Jumat, 25 Desember 2009

Sugeng Warsa Enggal


Cathetan TAHUN 2009
Tahun 2009 sedhela maneh bakal ninggalake kita kabeh lan kita ngadhepi tahun anyar 2010.Sadurunge iku akeh banget cathetan sing isih tumemplek ing angen-angen kita wiwit kasuse baya lan cecak,kasuse Prita Mulyasari sing oleh simpati awujud koin sing pengaji luwih saka limang atus yuta,pansus bank century sing saiki isih rame ing kalangane anggota DPR,program seratus hari SBY-Budiono,pro lan kontra ujian sekolah lan isih akeh maneh. Salah sijine cathetan mau yaiku kasuse Mbok Minah, wanita tuwa umur 55 tahun, wuta sastra,kang ing pertengahan wulan Agustus kepungkur nyolong woh coklat(kakao) ing perkebunan PT RSA 4(PT Rumpun Sari Antan 4)tanpa pager ing dukuh Sidoharjo,desa Damarkradenan,kecamatan Jatibarang, kabupaten Banyumas.Mbok Minah kang uga penduduk desa Sidoharjo mau,methik woh coklat nedya kanggo bibit,kang arep ditandur ing tegale.Woh coklat kang dicolong mau cacahe telu, pengaji Rp2.100,-(rong ewu satus).Konangan mandhore, kakao dibalekake karo njaluk ngapura marang kesalahane.Woh kakao ditampa dening mandhor, nanging mbok Minah ora diapura,malah dilaporake marang pimpinan kang sabanjure nglapurake menyang Kepolisian Sektor Ajibarang.Sawise polisi mriksa mbok Minah, ngelingi lan nyumurupi barang kang dicolong pranyata ora mingsra, polisi banjur ngajokake usul marang pimpinan PT RSA 4,supaya perkara iku dibatalake wae. Nanging pimpinan PT RSA 4 ora setuju, alesane "wong nyolong kudu diukum, ben kapok".
Sidane perkarane mbok Minah diproses, dening polisi diterusake menyang kejaksaan.Prosese dawa lan wiwit pertengahan Oktober nganti awal November ora kurang saka ping lima mbok Minah bolak-balik menyang Purwokerto, saperlu minangkani panggilan kejaksaan. Kamangka dohe saka omahe menyang Purwokerto ora kurang saka 25 km. Tur iku ora gampang, sebab saka omah tekan dalan sing ana tumpakan angdes menyang Purwokerto dohe udakara 15 km, kang biasane ditempuh mawa ojek, yen anake sing omahe cedhak kono ora bisa ngeterake nganti tekan dalan gedhe.Lunga menyang Purwokerto saperlu minangkani panggilan kejaksaan, ragade rata-rata Rp 50.000,-(seket ewu rupiah) sanyangan.Kepeksa mbok Minah nampa sumbangan lan bantuwan saka tangga-tangga, awit mbok Minah dhewe kalebu mlarat.
Wekasane ing sidang pengadilan tgl 19 November 2009 kepungkur, mbok minah dening hakim ditibani ukuman kunjara"percobaan" 1 sasi 15 dina,iki ateges mbok Minah ora perlu mlebu kunjara, kanthi cathetan, ora bakal nindakake tindak pidana sajrone wektu"percobaan" telung sasi.Mbah Pur mung mbatin yen nyolong barang pengaji Rp 2.100,-(rong ewu satus), diukum 1 sasi 15 dina, la koruptor sing ngrugekake negara trilyunan rupiah diukum pirang atus tahun?Aku isih eling nalika sekolah biyen ana maling pitik, diring reme-rame menyang kantor polisi, dietutake hansip lan sawetara bocah tanggung nyekeli tangane maling pitik mau.
Ah, tahun 2009 kang kebak sandiwara lan kebak tandha pitakon, piye iki, kok ngono ya?Muga-muga tahun sing bakal teka kahanan luwih tumata lan prastawa ing tahun 2009 kang kurang prayoga ora dibaleni maneh,Amin.
SUGENG WARSA ENGGAL TAHUN 2010.

2 komentar:

  1. Warsa enggal, gegayuhan enggal, sedaya enggal. Lan menawi saged ...... kanca wingking inggih enggal. Makaten man Doblang ?

    BalasHapus
  2. Menapa perlu kula comblangi ta pak Ugeng, stok kula kathah.Ceceg botenipun inggih namung sumangga, ingkang penting rak presenipun. Sugeng warsa enggal 2010, nuwun.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming