Jumat, 08 Mei 2009

Pitutur mantan murid

APA AKU WIS .........
Aku wis lali wulan lan tanggale, yen ora kliru beneri pasa wulan Oktober 2008. E... mbok manawa ana gunane tulisan iki...Sore iku aku tuku soto ing langganan.Biasa saben mantan pacar ora masak amarga kesel momong putu, aku sing kebagean golek iwake. Nalika tuku soto,ketemu mantan muridku SMA Ta'miriyah Surabaya tahun 80an. Aku ora lali jenenge awit muridku mau kalebu istimewa, embuh ing endi istimewane.
"Assalamu alaikum " ngono sapane .
"Waalaikum salam, sik ta awakmu lan Nurwakib? Apa isih nyopir lyn Wl(Wonosari-Pasar loak Surabaya).
"Inggih pak, kula Nurwakib, ayo nak salim iki gurune bapak biyen" ngono karo nyalimke tangane anake, lan dak tampani.
"Wadhuh, ganthenge, kelas pira iki ?
"Kelas tiga, anu kok pak kula mboten boten nyopir malih samenika inggih nyabut damel sawontenipun pokokipun halal "
"Iya bener iku , yen halal insya Allah barokah lan bakal lancar samubarange "
"Inggih, dospundi pak kabaripun guru-guru kula ?
"Aku ya ora pati srawung wong aku wis metu saka Ta'miriyah.Kabar sing dak krungu pak Husnan wis seda, pak Fakih wis seda, pak Imam Mahdi wis seda pak Ahyar olahraga ya wis seda embuh liyane, saiki kepala sekolahe yen ora salah pak Munif Munsyarif"
"Inggih ,kula boten badhe kesupen dhateng guru -guru kula,saben malem Jum'at kula waosaken Yasin kangge guru-guru ingkang sampun seda, lan guru ingkang sugeng mugi-mugi pinaringan seger kewarasan .Sampun pak kepareng, menika sotonipun sampun kula bayar ...assalamu alaikum ...
".....Waalaikum salam......Dheg atiku kaya diosikake, dadi aku iki seprana-seprene nganti dadi guru durung bisa nyaosi apa-apa karo bapa guru sing minterake aku kok asor banget budiku , apa aku wis.....donga ....maca yasin marang guru sing wis seda .....apa bales budimu ....... utang dhuwit bisa dibayar ....utang budi...nganti mati ora bakal lali....dhuh Gusti Allah .....ya wis matur nuwun Nurwakib muga-muga anggonmu golek sandhang pangan bisa lancar lan anakmu bisa migunani kanggo nusa bangsa agama selaras karo kekudangane wong tuwa....amin , aku njur kelingan tembang gambuh bab pitutur

pitutur bener iku
samesthine apantes tiniru
nadyan metu saking wong sudra papeki
lamun becik nggone muruk
iku pantes sira anggo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming