Minggu, 18 Mei 2014

Nukulake Tresna Aksara Jawa




           
Aksara Jawa. Ing kasunyatan generasi enom ora kepencut blas, ora gaul. Apa banjur nglokro pasrah bongkokan ? Ora, ora tenan! Malah maneka warna terus ditindakake supaya pusaka budaya iki tetep urip lestari, salaras karo owah-owahan jaman,
Dandi (10), siswa kelas V SDN Sampangan 26 Solo, Jawa Tengah, nyoretke potelote ing ndhuwure lembaran kain putih ing ngarepe. Dheweke nulis tembung nganggo aksara Jawa. Kadhang-kadhang ndeleng  buku wulangan sing ngamot  susunan aksara Jawa jangkep  ha-na-ca-ra- ka.
             “ Aku  arep nulis, Solo ana apa  ya…...Oh Solo ana gamelan.,” ujare kesenengen sawise nemokake ide.Dheweke nyoba neruske nulis.Nulis basa Jawa migunake aksara Jawa dudu bab  sing gampang kanggone Dandi. Mula ya iku mau, kudu ndeleng  buku panduan” Lumayan angel  ,“ujare karo mesem. Ora adoh saka kono,Rofi Nur murid SDN 44 Nusukan Solo, nulis”Panah  Pasopati”. Rofi wis nyiapake tulisan aksara Jawa iku ing buku saengga kari nyalin ing kain putih “Gampang kok “ujare.
Atusan murid sekolah dasar ing Solo melu kegiatan nulis aksara Jawa jroning rerangken gerakan kanthi tema    “Aja lali Jawane “ ing latar parkir Novotel, Solo ing pinggir dalan Slamet Riyadi, sawetara wektu kepungkur.
                Kegiatan iki digelar Jatayu Muda dan Berbudaya, sawijining komunitas Mahasisawa Ilmu Komunikasi, Fakultas Ilmu Sosial dan Ilmu Politik, Universitas Sebelas Maret, sing “ berkecimpung” jroning bidang kabudayan, kanggo mengeti Hari Pusaka Dunia (Word Heritage Day), sing tumiba saben tanggal 18 April.”Kula sedaya narget 1.000 murid ndherek nulis “ ujare.
Beberan kain mori sing dawane 300 meter lan cendhake kira-kira 40 sentimeter digelar. Bocah-bocah SD kuwi kena nulis apa wae, antara liya pewayangan, jeneng pasar ing Solo, alat musik gamelan Jawa, jajanan tradisional lan panggonan wisata ing Solo.
               Acara iki duweni pangajab nukulake tresna lan nggalang kepedulian nglestarekake aksara Jawa wiwit cilik.
“Kula sedaya kepengine ngajak supados lare-lare nguri-uri aksara pusaka budaya Jawa” ujare Cynthia Putri, Sekretris Jatayu Muda dan Berbudaya.
Momentum refleksi .
Cyntya lan kanca-kancane gregeten tenan. Basa Jawa lan aksarane saya suwe saya bleret kanggo generasi nom lan cah-cah sekolah.Kamangka wis diwulangke minangka muatan lokal ing SD lan SMP. Wektu nyambangi nyang sekolahsekolah kanggo ngajak nulis aksara Jawa, ditemokake murid ngomong” mbak aku ora bisa nulis Jawa “. Iki dadi momentum refleksi kita. Ayo terus nyengkuyung muatan lokal basa Jawa tetep dikukuhi lan dimekarake “ ujare.
             Nanging pancen eling banget, ora mungkin meksa wajib dipigunakake jroning tulis menulis saben dina.” Paling ora kegiatan iki bocah-bocah duwe pengalaman katut nglestarekake nganti kagugah kesadarane “ jare Cyntia.
Kepala Dinas  Kebudayaan dan Pariwisata kota Solo, Eny Tyasni Susana ngakoni budaya nulis aksara Jawa saya ilang. Mula saka iku Pemerintah Kota Solo nukulake maneh kanggo ngusung sawetara program.Salah sijine ya nulis aksara Jawa ing papan jenenge sekolah, kantor nganti mall. Liya saka iku uga ndadekakae basa Jawa minangka muatan lokal jenjang  SD lan SMP.
             Eny banjur ngelingake , aja nganti aksara Jawa nduwe nasib nganti didhaku negara liya, kaya kedadeyan sawetara tarian tradisional Nuswantara. Ing tengahe pergaulan global singnganggo basa Inggris, kudune basa Jawa tetep diuripi. Bocah-bocah aja mung gandrung aro budaya liya, Korean Pop, sing pancen ngetren lan mencutake.
             “Aksara Jawa ora oleh ilang,  kita aja nganti dipisahake  karo aksara Jawa.Eman banget yen nganti budaya leluhur sing umure atusan tahun iki diakoni negara liya “ ujare Eny. Karyane  tulisan murid-murid SD mau banjur disumbangke marang Museum Radya Pustaka, Solo. Direncanakane, tulisan mau arep dibatik adik-adik kelase ing pengetan Hari Pusaka Dunia 2015. Sawise rampung  nulis, kabeh peserta diajak nekani Museum  Radya Pustaka ( sumber kompas,mg11514p9pendbud,erwinedhiprasetya,pjb).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming