Senin, 01 Februari 2010
50.000 RUPIAH
Surabaya terakhir......Surabaya terakhir barang-barang jangan sampai ketinggalan ngono bengoke kondektur bis lan kernet, aweh tandha yen panggonan kang dituju wis tekan. Bis alon-alon, wong klambi kuning rada abang karyawan terminal beke, padha pating genteyong munggah bis-bis teka. Arep apa,wong arep mandheg koki padha penthalitan.Bis mandheg, penumpang mudhun, wong klambi kuning rada abang kotor malah munggah, ndhesel-ndhesel penumpang.....lo gak mudhun, o.....ngangkat kranjange wong tuwa ya wis !Ee, sik entenana, barengana wong tuwa iku, ya....terusa! Kok wenehi pira mbah satus, wo kakehan iku, hh malah ditambahi seket maneh, ee ....isih kurang maneh wong klambi kuning rada abang kotor. Aja kok wenehi mbah, iya bagus, wis gek endang nitih bemo iku, pinter sampean.
Ana wong lanang isih enom isih enom nyangklong tas SAS, arep mudhun sajak bingung. Kok kari aku dhewe, mbok wong neng ngisor iku nyingkir aku dak liwat.
"Mbecak mas, mangga-mangga dhateng pundi? Ketintang ...Ngageljaya, mangga-mangga".
"Mboten!" wansulane rada santak ben diarani wong kendel wong kutha.
"Jembatan.....Jembatan Merah, Pasar Turi, Karang Menjangan ". Wong iku meneng bae, wong-wong liyane padha pating templek numpak bemo. Dheweke lingak-linguk, endi ta dalane metu, wong ok samene akehe, arep lunga menyang endi bae? Bis ko samene kehe duweke sapa? Paling cina, sasat saben tokogedhe jare masku iya duweke cina. Numpak bemo mudhun kanntor post, mbecaj satus, mlaku gang sedhela wis tekan nggone masku. Nanging bemone sing endi ta iki? Apa Jembatan Merah,bola-bali kowe rak ngomong ngono iya.Iya bemo rodha papat letere A, iya iku ana letere ana ngarepnganggo huruf balok, ora kleru. Penumpang lagi loro, cina siji kabeh nggawa koper gedhe-gedhe, tasku SAS kalah gedhe lan kalah apik. Suk bae yen wis nyabut gawe kaya mas,tuku ngono iku kaya wong kutha. La iki tambah loro, bemone budhal. Tekan endi iki kebun binatang,ana wong nyetop kok ora mandheg,njaga penumpang temenan, ora mburu dhuwit, ora ngebut. Lo, lo koki ngesuk ta wong iki, wis tekan ngendi, oh isih adoh bekne. ya terus-terusna olehmu eker-ekeran karo cina kancamu kuwi.
"Sing nggarahi kon iku Lim. Kudune dina iki kudu budhal Menado, kepeksa nggolek utangan kanca sing ora nggenah nggone.Yen ditata kaya ngene gak kuwat nyambut gawe karo kon".Liem meneng bae, tangane ngothak-athik arloji gedhe puterane ana telu.
"Karepku, suk yen tekan Menado diweseli".
"Apa percaya kancamu, upama didol sapa gelem nuku. Barang ngono kuwiora payu, beda karo mas-masan ".
"Apa maneh ora ana kwitansine".Kwitansi ditampani lan dideleng wong loro kang adhep-adhepan. Sajake wong loro mau kepengin duweni,wiwit mau ndeleng sak ngarep,mbok anawa dhuwite kurang.Sijine brengose nylirit ngganteng, takon ora nganggo basan-basanan.
"Pira koh tukune biyen?".
Durung suwe kok,iki lo delengen dhewe?".
"Wah ya iki sing jenenge arloji.Cocog kanggo nom-noman tambah gagah.Eman dhuwitku gak nyukupi".
"Pira iki? 175.000 rupiah?".
"Bener olehku tuku ana Jakarta, nalika ngencer sepisanan ing kutha iku.". Kanca jejere gendi ndeleng.
"Rugi yen gak dak tuku. Yen telung puluh ewu yak apa? Dhuwitku mung samono hare ".
"Wis ditambahi maneh ".
"Gak ana ya mung iku ".
"Liem kekno, apa klakon dina iki gak sida budhal?". Si Liem meneng bae, nglirik mrana- mrene wong lanang nom nggawa tas SAS iku nganggit-anggit.Mendahneya yen bisa tuku.Mau dienyang telung puluh ewu. Seket ewu mesthi diwenehna. Gampang kangmase bisa ngedol luwih samono, apa maneh ana kwitansine. Mase rak nyambut gawe ana kantor Gubernur. Kancane akeh, tukonane jam mesthi larang-larang.Ora dipikir dawa, lambene kumecap.
"Cobi ningali ".Jam mau wis ana tangane.Embuh dimenyani,embuh dikapakake, sawise nyekel jam, tanpa daya. Sakabehing barang kang diduweni, kudu diwenehake si Liem lan kancane.
"Kula gadhah yatra 50.000 rupiah.Purun mas?" wahuh yak apa se cak kon iku.
"Saklerespun nggih mboten angsal cobi ditingaliniku kwitansine ".Iyabae wong kwitansi palsu, kwitansne bajingan mbok ditulis sak yuta ya bisa bae.
"Wis ta Liem wenehna, pancen ya kudu ngene awake dhewe kudu gelem korban ".
"Yak apa ya" Liem isih ragu-ragu kaya iya kaya ora. Wekasan arloji lan kwitansi wis pindah tangan.
"Enake mudhun kene bae Liem, cedhak yen tuku ticket".
"Slirane mandhap pundi mas " pitakon iku tumuju mase nyangkolng tas SAS.
"Kantor Post!".
"Sekedhap malih pun dugi ngajeng niku. Anu Liem awake mudun kantor post pisan".
Wong iku mudhun, anehe Liem lan kancane bablas ngalor, nuju Jembatan Merah. Tekan omahe kangmase awake lemes,ngerti sabener apa kang kedadeyan?. Dhuwit 50.000 rupiah kanggo cicilan kendaraan amblas, diganti arloji pengaji kurang luwih 10.000 rupiah. Mula ta mula rek ngati-ati. Iku mono kedadeyane kancaku. Arek desa.Surabaya gak padha karo desa.Saiki bemo A diganti bis kota. Embuh suk-suk arep diganti apa maneh ana kedaeyan apa maneh.......... (seri crita kadurjanan).
Crita iki tau kapacak ing majalah Panyebar Semangat no.42 tanggal 16 Oktober 1976,nyritakake adike kancaku kena bujuk penumpang bemo nalika menyang Surabaya. Warta sing dak rungu adike kanca mau saiki dadi polisi.... Alhamdullah, sugeng maos.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
kula srantos, pak Pur.
BalasHapusassalaamu alaikum Pak.... meniko kunjungan perdana.... ssalam kenal rumiyin njih... kulo nggih tiyang Pacitan engkang nyambut wonten Suroboyo.... kulo aturi mampir wonten blog kulo engkang mboten sepiroo sae....
BalasHapusPak Ugeng,matur nuwun, inggih atur menika ingkang saged kula aturaken.
BalasHapusWaalaikum salam, kang Sugeng matur nuwun, mangga sami sanjan- sinanjan ngiras ngraketaken pasedherekan. Nuwun.
hihihi... dereng wonten postingan enggal njih Pakde?
BalasHapusmenawi wonten wekdal, kula aturi mamPir, ngoreksi postingan enggal kula. Maturnuwun
Lo piye to lawong pakdhe wis mampir yen ora salah ping pindho.Salahe angger dakdhodhog lawange tutupan,jan-jane gubugku ora mantra-mantra karo kagungan panjenengan.Ora apa-apa gubugku ala pokoke omahe ponakanku apik, rak ngono ta ngger..............salam pakdhe pur.
BalasHapus