : Indonesie, Insulinde, Hindia Belanda, lan Oost-Indie. Jroning pemungutan swara tanggal 26 April, jeneng Insulinde menang kanthi 16 swara. Nanging sawetara dina bacute, keputusan mau dimasalahake, minangka gantine Hindia dipilih tanpa ana udreg-udregan  kanthi alasan yen jeneng mau pancen wis dikenal  apik .
Ing wulan Oktober 1920, Komisi Negara kepengin ngowahi konstitusi  Hindia Belanda.Sawise disetujoni  pamarentah, pasal 1 muni;” Kerajaan Belanda meliputi Belanda, Hindia Belanda, Suriname, dan Curacao….”Pasal iku didiskusekake jroning Volksraad ing Batavia tanggal 26 -29 April 1921.
Sadurunge iku, ing awal taun, Dirk van Hinloopen Labberton, sawijining guru rumangsa trenyuh karo gerakan lan partai-partai kang muncul ing Jawa, nyiapake amandemen lan ngusulke jeneng Indonesia. Dheweke nyiapake karo Ch.Crammer lan Th. Vrede, saengga dikenal minangka  Labberton-Cramer-Vreede. Amandemen iki ditolak saengga ora dibahas jroning sidang Volksraad wulan April 1921. Sawetara wong ing  Volksraad ngremehke “ lagi pantes jeneng mau kanggo salah sijining cerutu “.
Ing wiwitan, pemerintah wis negesake yen sebutan  Hindia –Belanda sacara esensial  wis duwe teges jroning hokum internasional.
Second Chamber saka parlemen ing Walanda nganakake diskusi  tanggal 1 November 1921, oleh inpirasi amandemen Labberton-Cramer-Vreede, W.van Ravestern wakil saka komunis, njelasake maneh sebutan Indonesia. Nasibe sami mawon. Amandemene ditolak.
Digunakake kanggo identitas politik.
Para mudha cerdik cendikia sing nempuh studi ing Nagara Walanda ngganti jeneng pakumpulane Indische Vereeniging (Perhimpunan Hindia) sing madeg taun 1908 dadi Perhimpunan Indonesia (PI ) taun 1925. Tembung Indonesia digunakake jumbuh  karo sawijining gegayuhan negara anyar lan identitas politik.
Nalika konggres Demokratis Internasional kang manggon ing Bierville, cedhak Paris, Agustus 1925, kanggo sing wiwitan jeneng Indonesia dikenalke. Mohammad Hatta makili PI, jroning pidatone mratelakake perjuangan rakyat Indonesia nggayuh kamardikan nasional. Amarga nggunakake jeneng mau kanggo politik, pamarentah Walanda nglarang  tembung Indonesia ing Hindia Belanda. Nanging ora ana sing bisa mbendung.(maneka warna sub,nhis312kc8384pjb).




1 komentar:

  1. wah nembe mangertos sak menika kula Rama...asal-usulipun nami negara kita. Menawi kepareng bade kula copy artikel menika lan tetep kula sebat sumberipun...anangin gaya penulisanipun mbok bilih radi benten...matur nuwun.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming