Selasa, 04 Maret 2014

SUGENG TINDAK BULIK

 1. Racake cah jaman saiki , gembleleng pethitha pethithi. rumangsa pintere kepati, wis ora ana sing nandhingi (dilagokake kaya  pepaya mangga pisang jambu ).

 2.Indonesia tanah air beta pusaka abadi nan jaya.......(lst)

3.Kucingku belang, beranak belang, berguling-guling …… (lst )

4.Teringat masa lalu , waktu ku disampingmu, memandang bulan terang….(lst).

5. Kembang anggrek wiwit thukul, aku eling nyang kowe, dhek nalika padha kumpul, dolanan, karo kowe ...........(lst)

                 Limang lagu mau sing paling dak apali nalika bulik Sri (rayine swargi ibuku ), isih sekolah SMP Taman Dewasa (TD)Lorok, kab Pacitan. Nalika samana tahun suwidakan, lan prastawa G30S PKI, durung dumadi.Aku kelas telu SR , lan bulik Sri kelas loro SMP.Saliyane wasis nyanyi bulikku uga wasis nglukis.Sing diremeni gambar pemandangan alam, diwarna nganggo cat air. Amarga tuku kuwas kangelan,  mula panjenengane ngasta kuwas dhewe saka remane. Remane dipotong pas pucuke sawetara cm, njur ditata neng sada ditaleni nganggo benang diemper kaya kuwas gawean toko. Ya kuwas made in piyambak mau, kanggo ngelir gambar sing wis dikonsep.
                 Yen sekolah mung tindak wae, amarga jaman samana pancen ora ana kendaraan.Pit wae arang-arang sing duwe.Amarga ndherek ibu, mula meh saben Sabtu aku ndherekake bulik kondur menyang Ketanggung, kec Sudimoro, kab Pacitan. Eyang kakungku dhewe sawijining Kepala Sekolah ing tlatah Ketanggung mau, kang wasis banget wulangan etung, saiki matematika. Kawasisane  Eyang Kakungku mau nurun marang adikku ragil kang saki dadi guru matematika ing SMP tlatah kab Pacitan.
                Waktu terus lumaku, aku mlebu SMP Negeri Lorok lan Bulik nerusake ana ing SPG Semarang , iya ndherek Bulik rayine ibu let siji. Asmane bulik mau ya padha nganggo Sri . Yen Bulik Semarang asmane Sri Mulyani, yen Bulikku Jakarta  sing ragil iki asmane Sri Mulyati.
Nalika aku SMP mau , bulik krama lan diboyong karo kakunge sing ngasta polisi ing Jakarta. Tau aku ya sowan mrana menyang Jakarta, nalika aku ngurus pengangkatan PNS, wektu semana daleme ana ing Jatinegara.
                 Ing wulan September 2010, aku nelpon bulik  kang intine ya riyayan kabar kaslametan lsp. Ora mung iku, malah bulik ngutus aku sowan menyang Jakarta. Wah ya ora dak bayangke senenge, amarga anakku  dhewe kepengin menyang Jakarta, malah ngajak numpak mobil disetiri dhewe. Klakon aku sida sowan nyang Jakarta, sing daleme wis pindah ana ing komplek Rafles Hill, Cibubur.
               Tahun 2011 aku ngeterke anak lanang sing nikah ing tlatah Bekasi. Ya ing wektu iku Bulik rawuh melu ngestreni anakku dadi manten, ora dak nyana iku pepanggihan sing pungkasan.
               Dina Rebo tanggal 26 Febr 2014, ana bel, saka adikku Pacitan kang banget ngagetake, yen bulik Sri seda. Aku setengah ora percaya , banjur  ngebel anakku, nanging ora dijawab, banjur ngebel mantuku, lan mantuku crita yen sisihane lagi tugas nyang Lampung, mungkin lagi sibuk. Genti  mas Hartono sing daleme Bekasi  putrane Budhe(isih sugengdaleme ing Bodag Panggul  Trenggalek ). Temenan mas Har ngendikan yen Bulik Sri pancen wis seda, mau awan jam siji, kanthi yuswa 66 tahun. Inna lillahi wa inna ilaihi Rojiun.
                 SUGENG TINDAK BULIK, MUGI PANGERAN PARING PANGAPUNTEN  SEDAYA KALEPATAN LAN DIPUN TAMPI SEDAYA AMALIPUN. AMIN YA RABBAL AL AMIN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming