Selasa, 17 Agustus 2010

MALAYSIA MANEH, MALAYSIA MANEH................


Menlu Mesthekake Malaysia Nglanggar Wates.
Telu Staf Kementerian Kelautan lan Perikanan sing dicekel Malaysia wekasan dibebasna. Indonesia mesthekake yen Malaysia wis nglanggar garis tapel wates rong negara."Wis kedadean nglanggar wates.Kita jaluk aja dibaleni maneh,"ngendikane Menteri Luar Negeri Marty Natalegawa sadurunge upacara HUT RI ka 65 ing Istana Merdeka Jakarta, Seiasa 17 Agustus 2010. Marty negasake, tugas wiwitan wis rampung, yaiku mbebasake telu staf Kementerian Kelautan lan Perikanan, dene tugas kaloro yaiku jaga kedaulatan RI."Tugas kaloro mesthekake yen kita kudu jaga kedaulatan, ora ana kompromi sadumuk bathuk sanyari bumi"tegas mantan juru wicara Departemen Luar Negeri iki.Ing pelanggaran wates wilayah negara, Indonesia wis wis kirim protes marang Malaysia.Indonesia jaluk supaya Malaysia ora mbaleni tumindak sing culika mau."Wis kedadean pelanggaran tapelwates, kita wis kirim protes"tegas Marty.Insiden genti nangkep iku kedadean ing dina Jumat 13 Agustus kepungkur ing perairan Pulo Bintan, Kepulauan Riau.Telu staf Kementerian Kelautan lan Perikanan ditangkep amarga dinuga mlebu perairan Malaysia ing Kota Tinggi.Telu warga negara Indonesia mau digawa menyang Malaysia amarga bekuk pitu nelayan Malaysia. Kamangka pitu nelayan Malaysia sing dicekel Indonesia cetha wela-wela wis nglanggar garis wates rong negara. Police Marine Malaysia ngetokake tembakan pepenget, mula gelem ora gelem pasrah bongkokan wong kapale ora duwe senjata.Esuk mau, wekasan telu warga Indonesia dibebasna, semono uga pitu nelayan Malaysia ya wis dideportasi.

6 komentar:

  1. Pancene Malaysia ki ora pisan ora pindho anggone arep gawe gara-gara. Pancene ngajak perang ya ayo ditandangi. Disabar-sabari Malaysia sangsaya nglunjak. Mengkop yen wis kepepet njur alesane "bangsa serumpun", itu perkara di tepi-tepi sing ora klebu nalar. Yen pancene perang, ayo majua !

    BalasHapus
  2. ... enthik-enthik, patenana si temunggul
    ... lhah dosane apa
    ... dosane ngungkul-ungkuli
    dhi, aja dhi, sedulur tuwa malati .....

    BalasHapus
  3. Warta anyar pulo Bintan arep dipangan.Ora perduli "bangsa serumpun " yen pancen kurang ajar perlu ditandangi. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung, sadumuk bathuk sanyari bumi, dak tohi taker pati.......

    BalasHapus
  4. inggih pak pur kapanane dina kamis lek gak salah kapal al KRI sutanto nemok aka kapal diraja malasya kang arep mlebu ing wilayah indonesia naning ambek kri sutanto langsung di adang....

    BalasHapus
  5. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  6. Iya FroGer, pancene kita kudu kendel.
    Ali Akbar, memang demikianlah keadaannya.Apapun alasannya ,jika pemimpin kita tegas tidak mungkin kedaulatan kita diinjak-injak negara lain.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming