Senin, 30 Agustus 2010

DREDAH SAJRONING GOTRAH


Rumah sakit Karangkidang ing wewengkon praja Ngastina iku pancen kuncoro wiwit biyen mula.Manggone ing kecamatan Kadilengeng cedhak lan wewatesan negara Mandura. Antarane negara Ngastina lan negara Mandura diwatesi karo bandaran agung kang banget migunani kanggo para among dagang.Pimpinan rumah sakit gilir gumanti manut aturan sing wis dtemtokake dening negara Ngastina. Pimpinan sing wiwitan dr Bambang Ekalaya, sawise iku dr Basukarno. Ya dr Basukarno iki sing rada suwe amarga bisa ngatur lan mrenahake amrih rumah sakit mau dikenal sakiwa tengene Ngastina.Bareng dirasa wis nyukupi syarat banjur ngajokake status yen rumah sakit sing unggulane paru-paru layak digedhekake, amarga wewengkon Kadilengeng sisih lor durung ana rumah sakite.Kamangka pasien iya akeh nganti para tenaga medis kuwalahan ngadhepi pasien.Apa maneh saiki dibangun jembatan Ngasman ,(Ngastina Mandura) wah pasien saya rame amarga para warga Mandura ora perlu paspor yen arep menyang Ngastina.Dr Basukarno promosi dadi direktur Rumah sakit sing nampung wong gendheng kalebu kecamatan Banjarjungut lan Rumah sakit Karangkidang dipimpin dr Anggrahini. Pasien saya akeh lan iya nampa dokter lan karyawan yen ditotal ngancik 150.Dr Anggrahini iki nggatekake marang pasien lan karyawan. Aja disentaki, aja dikasari pelayanan optimal, mesakke para pasien wis golongan ora duwe, berobat kok dingel-ngel aja gawe lingsemku, ngono omonge nalika brifing.Sing paling ditunggu ki yen dum-duman jasa medis ngadhepake riyaya, wah kena dijagakake temenan. Dadi kanggo riyaya oleh bayaran dobel sing siji vakasi saka praja sing siji saka dum-duman jasa medis, wah riyaya tenan.Bu Limbuk salah sijining karyawan bagian cleaning service seneng banget.Saben tahun sing diarep-arep wulan Pasa , kok gak wulan pasa ya…kok gak wulan pasa ya.Saben riyaya Limbuk mesthi mudhik, nyarter mobil lan nuduhake yen anggone ngumbara kasil.Oleh-oleh saka woh-wohan kayata semangka, garbis, kesemek digawa sakehing iwak kayata teri, iwak bandeng iwak kakap iya digawa iku durung klambi-klambi sing wis ora kanggo iya ora keri.Nanging kahanan ing donya iki gilir gumanti, kalebu rumah sakit Karangkidang.Dr Anggrahini promosi ngetutke kakunge anggota dewan ing wewengkon Sokalima, sing ngganti dr Banowati.Pimpinan sing anyar iki mung duduk manis ing meja kerja. Mudhun jluk saka mobil pribadi langsung mlebu ruangan nyandhak hp, mbuh nelpon sapa ora ana sing ngerti, apa maneh dhalange.Pokok ana laporan saka andhahan wis cukup, ora perlu control bagian bagian, apa maneh menyang zal nemoni pasien, toh wis ana dokter jaga, ora perlu ora perlu.Dr Banowati percaya banget karo laporan-laporan sing ana ing mejane.Jasa medis lan kesejahteraan liyane ora direken.Malah gawe aturan anyar jasa medis didum 3wulan sepisan, riyaya ya riyaya, ora ana thr, yen ora bisa lebaran salahmu dhewe kena apa ora bisa nabung.Kabeh karyawan nggrundel, wanine mung ngrasani liwat buri, wani silit wedi rai.Mung bagian TU sing ngguya-ngguyu amarga kabeh mlebu metune dhuwit sing ngatur TU.Pertengahan tahun wingi rumah sakit Karangkidang oleh bantuan bopda sing kudu dilaporake tanggung jawabe. Mesthi wae kabeh karyawan ngarep-arep banget bantuan mau, saliyane kanggo laporan, para karyawan mesthi kecipratan.Kabeh padha ngarep-arep lan diumumke yen suk Soma Manis arep didum. Pas dina sing ditemtokake kabeh padha antri, sing oleh giliran dhisik para dokter.Dr Srikandhi marani arep tanda tangan lan KTU iya wis siyap amplop isi dhuwit. Tan kocapa bareng ndeleng angka-angka saka dhuwur mangisor sakala dr Srikandhi nggebrak meja praupane brabak karo ngucap” Pira , iki pira dokter oleh 650.000, Tu oleh 2.000.000,-, sing bener, yen ngene nyoh peken aku ora gelem nampa nyoh, …….dokter perawat iku sing pegang peran ing rumah sakit iki, pira perawat 450.000,-?…….dr Banowati,padha-padha doktere apaa kowe ora belani dokter, yen ora isa mimpin mundura akeh sing luwih pinter saliyane kowe…"…Diundamana ngono dokter Banowati minangka pimpinan rumangsa dicecamah banjur metu omonge” yen ngono ora sah didum yen ora trima karo keputusanku…".
Dokter Srikandi : terserah…..iku hakmu……nyoh pek peken kabeh, pimpinan ora jegos nyoh peken kabeh……..”semparet dr Srikandi metu karo mbanting lawang jdhor
Kahanan usreg para dokter liyane dukung keputusane dokter Srikandi, dene karyawan liyane mung plonga-plongo ngerti dodok selehe, lan buyar dhewe-dhewe dene staf TU, mrengut, cemberut ora sida oleh-olehan. Kamangka wis ditata tharik-tharik bakal pesta ing restoran Maduganda (dhalange nglindur kakehan turu).Bu Limbuk sing kawit mau ngadek polatane peteng, sajak arep udan.......

2 komentar:

  1. pak dhalang,
    ing negari hurketekukk, nalika lenga patra subsidine dijabel njur marahi regane larang, ana kawula alit sing ngantri ana sawijine spbu, karo muring-muring: " ...pancen matane picek kupinge budeg... ora ngerti rekasane wong cilik..." mbuh sapa sing diundamana..
    nanging aku sing nalika iku kebeneran ana kana rumangsa isin uga, mendahneya yen dirungu wong njaban hurketekukk..

    BalasHapus
  2. Sing ndhuwuran padha gupuh ngakali dhuwite negara, dene kawula alit ngakali supaya cukup saben dina,mula ya ora salah yen padha ngundamana.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming