Kamis, 26 September 2013

SUGENG TINDAK PAK SIN



               Yen ana wong dicakot asu iku dudu warta nanging yen ana wong nyakot asu iku lagi warta. Ukara mau dak temu ana ing buku  cilik seratane Pak Sin kang asesirah Golek Duwit Sarana Tulisan sing dak tuku nalika mlaku-mlaku ing bursa  buku  bekas jalan Semarang  Surabaya sawetara tahun kepungkur. Buku sing cilik tipis, nanging manis  gampang dingerteni, pancen cocog banget kanggo sing isih blajar nulis embuh iku nulis warta , apa nulis crita.Eman buku mau dak ongkreh-ongkreh, nganti  saiki ora ketemu.
               Iba kagetku bareng maca warta  yen  dina Selasa, tanggal 17 September  2013,panjenengane kapundhut ing dalem yuswa 89 taun.  Inna lillahi wainna illaihi roji’un……
               Sadurunge iku aku wis ngonsep layang, arep matur apa pareng sebagian seratane bab gempilan sejarah kang ana ing kalawarti basa Jawa Panyebar Semangat lan Jaya baya dak dak unggah ing gubugku kene iki? Nanging kabeh angen-angenku cabar lan aku iya ora bisa nyalin sakarepku dhewe tanpa keparenge sing kagungan naskah.
                 Pak SIN sing asma jangkepe H. Soebagijo Ilham Notodidjojo,  miyos ing kutha Blitar 5 Juli 1824, putrane kulawarga guru Ilham Notodidjojo – Ibu Sutinah. Krama karo Siti Supiah ing wulan Mei 1961, swargi kagungan putra  enem : Budi Setiawan, Budi Sawitri,Budi Nastiti (alm), Budi Saraswati, Budi Wijiastuti lan Budi Prawitasari. Saka para putra mau Pak SIN kagungan wayah sepuluh lan buyute lima.
Sugeng tindak Pak SIN, aku kabeh ndherek bela sungkawa, jembara kubure lan tinampia kabeh amale, Amien.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming