Sabtu, 24 Mei 2014

Wayang kancil saya disenengi ing Eropa.



   
             Wis kaping pira. dhalang wayang kancil asal Yogyakarta, Ki Lejar Subroto, arep pentas ing sawetara  negara Eropa wukan Mei – Agustus 2014. Pementasan mau uga diieloni karo  pameran wayang kancil ing kompleks Balai Kota Den Haag, Walanda. Pentas lan pameran mauu nuduha yen wayang kancil saya  digandrungi  masyarakat Eropa sanajan apresiasi ing Indonesia malah  kurang.
“Aku diundang kanggo pentas, pameran lan aweh pelatihan soal wayang kancil ing Walanda, Inggris lan Jerman. Mungkin  yen ana wektu arep nyang Perancis barang, “ jare Ki Ledjar Subroto nalika ditekani ing omahe Yogya,  dhek dina Sabtu(17/5)
             Njupuk saka “Serat  Kancil “
Wayang kancil sawijining wayang kanthi paraga tokoh-tokoh kewan. Dene kisah wayang iki, antara liya, dijupuk saka serat Kancil, sawijining karya sastra Jawa kanthi tokoh utama kancil kang ana wiwit abad 18.Ledjar nyiptakake wayang kancil, ing tahun 1980 kanthi tujuan nyedhakake maneh bocah-bocah karo kesenian wayang kulit.
Ledjar mojar, yen Senin iki, dheweke budhal menyang Negara Walanda kanggo tampil jroning Tong-Tong Fair, festival Kesenian lan pasar malem sing akeh nampilake kabudayan Indonesia. Ing Saben pementasan  Ledjar dikancani putu kinasih Ananta Wicaksana(29),sing wiwit cilik sinau ndhalang wayang kancil.
Sawise pentas ing Walanda, Ledjar terus menyang Jerman lan Inggris kanggo tampil jroning sawetara festival  sing digagas sawetara seniman Inggris sing nate sinau  wayang kancil ing Indonesia.
Ananta Wicaksana nandhesake yen Wali Kota Den Haag sacara khusus njaluk supaya Ledjar nggawe wayang manuk bango. kewan sing dadi ikon kota Den Haag( sumber. komps,19514p12,dikbudHRS, pjb).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming