Minggu, 08 Agustus 2010

Balada TPP


Sawise otot-ototan antarane DPRD Madukoro karo para guru wekasane ditetepake yen TPP(tunjangan profesi pendidik), bakal dibayar suk tanggal 26 Agustus 2010.Janji mau diucapna anggota dewan sawise nampa kurang luwih 10 wakil guru sing kagabung ing PGRA({ersatuan Guru Republik Amarta).Tanggal 6 Agustus 2010 sadurunge ketemu anggota dewan, ana yen telung atus guru padha nglurug menyang gedung dewan, kesabarane guru wis entek, sabar ana watese, mosok kon sabar kon tlaten yen ngadhepi murid ing jero kelas

Ngukuhi karepe dhewe.
Sapatemon antarane antarane guru lan anggota dewan rada usrek, panas, loro-lorone ngukuhi benere dhewe-dhewe.Manut anggota dewan pambayaran TPP, ngliwati perubahan anggaran khusus(PAK).Alasane, PAK wiwit dibahas Senin 9 Agustus sing arep teka. Ketua pimpinan rapat Bathara Bayu menehi garansi TPP bisa ditampa sadurunge Lebaran.”Wektu iki dewan lagi mroses perda pertanggungjawaban APBD 2009” ucape. Anggota komisi B, Bathara Bayu mratelakake. Sumber TPP wis jelas, yaiku APBN.Kari nunggu wektu dana mau cair. Supaya tepat wektu, pemkot sadurunge bisa nglebokake TPP iku ing APBD. “Yen anggaran wis mlebu APBD, pencairan gak perlu pasetujon dewan” ucape.Bathara Bayu njentrehake, dewan ora duwe karep ngalangalangi pembayaran TPP.Maneh-maneh dewan duwe alasan yen pemkot wis ngajokake ping papat MPAK, yaiku Januari, Februari, April lan Juli” Nah amarga pembahasan PAK enggal ditindakake, TPP ya dibahas ngliwati mekanisme kasebut’ omonge. Para guru genti mentahake argumentasi dewan. Ketua PGRA Wisanggeni ora gelem kalah, yen mekanisme pencairan TPP wis jelas, yaiku liwat MPAK(mendahului PAK).”Anggaran iku saka APBN sing bisa dicairke liwat MPAK,”ucape. Wisanggeni nerangke yen dana mau banget dibutuhake dening para guru amarga kebutuhan ora bisa disemayani lan reregan saya mundhak, Yen ngenteni PAK bakal suwe, yen dewan ora kepengin ditekani terus, tulung TPP enggal dicairke, ngono panjaluke. Swasana saya panas padha wasise micara, wekasan dewan mutusake yen pencairanTPP tanggal 26 Agustus ngarep. Asumsine rapat paripurna pengesahan PAK tanggal 25 Agustus.

Wiwitane para guru tetep nolak idene dewan mau, amarga janjine dewan nalika saptemon sadurunge ,dewan janji PAK digedhog tanggal 15 Agustus. Wah iki ateges omongane dewan ora bisa dicekeli” ngono omongane ketua advokasi PGRA Gathutkaca.”Ora ana jaminan yen yen TPP bakal dicairke tanggal 26 Agustus”. Dewan ya emoh kalah genti gertak para guru. Manut Bathara Bayu, dewan ora duweni wewenang meksa TPP cair cepet” Ora bisa yen dipeksa kaya ngono’ ucape. Ora kepengin kedawa-dawa wekasan PGRA jaluk jaminan supaya pencairan temen-temen tanggal 26 Agustus”Apa jaminane?” pitakone Gathutkaca. Oleh pitakon kaya ngono, dewan ora wani komitmen “Ya aja dewan wae ta sing didesek. Sebab, pembahasan PAK ,ya karo pemkot. Mula eksekutif ya kudu komitmen”wangsulane bathara Bayu.Gathutkaca dhesek terus” Sing ngusulne pencairan suk tanggal 26 Agustus iku dewan, dudu pemkot, dadi ya dewan sing tanggung jawab yen TPP nganti ora cair “.ucape Gathutkaca emoh kalah.
Wali Kota Madukoro Raden Angkawijaya(dhalange nglindur) ngirimi surat menyang Dewan, jaluk cepet dicairne.
$$$

Ing SD 3 Karangkedhempel. Sajege pak guru Arjuna pindah menyang Amarta dadi anggota dewan pusat, lali kontrol utawa inpeksi, wis kadhung kepenak beke. Apamaneh pacar lawas Dra Banowati, SH, MH ya dadi anggota dewan, wah kalodangan perselingkuhan tenan,linak litu lingga lilur singkatan apa ta kuwi? Mula pak guru Gareng, pak guru Petruk, pak guru Bagong olehe ngrasani ora entek-entek.
Pak guru Gareng :ya tutugna olehmu pacaran karo Banowati,konangan KPK sida tamat riwayatmu!"".
Pak guru Petruk :dewan pusat, ya dewan pusat,sing daerah iki ngono pisan,getun
aku milih biyen.Tak kira mbelani wong cilik,kamangka TPP dadi hakku, lan iku anggaran APBN lan dhuwite ya wis ana, ngenteni apa maneh".
Pak guru Bagong :wong yen kuwasa ya ngono kuwi.Ana unen-unen "AKU SING KUWASA KOWE AREP APA".Lali ta ukara mau, pak guru kok telmi, ora sah dadi guru, ngisin-isini".
Pak guru Petruk :ya ora ngono, aja ngundhat-undhat padha gurune, ora pantes dirungokke.Biasane Bathara Wisnu ki tanggap sanajan rada telat, karo aku tak takon pembaharuan berkas ngajokake TPP kanthi gaji pokok sing anyar wis kok setor kangmas Gareng ?"
Pak guru Gareng :lo yak apa se, sing koordinir rak dhi guru Petruk.Saliyane gaji pokok, akeh iku ya sertifikat guru profesional, jumlah akehe beban mengajar, SK wiwitan, Sk pungkasan, rekening bank lan isih akeh maneh. Yen nganti ketlisut awas, ilang-ilangan guru siji !".
Pak guru Petruk : e, dielingke apik-apik kok. Ngancam ya,ngancam ya.Majua sida dak tapuk iki ana jepe"

Swasana rada kisruh, pak guru Bagong isane mung bekah-bekuh, dene guru liyane pak Bilung, bu Cangik etc meneng wis ngerti lageyane pak guru loro mau.Gampang geger lan gampang rukun, ora perlu dagatekake.Nanging awan iki kok sajake temenan, serius wah embuh kah tukarana kono, gelutan kono! Ora padha ngerti yen satindak-tanduke mau di semak kepala sekolah drs Badranaya. Ngendikan kanthi sareh:"wong para dwija kok ngagul-agulke emosine. Wis padha maca koran apa durung? Walikota wis kirim layang marang dewan lan bathara Wisnu wis nyanggupi, TPP cair.Kabeh kudu matur nuwun marang usahane lan perjuangane ketua PGRA drs Wisanggeni sak wadya balane sing gelem nglurug ing kantor dewan. Ora sah nyalahke sapa-sapa,wiwit dina iki bisa dideleng rekeninge, ora ketang metu 5 wulan, kekurangane nyusul.Lo..... arep menang endi kuwi......mengko......bank bukak nganti jam 15.00...... kae lo muride wis ngenteni .......Wah dhagelan ora lucu, mosok dikandhani ngecek rekening kok semburat kabeh....tanggal yahmene apa bayaran wis entek, e bu Cangik aku titip buku tabungan print ya ......."para murid ngguyu ngakak, e tibake sami mawon ......

4 komentar:

  1. Jan-jane mono kawula ing negara Ngamarta ora seneng demo lho. Nanging yen kepeksa, ya apa maneh. Yen perlu didemo menyang negarane. Sing pindho mengko yen ana pilihan anggota dewan negara Ngamarta, ora perlu dipilih, sing dipilih liyane wae.

    BalasHapus
  2. Sing jenenge lepeksa ya ngene iki,ora ana dalan liya, salahe dadi guru. Yen ora sabar, nrima,sendika dhawuh iku dudu guru. Bab pemilihan dewan ora arep milih anggota dewan Ngamarta maneh. Leres panjenengan.....

    BalasHapus
  3. ing nagari sanes:

    ambelani panggrundele bojo sing dhuwit blanjane wis wiwit nipis, kamituwa dhongkol nyangking pitik babon digawa menyang pasar numpak oplet ganti ping telu,
    saka ngomah menyang pasar ongkose seringgit ping telu, dari mangkat mulih entek limolas gelo,
    babon tuwa payu rong puluh,

    tekan ngomah dhuwit limang gelo dipasrahake bojo; bojone kaget: kok?....
    dikira sing payu mung brutune...

    kamituwa dhongkol ora bisa ngucap, tembunge mandheg ana gorokan, nyambat atine dhewe: sabaaaarrrr....

    BalasHapus
  4. Thik melase dadi kamituwa dhongkol, nanging kepriye maneh wong duwene pitik babon.Gek dhuwit limang gelo iku oleh beras pirang kilo ta ya?
    Sabaaar...pak, kae lo pirsanana ana wong ngasak pari oleh sauli nganti ditangisi brebes mili ....

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming