Kamis, 16 Agustus 2012

LAMBANG NEGARA INDONESIA

Kapan Garuda dadi lambang Negara Indonesia?
  Nalika Bung Karno ngrumusake Pancasila dhek tanggal 1 Juni 1045, panjenengane kepengin konsepe divisualake. Visual mau arep dianggo minangka lambange negara.Nanging lambang mau ora dadi kawigaten nganti limang tahun candhake. Lagi ing taun 1950, Bung Karno kanthi resmi nganakake sayembara lambang Negara. Tanggal 10 Januari 1950, Bung Karno mbentuk panitia sing tugase nyeleksi urusan lambang Negara. Koordinatore Sultan Hamid II, menteri negara zonder portofolio.
Klakon loro kapilih yaiku karyane Sultan Hamid II lan M Yamin. Loro-lorone gambar garuda. Simbol loro mau diajokne ing DPR Republik Indonesia Serikat ( RIS). Sing kapilih yaiku karyane Sultan Hamid II, dene karyane M Yamin dianggep ana pengaruh Jepang amarga ana sunare srengenge.Lambang mau dituduhne marang Bung Karno tanggal 8 Februari 1950. Sawise dibenakke lan disampurnakake sawetara, gambar garuda mau disetujoni minangka lambang resmi Negara RIS , tanggal 11 Februari 1950. Bung Karno banjur ngenalke marang publik tanggal 15 Februari 1950 ing Hotel Des Indes. Tanggal 20 Maret 1950, gambar mau disampurnakake maneh dening pelukis istana, Dullah. Kanthi Peraturan Pemerintah No.66 Tahun 1951, lambang mau resmi digunakake.
 Saka ngendi asale Garuda ?
 Garuda minangka jeneng umum elang mitologis.
Manuk iki tinemu ana ing relief-relief Candi Dieng (abad ka 9 ). Sirahe kaya manungsa nanging duwe cucuk. Relief ing candi Prambanan lan Panataran uga ngemot gambaran manuk Garuda . Saliyane ing relief, Garuda digunakake lambang lan stempel kraton-kraton ing Jawa. Ing jagading pewayangan, Garuda kondhang minangka paraga sing kebak kekendelan, setya, lan kinormat.Gambaran mau ana ing carita seri Ramayana sing diadopsi kanggo lakon wayang. Jenenge manuk mau Jatayu. Kekendelane Garuda pancen rumaket nganti Indonesia mardika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming