Sabtu, 23 Mei 2009

Romo Semar nimbali putrane


ROMO SEMAR ...PUSING

Kaya biasane saben sore sawise padha mangan romo Semar nimbali putra-putrane:Nala Gareng,Petruk lan Bagong. Nanging sore iki romo Semar olehe nimbali sinambi nembang/dilagokake,lan putrane olehe matur ya ditembangake.Ayo ditirokke bareng-bareng.
S e m a r :Reng-Gareng ndang tutura Gareng, sekolahmu cah bagus pinter apa.
G a r e n g :Mo...kembang sukun...mo...kembang sukun anakmu mung pinter nurun.
S e m a r :.....? .....Truk.Petruk ndang tutura Petruk, sekolahmu cah bagus pinter apa.
P e t r u k :Mo...kembang tebu...mo..kembang tebu anakmu mung pinter mlayu.
S e m a r :.....? ....Gong -Bagong ndang tutura Bagong, sekolahmu cah bagus pinter apa.
B a g o n g :Mo...kembang gadhung...mo...kembang gadhung anakmu mung pinter ngetung.
S e m a r :.....?(ngendika rada gela,kanthi kebak kawicaksanan putrane diambungi, lan ngendika )." Gareng, Petruk lan Bagong kene anakku sing bagus.Apa sing kok aturke yen dak semak aku kok rada pusing .Sawise disekolahke lan saiki arep unggah-unggahan kapinteranmu kok nurun, mlayu lan ngetung . Ya ta ..thole muga olehku negesake kapinteranmu, romo ora kliru.Gareng sing mung bisa nurun, ateges nurun tuladha utawa tumindak sing apik .Bisa mbedakake endi sing ala lan endi sing apik.Mesthi bae sing apik ditindakake diamalake kanggo njaga jenenge sekolahmu, aja yen pas ulangan nurun, nyonto, ngrepek iku tumindak nistha, ngono ya thole.Petruk pinter mlayu, ngene ya thole, mlayu nguber ilmu kanggo sangumu ing donya lan ing delahan mengko.Aja wedi kangelan, jangkahmu isih adoh thole.Delengen para dwija ing sekolahmu, senajan yuswane wis sepuh terus ngudi ilmu ing sadhengah papan, ngono ta ngger Petruk. La sing pungkasan kowe Bagong,iki rada lumayan.Ngetunga kanthi permati leladi apa sing dadi lelabuhanmu marang sekolah iki.Upamane kowe wayahe piket petungen kudu budhal luwih esuk,wayahe kerja bakti sekolah, aja ngarep-arep pamrih supaya dielem guru, dielem kanca , iku mono tugasmu lan kanca-kancamu thole....
Gareng,Petruk, Bagong :......Iiiya ....mo
Semar :wis thole ndang baliya sinau ..... kowe munggah kelas kanthi biji sing maremake .........
ning ning nong nong blang gentak tinggen ndang gung tancep kayon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming