Selasa, 17 Agustus 2010

MALAYSIA MANEH, MALAYSIA MANEH................


Menlu Mesthekake Malaysia Nglanggar Wates.
Telu Staf Kementerian Kelautan lan Perikanan sing dicekel Malaysia wekasan dibebasna. Indonesia mesthekake yen Malaysia wis nglanggar garis tapel wates rong negara."Wis kedadean nglanggar wates.Kita jaluk aja dibaleni maneh,"ngendikane Menteri Luar Negeri Marty Natalegawa sadurunge upacara HUT RI ka 65 ing Istana Merdeka Jakarta, Seiasa 17 Agustus 2010. Marty negasake, tugas wiwitan wis rampung, yaiku mbebasake telu staf Kementerian Kelautan lan Perikanan, dene tugas kaloro yaiku jaga kedaulatan RI."Tugas kaloro mesthekake yen kita kudu jaga kedaulatan, ora ana kompromi sadumuk bathuk sanyari bumi"tegas mantan juru wicara Departemen Luar Negeri iki.Ing pelanggaran wates wilayah negara, Indonesia wis wis kirim protes marang Malaysia.Indonesia jaluk supaya Malaysia ora mbaleni tumindak sing culika mau."Wis kedadean pelanggaran tapelwates, kita wis kirim protes"tegas Marty.Insiden genti nangkep iku kedadean ing dina Jumat 13 Agustus kepungkur ing perairan Pulo Bintan, Kepulauan Riau.Telu staf Kementerian Kelautan lan Perikanan ditangkep amarga dinuga mlebu perairan Malaysia ing Kota Tinggi.Telu warga negara Indonesia mau digawa menyang Malaysia amarga bekuk pitu nelayan Malaysia. Kamangka pitu nelayan Malaysia sing dicekel Indonesia cetha wela-wela wis nglanggar garis wates rong negara. Police Marine Malaysia ngetokake tembakan pepenget, mula gelem ora gelem pasrah bongkokan wong kapale ora duwe senjata.Esuk mau, wekasan telu warga Indonesia dibebasna, semono uga pitu nelayan Malaysia ya wis dideportasi.

Senin, 16 Agustus 2010

Album Pengetan 17 Agustus 2010




Kaya adat saben, Agustusan ing sekolah iki iya semuwa banget.Agustusan 2010 bebarengan karo wulan suci Ramadhan 1431 H,dadi sakehing lomba lan kegiatan dianakake sadurunge wulan pasa.Maneka warna lomba kayata:karaoke, catur, futsal,pidato basa Inggris,lomba kebersihan kelas lan liya liyane.Sing paling rame yaiku futsal antarane kelas 9d mungsuh 9H. Padha dene ngotote padha dene kuwate, loro-lorone ora ana sing gelem ngalah.Wekasan kelas 9H gelem ora gelem kudu ngakoni kaluwihane 9D kanthi skor 3-1.Bapak ibu guru ya ora gelem kalah, nganakake lomba nyunggi tampah. Saben bapak /ibu guru duwe sporter dhewe-dhewe. Upamane nalika Bu Tarti,Bu Harti lan Bu Nurul nyunggi tampah mau, murid-murid iya bengok-bengok Bu Tarti...Bu Tarti...Bu Harti Bu Harti .....Bu Nurul Bu Nurul lan sapanunggalane, wah aula iki kaya stadion mini wae saking ramene sporter.Ing pungkasane kegiatan yaiku jalan sehat ing dina Sabtu tanggal 7 Agustus 2010.Dene rutene jalan sehat mau yaiku start dalan Kepanjen,dalan Indrapura menggok dalan Rajawali ngetan Jembatan Merah,menggok ngidul dalan Veteran lan menggok Kantor Post Kebon Rojo lan finish ing sekolahan maneh.Gong Agustusan yaiku upacara gendera tanggal 17 Agustus 2010.Upacara diwiwiti jam 06.30, amarga bebarengan ibadah pasa ,luwih esuk luwih apik.Pembina upacara bapak Kepala Sekolah paring sambutan sing wose nggugah semangat supaya bocah-bocah sregep sinau. Saiyane iku uga pembagian hadiah maneka warna lomba, marang para murid sing kasil menangake lomba kepungkur.

Minggu, 08 Agustus 2010

Balada TPP


Sawise otot-ototan antarane DPRD Madukoro karo para guru wekasane ditetepake yen TPP(tunjangan profesi pendidik), bakal dibayar suk tanggal 26 Agustus 2010.Janji mau diucapna anggota dewan sawise nampa kurang luwih 10 wakil guru sing kagabung ing PGRA({ersatuan Guru Republik Amarta).Tanggal 6 Agustus 2010 sadurunge ketemu anggota dewan, ana yen telung atus guru padha nglurug menyang gedung dewan, kesabarane guru wis entek, sabar ana watese, mosok kon sabar kon tlaten yen ngadhepi murid ing jero kelas

Ngukuhi karepe dhewe.
Sapatemon antarane antarane guru lan anggota dewan rada usrek, panas, loro-lorone ngukuhi benere dhewe-dhewe.Manut anggota dewan pambayaran TPP, ngliwati perubahan anggaran khusus(PAK).Alasane, PAK wiwit dibahas Senin 9 Agustus sing arep teka. Ketua pimpinan rapat Bathara Bayu menehi garansi TPP bisa ditampa sadurunge Lebaran.”Wektu iki dewan lagi mroses perda pertanggungjawaban APBD 2009” ucape. Anggota komisi B, Bathara Bayu mratelakake. Sumber TPP wis jelas, yaiku APBN.Kari nunggu wektu dana mau cair. Supaya tepat wektu, pemkot sadurunge bisa nglebokake TPP iku ing APBD. “Yen anggaran wis mlebu APBD, pencairan gak perlu pasetujon dewan” ucape.Bathara Bayu njentrehake, dewan ora duwe karep ngalangalangi pembayaran TPP.Maneh-maneh dewan duwe alasan yen pemkot wis ngajokake ping papat MPAK, yaiku Januari, Februari, April lan Juli” Nah amarga pembahasan PAK enggal ditindakake, TPP ya dibahas ngliwati mekanisme kasebut’ omonge. Para guru genti mentahake argumentasi dewan. Ketua PGRA Wisanggeni ora gelem kalah, yen mekanisme pencairan TPP wis jelas, yaiku liwat MPAK(mendahului PAK).”Anggaran iku saka APBN sing bisa dicairke liwat MPAK,”ucape. Wisanggeni nerangke yen dana mau banget dibutuhake dening para guru amarga kebutuhan ora bisa disemayani lan reregan saya mundhak, Yen ngenteni PAK bakal suwe, yen dewan ora kepengin ditekani terus, tulung TPP enggal dicairke, ngono panjaluke. Swasana saya panas padha wasise micara, wekasan dewan mutusake yen pencairanTPP tanggal 26 Agustus ngarep. Asumsine rapat paripurna pengesahan PAK tanggal 25 Agustus.

Wiwitane para guru tetep nolak idene dewan mau, amarga janjine dewan nalika saptemon sadurunge ,dewan janji PAK digedhog tanggal 15 Agustus. Wah iki ateges omongane dewan ora bisa dicekeli” ngono omongane ketua advokasi PGRA Gathutkaca.”Ora ana jaminan yen yen TPP bakal dicairke tanggal 26 Agustus”. Dewan ya emoh kalah genti gertak para guru. Manut Bathara Bayu, dewan ora duweni wewenang meksa TPP cair cepet” Ora bisa yen dipeksa kaya ngono’ ucape. Ora kepengin kedawa-dawa wekasan PGRA jaluk jaminan supaya pencairan temen-temen tanggal 26 Agustus”Apa jaminane?” pitakone Gathutkaca. Oleh pitakon kaya ngono, dewan ora wani komitmen “Ya aja dewan wae ta sing didesek. Sebab, pembahasan PAK ,ya karo pemkot. Mula eksekutif ya kudu komitmen”wangsulane bathara Bayu.Gathutkaca dhesek terus” Sing ngusulne pencairan suk tanggal 26 Agustus iku dewan, dudu pemkot, dadi ya dewan sing tanggung jawab yen TPP nganti ora cair “.ucape Gathutkaca emoh kalah.
Wali Kota Madukoro Raden Angkawijaya(dhalange nglindur) ngirimi surat menyang Dewan, jaluk cepet dicairne.
$$$

Ing SD 3 Karangkedhempel. Sajege pak guru Arjuna pindah menyang Amarta dadi anggota dewan pusat, lali kontrol utawa inpeksi, wis kadhung kepenak beke. Apamaneh pacar lawas Dra Banowati, SH, MH ya dadi anggota dewan, wah kalodangan perselingkuhan tenan,linak litu lingga lilur singkatan apa ta kuwi? Mula pak guru Gareng, pak guru Petruk, pak guru Bagong olehe ngrasani ora entek-entek.
Pak guru Gareng :ya tutugna olehmu pacaran karo Banowati,konangan KPK sida tamat riwayatmu!"".
Pak guru Petruk :dewan pusat, ya dewan pusat,sing daerah iki ngono pisan,getun
aku milih biyen.Tak kira mbelani wong cilik,kamangka TPP dadi hakku, lan iku anggaran APBN lan dhuwite ya wis ana, ngenteni apa maneh".
Pak guru Bagong :wong yen kuwasa ya ngono kuwi.Ana unen-unen "AKU SING KUWASA KOWE AREP APA".Lali ta ukara mau, pak guru kok telmi, ora sah dadi guru, ngisin-isini".
Pak guru Petruk :ya ora ngono, aja ngundhat-undhat padha gurune, ora pantes dirungokke.Biasane Bathara Wisnu ki tanggap sanajan rada telat, karo aku tak takon pembaharuan berkas ngajokake TPP kanthi gaji pokok sing anyar wis kok setor kangmas Gareng ?"
Pak guru Gareng :lo yak apa se, sing koordinir rak dhi guru Petruk.Saliyane gaji pokok, akeh iku ya sertifikat guru profesional, jumlah akehe beban mengajar, SK wiwitan, Sk pungkasan, rekening bank lan isih akeh maneh. Yen nganti ketlisut awas, ilang-ilangan guru siji !".
Pak guru Petruk : e, dielingke apik-apik kok. Ngancam ya,ngancam ya.Majua sida dak tapuk iki ana jepe"

Swasana rada kisruh, pak guru Bagong isane mung bekah-bekuh, dene guru liyane pak Bilung, bu Cangik etc meneng wis ngerti lageyane pak guru loro mau.Gampang geger lan gampang rukun, ora perlu dagatekake.Nanging awan iki kok sajake temenan, serius wah embuh kah tukarana kono, gelutan kono! Ora padha ngerti yen satindak-tanduke mau di semak kepala sekolah drs Badranaya. Ngendikan kanthi sareh:"wong para dwija kok ngagul-agulke emosine. Wis padha maca koran apa durung? Walikota wis kirim layang marang dewan lan bathara Wisnu wis nyanggupi, TPP cair.Kabeh kudu matur nuwun marang usahane lan perjuangane ketua PGRA drs Wisanggeni sak wadya balane sing gelem nglurug ing kantor dewan. Ora sah nyalahke sapa-sapa,wiwit dina iki bisa dideleng rekeninge, ora ketang metu 5 wulan, kekurangane nyusul.Lo..... arep menang endi kuwi......mengko......bank bukak nganti jam 15.00...... kae lo muride wis ngenteni .......Wah dhagelan ora lucu, mosok dikandhani ngecek rekening kok semburat kabeh....tanggal yahmene apa bayaran wis entek, e bu Cangik aku titip buku tabungan print ya ......."para murid ngguyu ngakak, e tibake sami mawon ......

Sabtu, 07 Agustus 2010

SUGENG SIYAM


Kagem para sedherek ingkang ngrasuk Agami Islam kula sabrayat ngaturaken sugeng nindakaken ibadah siyam tahun 1431 H. Mugi-mugi sedaya amal ibadah kita tinampia ing ngarsanipun Gusti Allah, lan kita kalebet tiyang ingkang sholeh lan sholekhah, amin.

tugas kliping


Sawise ngarang naskah drama crita rakyat, iki ana tugas sateruse yaiku golek rubrik kanthi irah-irahan"SEKOLAH KANGGO APA'", sing diserat bapak Suparto Brata, sastrawan sing wis diakoni jagad Internasional.Rubrik mau ana ing majalah Panyebar Semangat(PS),antarane nomer 27 nganti 30, golekana dhewe.Yen wis ketemu difoto copy banjur ditempelne ing buku folio, tugas iki kelompok.Sing dibiji ora mung ing buku folio, nanging diwaca genti genten manut akehe anggota kelompok mau lan ketua kelompok gawe dudutan(kesimpulan). Perlu kok ngerteni yen bapak Suparto Brata, alumni SMPN 2 Surabaya tahun 1950, bebarengan karo bapak Wardiman Joyonegoro mantan Mendiknas.Bapak Wardiman Joyonegoro rayine(adiknya) bapak Purwadi Joyonegoro ketua Komite SMPN 2 Surabaya.Foto ing dhuwur yaiku panjenengane bapak Drs.Mochtar, piumpinan redaksi majalah Basa Jawa Panyebar Semangat.Sapa sing bisa maca aksara Jawa ing dhuwur lan bisa negesi, enggal matur pak Pur ana hadiah, lumayan bisa kanggo takjil.
Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming