Rabu, 16 Desember 2009

SEMINAR

Sendika Dhawuh .
Bubar mulang mbah pak Petruk maca pengumuman sing ditempelke ing papan, e mbok manawa ana warta sing perlu dingerteni.Rada sawetara olehe jingglengi pengumuman mau, diwaca bola-bali nanging unine ya pancet wae.Apa maneh iki, seminar, pamicarane priyagung sing lagi nyekel panguwasa,pangarsa ing dinas pendidikan barang ya dadi pamicara, banjur prabeya pira iki, boten salah tulis ta pakdhe? Ngono batine, mbah Petruk kelingan nalika dadi tenaga honorer tahun pitung puluhan kanthi bayar Rp.9000,-(sangang ewu rupiah),kanggo numpak angkot bemo roda telu RP.60,-/pp, supaya irit, saka kos menyang nggone mulang kepeksa mlaku lsp-lsp.Owahe kahanan saiki bayare wis bisa dirasakake, guru bisa kredit sepeda motor, bisa kredit omah nganggo KPR, malah guru sing wis nyukupi syarat oleh tunjangan proferi barang.Ana kancane pak Petruk sing guyon ngene, saiki golek bojo gampang amarga bayare guru akeh, biyen disiya-siya aja gelem ngepek mantu guru, anakku diingoni apa? Begjane guru saiki,apa maneh guru kakung,nembe diangkat PNS kathik ganteng pisan, sepedhae motor anyar sapa prawan ora katut, gak ngertiya sing mbandhani bapake.
"Ana apa kung? " aku kaged tibake pak Cantrik,yen nyeluk aku mbahkung,pancene wi s embah tenan wong putu wis loro.
"Iki lo seminar, wis maos apa durung?"wangsulanku genti takon.
"Walah kung, wong seminar kok dipikir.Awake dhewe arep pensiun. Coba diwaos sing tliti, lagi mengko menehi keputusan melu apa ora.Dadi ora dianggep angin-anginan. Dadi guru kok mung sendika dhawuh, bayare dipotong sendika dhawuh, dikongkon seminar kanthi mbayar samene kehe sendika dhawuh, embuh kono yen dhuwite wis akeh, bayare wis kakehan tah"?ngono pak Cantrik elik-elik setengah prentah.
"Sendika dhawuh pak Cantrik "wangsulanku.Pikiranku nglantur maneh.Ana saweneh kanca sing melu alasane, pira tegese dhuwit 300.000 repis yen dibandhingne karo tunjangan sing ditampa, apa maneh iki sing dadi pamicara para pangarsa sing pana banget marang tunjangane para dwija, mengko gek.....mengko gek.....Ana kanca kalebu pak Cantrik sing ora melu seminar mau kanthi alasan, sing nganakake saka swasta ,dadi dinas mung kanggo rekomendasi ajange kanggo golek rejeki, dene persyaratan foto copy rekening bank, foto copy setifikasi mung kanggo ngawu-awu wae. Seminar pesertane mung duduk manis melu saka wiwitan nganti rampung,menthi oleh sertifikat. Beda karo workshop, pesertane aktif nambah ketrampilan.Wah piye ngene iki? Wah ya wong akeh,seje-seje panemune.Wektu lumaku terus dina esuke ana warta yen sing wis mbayar 300.000 repis oleh cashback 100.000 repis, dadi mung mbayar 200.000 repis.Malah mbah Petruk krungu sruwing-sruwing yen mbayar langsung panitia mung 190.000 repis, mbuh bener apa ora wong mbah Petruk dhewe ora daftar.Peserta seminar mau manut kabar, ewon cacahe nganti disebar ing ngendi-endi panggonan,wong sa provinsi Amarta.Kanggo nglipur ati, mbah Petruk sowan keng rama ing Karangkedempel.
"Kene thole, kene thole...... lenggah kene thole, kae tela kukus karemanmu wis dak sediyakake ".
"Sendika dhawuh ...ma ".
" Thole Petruk, lenggah kene, jare awake ora kepenak, mbok dijaga ta thole kuwarasane".
"Sendika dhawuh ma, anu kok pancen awak ora kepenak watuk ora waras-waras, wis dak rontgenke ora apa-apa, pokoke aaja nganti kesel nemen ma ".
"Iya thole, yen ana larane sing mesakke ya anak putumu, mula ya kuwi thole sing pinter ngatur wektu lan jaga kuwarasan, iku pesene rama. Piye wis nyemak warta kang dimadi ing pungkasane tahun iki ?".
"Uwis kok ma, wiwit gegere pansus bank century,pro lan kontra ujian sekolah pengadilane Prita sing nganti bisa ngumpulake koin nyandhak atusan yuta, demo masa supaya wapres Budiono lan Sri Mulyani non aktif lan warta sing isih gres nelakake yen SBY nolak rekomendasi DPR".
"Bener thole, e..... ya kanggo nambahi wawasan paling ora menehi tulada marang murid yen guru pancen isih sregep maca ".
"Sendika dhawuh, tujuanku ya iku kok ma, menehi tuladha marang muridku,sukur-sukur kanggo guyon supaya muridku ora bosen ".
"Iya, thole iki mau rak tanggal 19, kok ora melu seminar rugi lo thole ".
"Ora ndeleng untung rugine kok ma, nanging ana bab liya sing perlu dak aturake".
"Thole, rama wis apal lageyanmu.Bab seminar rama iya wis ngerti critane, wong akeh mantan anak buahku ya crita bab seminar iki.Mau si Cangik ya teka kene, banjur uwakmu Togog ya nyambangi ngejak kancane,akeh kok iki mau.Aku ya rada kaged, biasane kowe kuwi anane mung sendika dhawuh ana prentah,apa iku warta apa pengumumann mesthi kok tindakake la iki kok ora melu. Mung dak batin apa ora duwe dhuwit anakku iki,arep dak paringi mengko atimu kagol, nesu, wong tuwa disiwak. Aku ya mung nyawang saka kadohan. Ya uwis yen kowe duwe panemu ngono, ora melu seminar ora apa-apa wis kadung kok niyati. Mung pesene rama aja lali kuwajibanmu nyambut gawe sing genah, aja nganti nyalahi aturan, kowe dibayar nganggo dhuwite rakyat, eling ya thole".
"Sendika dhawuh ma ".
..................................................................................

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming