Senin, 07 Desember 2009

POLISI

Polisi kok di........
I. Sawetara kepungkur aku lan nyku ndandakke gledhekanjepang ing UMC dalan Achmad Yani Surabaya.Ya rada suwe pancene, servis lan wayahe ganti oli lan dina iku sing service lumayan akehe.Ora kacarita gledhekanjepang wis rampung lan wis dak cukupi kabeh administrasine. Aku lan nyku mlaku alon-alon ninggalake bengkel ngetutke lakune kendaraan ing ngarepku kang lalu lintase pancen padhet banget.Nyku ing sisih kiwaku dak elingke aja ngantuk, aja turu amarga yen ora dibantu akeh sepeda motor nyalip saka kiwa saka tengen sepenak udele dhewe.Embuh nyku kekeselen apa piye aku ya ora pati nggatekke nanging dak lirik kok ya meneng, kesel dadi mc beke.Tekan stopan bangjo yen lurus nuju terminal Wonokromo, aku nengen nuju pasar Wonokromo.Lampu nuduhke kuning ateges aku isih bisa terus lan aku ngetutke kendaraan ngarepku.Enak-enak mlaku e..... bapak polisi wis ana ing ngarepku menehi tandha supaya aku minggir, batinku salahku apa..... sepedamotor tengenku ya isih ana sing bablas ora diendheg.Nyku gragap tangi, ana apa ,tekan ngendi iki.... dak wangsuli tekan ngendi,iku lo diendheg polisi, nyku ngomong maneh aku keturon wis kono ndang mudhun. Wose polisi nerangake yen aku nglanggar marka dalan yen lampu abang kudu mandheg, aku iya mbantah yen lampu isih kuning mula aku wani terus, polisi ngomong maneh yen lampu wis abang, lan aku iya matur maneh isih kuning, polisi rada sereng wis abang, lagi aku sadhar ora ana gunane bengkerengan,simku kanthi abot dak caosake diwenehi surat tilang lan ditemtokake tanggal lan panggonan sidang.Sadawane mulih aku isih nggagas bab kedadeyan mau, nyku setengahe daksalahake ora gelem melu ngawasi kahanan,nyku ya genti nyalahke wong dadi sopir kok njagakke wong liya.Yen dak pikir-pikir bener nyku, nanging karepku ki wong neng gledhekanjepang mau mung wong loro ngeling-eling jaman pacaran biyen......wah tambah nggladrah iki......
II.Isih polisi maneh,nanging polisi iki ora kena diajak kompromi.
Tanggal 29 Nov 2009, aku lan nyku nyambangi tangga sebut wae asmane Abah Dhori, sing kena alangan urusan karo polisi.Abah mau opname ing rsud.dr Sutomo lan operasi amarga balung tangan tengen retak/tugel.Aku mara ing daleme, awit ora kober niliki nalika panjenengane opname. Bareng wis satata lungguh abah Dori crita yen kedadean mau waktu esuk arep budhal ngantor. Embuh saking kesusu apa yuswane wis sepuh apa piye, enak-enak sepedhahan ana polisi ing ngarepe ya mesthi wae abah mau kedandapan ora bisa ngendhaleni sepedamotor tiba, lan tangan tengene nahan abote awak lan sepedhamotor wusanane kedrawasan kaya ngene iki.Aku takon polisi napa se Abah, diwangsuli niku.....polisitidur.Dak guyoni.....Abah,polisi tidur niku mpun diganggu, niku boten saged dijak kompromi.....ngalah mawon mangke rak sekeca.Diwangsuli inggih-nggih kula kuwalat ngantos ngathang-athang teng griya sakit la niki rontgene. Dak deleng karo nyku tulang belikat apa tulang sendi aku ora faham, nanging ketok tugel lan disambung nganggo pen.Sawetara suwe anggonku jejagongan,wong abah Dhori sekailyan iku blater lan seneng guyon, aku banjur nyuwun pamit.La iya wong ing dalan kang jembar kok ana/dipasang polisi tidur.Malah ing gang-gang ya ora gelem kalah, jor-joran gawe polisi tidur. Dilematis, yen ora dibangun polisi tidur, sepedamotor sing lumrahe nom-noman ora ngerti unggah-ungguh ora ngerti tatakrama sepedhahan ing kampung,nanging yen dibangun bisa nyilakakake wong liya contone sing dialami abah Dori. Kepriye yen ngene iki?

2 komentar:

  1. Pulisi tidur niku hebat lho pak, murid kula enten sing cita-citane dadi pulisi tidur kok.

    BalasHapus
  2. Wah murid panjenengan punika leres kok Pak Ugeng, mbok menawi kepengin nglembur terus kesayahen nembe tidur. La menika tiduripun wonten pundi, ingkang sumerep inggih namung piyambakipun. Nyuwun ngapunten dangu boten sowan awit badan radi kirang sekeca.Nuwun.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming