Senin, 25 November 2013

Di sambangi alumni



Minggu tanggal 10 November wingi , aku disambangi muridku alumni  8E spendabaya angkatan tahun 2012 – 2013.Bareng wis munggah kelas 9, kepeksa dipisah  lan diurutke karo nisn kaya nalika kela 7 biyen.Aku dhewe ya rada kaged lan duweni rasa bombing, e tibake cah-cah ki ora lali karo gurune.Sing luwih  gawe trenyuhku  cah-cah mau nggawa kuwe tar lan ana angkane pitulas, mangka umurku  10 November tahun iki (2013) Alhamdulillah  61 tahun. “Supaya pak Pur awet muda dan selalu sehat “ ujare, aku iya mangsuli amin….. Sawise lilin disumet aku iya “ meniup lilinnya “, wah ngondhok-ondhok banget. Lan bocah-bocah padha dak jak donga sing intine muga-muga aku diparingi kesehatan panjang umur , sehat, barokah lan kanggo bocah-bocah muga-muga lancar sinaune  kaleksanan apa sing diidam-idamake lan migunani kanggo nusa lan bangsa, amin . Dene sing teka makili kancane yaiku :
Aga 9F, Fitri 9D,Imron 9C, Fawaid 9H, Karima 9B, Feren 9C, Mira 9E, Pipit 9A, Zena  9B.
Kesuwun ya cah, aku kok sambangi lan kok oleh-olehi roti lan kuwe taar, muga lulus kanthi biji sing maremake lan ketampa ing sekolah sing kok tuju, amin.
Cah-cah mau ya wis pinter it, lan iki jeneng  bloge .......
 fitri : apriliaf17.blogspot.com 
 aga : aganugie.blogspot.com
 feren : ferenoctaviani16.blogspot.com 
 pipit : fitriawah.blogspot.com 
 mira : miratulhasanah56.blogspot.com
 zena : zenaquldii.blogspot.com
 karima : kafatmawati.blogspot.com
 fawaid : noname.blogspot.com
 imron : imron9c.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming