Senin, 02 September 2013

Pak Indartato, Bupati Pacitan wonten acara halal bi halal 1434 H


            Kula menika asli saking Ngadirojo Lorok.Saderengipun dados bupati,kula rumiyin ngabdi dateng pak Kusnan , inggih menika ingkang ngasta bupati Pacitan jaman  semanten.Naminipun ngawula inggih among bendara, kasaripun kula rumiyin dados sopir lan momong para putra . Nalika kula ndherekaken Pak Kusnan tindak Bali, dumugi  Pasir Putih laladan Situbondo, kulawarga Pak Kusnan istirahat. Inggih nembe istirahat kalawau , kula matur dhateng panjenenganipun “ Pak kula badhe sekolah, pareng inggih ?“.Mesthinipun wangsulan ingkang kula ajeng-ajeng , iya pinter kowe le, nanging tiba kosok wangsul.”Ora, kowe iku ora pawakan mahasiswa ,kowe kuwi pawakan sopir “(ger, kabeh padha ngguyu)ngaten ngendikanipun. Mireng ngendikan kala wau , kula inggih  nglenggana, nanging ing ing batos dados pamecut, kula kedah sekolah malih, kula kedah sregep sinau.
             Let setunggal tahun candhakipun, kula dipun timbali, wah ing pangajeng –ajeng kula mesthi dipun dhawuhi  sekolah kados ingkang kula idham-adhamake.Nanging , nanging malah dipun dangu “ Kowe apa wis duwe calon ta le ?“ Wah kula inggih mangu-mangu, jer kula piyambak sampun gadhah calon ( karo mirsani Bu Indartanto sing lenggah ing ngarep ). Wekasan kula inggih matur walaka menawi sampun gadhah. Wekdal lumampah terus , kula dipun dangu malih “ Piye le kowe pengin sekolah temenan ?” lan kula mangsuli , inggih pak. Lajeng ngendikan malih “ ya wis, iki buku kauhape wacanen lan kowe kudu bisa basa Inggris , Suk kapan-kapan dak tes, yen ora bisa ora sah sekolah, nyopir wae “ ngaten kaliyan maringaken buku ingkang kandel sanget.Sareng sampun kula sinaoni, kula dipun tes saestu,la  kok  manut panjenenganipun kula dipun anggep mboten lulus, nanging ngendikanipun samenika radi alus. “ Jan-jane kowe arep sekolah apa ta le ?” lan inggih kula wangsuli kepengin daftar APDN. Terus ngendikan malih “ ya wis sianua, terus dak tes maneh lo ya “. Alhamdulillah, wekdal candhakipun inggih dipun tes lan kula dipun parengaken sekolah ngantos lulus .
                 Sareng lulus inggih dados camat wonten sawetawis panggenan ing laladan Pacitan. Lan Alhamdulillah dinten menika  tanggal setunggal  September kalih ewu tiga welas, saged minangkani pamundhutipun para pinisepuh PWP Surabaya, saged  caos atur ing adicara halal bihalal ing dinten menika. Dumugi Genteng kali dipun subya-subya , malah kalawau dipun daulat numpak reyog Ponorogo , wah raosipun remen ngangge sanget.

                  Bab halal bihalal, kula boten saged matur kathah , menika seratan( astane nuju spanduk ) nedya nyambung rasa aja kongsi kepaten obor, wah menika pancen adiluhung sanget.Halal bihalal boten saged dipun pisahahken kalian  kupat .Menawi pareng kula suraosi  kupat menika  kula lepat, ugi saged kula suraosi  sedulur papat lima pancer, beras ingkang dipun lebetaken kaentha pojok sekawan, ingkang kadamel saking janur kuning ingkang kangge wadhah punika, menawi kepareng nggoleka sandhang pangan saking keblat sekawan kanthi nur, kanthu nurani, kanthi margi ingkang leres. Kulawarga Pacitan ingkang wonten Surabaya menika minangka urban pancen kedah saged nyawiji kaliyan kawontenan ing  lingkungan Surabaya, kedah rukun saiyeg saeka kapti, sampun ngantos kepaten obor, kados sesanti ingkang kaserat punika ( astane nuju  spanduk ).Ingkang sampun sukses inggih sampun kesupen kaliyan asal usulipun, inggih punika Pacitan.
                    Menawi pas kondur Pacitan mangga kula aturi pinarak wonten pendapa kapupaten. Pendapa kabupaten sanes kagunganipun pejabat, nanging kagunganipun rakyat. Mangga pinarak, insya Allah badhe kula tampi kanthi suka rena.

                    Bab pembangunan Pacitan perlu kula aturaken, antawisipun JLS  sampun rampung dumugi Ngadirojo,  dene margi  Pacitan -Slahung ing warsa menika langkung  wiyar, senaosa wonten longsor insya Allah boten ganggu tranportasi, Jembatan Cangkring  Ngadirojo, inggih badhe dipun bangun. Para kadang ingkang  saking  tlatah , Ngadirojo ingkang badhe tindak Surabaya, saged medal Wonokarto, Montongan lajeng Slahung, marginipun sampun sekeca.

                    Ikan sepat ikan patin, menawi lepat mohon maaf lahir batin.
(seratan ing nginggil, inggih menika ringkesan sambutan pidatonipun  Bupati Pacitan, Bapak drs  H.Indartato, MM  ing adicara Halal bi halal, ingkang dipun laksananaken ing dinten Minggu tanggal 1 September  2013, manggen ing Gedung Cak Durasim jalan Gentengkali Surabaya. Estunipun sambutan kalawau ngangge basa Indonesia, nanging kula gantos ngangge basa Jawi krama, pramila menawi wonten lepating atur lan boten dados dhanganing penggalih, kula nyuwun agunging pangaksami, utaminipun Bapak Bupati Pacitan.Semanten ugi dhateng para kadang  ingkang keleresan maos, kersaa paring panyaruwe  lan paring koreksi, pundi ingkang  kinten- kinten boten gathuk. Kula piyambak meh saben wonten acara halal bihalal PWP Surabaya , insyaAllah ndhatengi lan inggih nembe menika sumerep piyambak priyantunipun bapak Bupati Pacitan, ingkang kawentar merakyat.Menawi  Bapak Indartato rumiyin dados sopiripun Bapak Kusnan, samenika ngemudeni baita Kabupaten Pacitan . Sugeng makarya wonten ing kitha setunggal ewu guwa,JER BASUKI MAWA BEYA, RAWE RAWE RANTAS  MALANG MALANG PUTUNG, HIDUP PACITAN , kungpurwonodadikulon.)
Ket gambar : foto 1 nginggil piyambak Pak Indartato (ngagem udheng reyog nembe ngendikan kaliyan para pangarsa PWP, antawisipun Bapak Fandi Utomo), dene foto tengah pak Indartato sekaliyan nembe lenggahan kaliyan para pinisepuh PWP.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming