Jumat, 14 Maret 2014

Ketemu karo pangarsa basa Jawa.


     
            Ora ngira yeng anggonku  sesambungan karo mas Suharmono via facebook ,entuk tanggapan kang banget gawe leganing atiku. Malah aku diutus nyampurnakake lambang PPSJS , diwenehi kelir supaya luwih apik menarik . Pancen sing nyipta lambang mau aku tahun 70an, nalika PPJS dibiwarakake nalika semana kanthi sponsor tunggal alm bapak Suripan Sadi Hutomo.Wektu iku aku kuliah ing jurusan seni rupa IKIP Surabaya nganti lulus sarjana muda, nanging aku luwih ketarik marang basa Jawa.Malah nalika semana sawetara karanganku  awujud crita cekak kamot ing majalah Panyebar Semangat.
            Nanging embuh apa sebabe wiwit tahun 80 an kaya-kaya ora duwe krenteg nulis blas.Beja kemayangan ngancik tahun 2008, aku duwe kanca sing asmane pak Sugeng, sing miwiti aku blajar nulis maneh ana ing blog. Wiwit tahun mau aku sithik mbaka sithik nulis ing blogku sanajan mung” cowek , diwoco dhewek “.Aku biyen mlebu senirupa mung pawitan nggambar wayang, seni dekoratif. Dadi wulangan anyar kayata proyeksi, perspektif lan liya-liyane ya rada kecipuhan.
              Mbaleni bab aturku ditimbali mas Harmono.Tanggal 7 Maret 2014 kepungkur aku sida menyang DKS sing manggon ing dalan Pemuda Surabaya. Amarga bakal ketemu karo pangarsa basa Jawa, mula aku ngajak mitraku ya guruku pak Sugeng, sing wis tak aturke ing dhuwur.Senajan rada telat pungkasane ketemu karo Mas Suharmono sing siki wis kagungan gelar Doktor. Malah ora mung iku, aku malah ketemu Begawan basa Jawa, bapak Suparto Brata, ketemu pak Aming Aminudin, mbak Susi Partosudarmo, mas Joko, mas Widodo Basuki (red.pelaksana Jaya Baya), lan para pengurus PPJS sing anyar. Ing sapatemon mau mas Harmono ngendikan bab program kerja, kegiatan apa sing bisa ngangkat jenenge PPSJS lan liya-liyane.
            Udan nggawa kabegjan, yaiku ukara sing pantes dak tulis. Sanajan Surabaya digrujug udan , pranyata aweh barokah kang nglantarake aku bisa ketemu karo para pangarsa basa Jawa. Matur nuwun mas Harmono, sugeng nindakaken jejibahan , muga-muga basa Jawa tetep lestari nganti kukuting  jaman .Iki sawetara foto karo bapak Suparto Brata lan pak Aming lagi aksi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming