Minggu, 14 Februari 2010

lalen


AKU DIPARINGI LALIAN.
Sajege tuwa iki yen dakpikir-pikir aku kudu ngguyu dhewe.La piye pancen diparingi sifat lalian/lalen(pelupa).Iku pancen sifat apa gawan bayi apa piye, aku dhewe ora ngerti wong kari nampa paringaNe, lan aku ya ora kuwasa nolak.Kedadeyan sing marakake aku dhewe lan njengkelaku nyku lan anakku wis ora kena dak etung,kayata nyeleh jam tangan, kaca mata,tas kerja lan liya-liyane kaya wis biasa.Sing paling repot, arep budhal nyambut gawe kacamata keri, wong saomah dak takoni kabeh, mesthi wae ora ana sing ngerti wong sing nyimpen ya aku dhewe.Ngerti-ngerti tibake kacamata mau wis ana ing sakku.Kabeh padha ngguyu, nyku komentar.....biasa kungmu penyakite lalian kumat, aku mung meneng wae karo budhal, e.....kok ana maneh..... jagang sepedha ora dak gatekake meh wae tiba, untunge yen sepedhahan alon-alon, jathuka rak dadi gawe temenan.Iku ora sepiroa. Sing luwih isin maneh nalika aku mulih tilik desa,leren ing terminal ana kancaku SMP biyen aruh-aruh, iki sapa ya..... ngerti yen aku lali dheweke banjur nggodha..... mosok Pur kanca sabangku lali...... dak wangsuli sapa ya.....adhuh.....sapa ya.....karo ngeling-eling........"Aku Warino !" .Saploke kedadeyan iku aku ngati-ngati, yen ora apal jenenge aku ora nyapa, wani nyingkrih,utawa ethok-ethok ora weruh tinimbang kisinan.Dene barang-barangku pribadi aku duwe cara ana telung panggonan kanggo nyimpen. Saumpama barangku ilang/ketlisut ya telung nggon mau sing dakubeg-ubeg, yen ora ana ya pancen ilang lan aku kudu nglenggana.Kanca-kanca kantor ya ngerti yen aku lalian,malah pak Prapto ngomentari karo nggodha" gak papa kung pelupa, pokoknya jangan lupa ingatan " wah iki pancen nemen, aku mung ngguyu mesem kecut, wah ana-ana wae, aja sampek aku gendheng.Kadhang-kadhang sifat lalian mau bisa kena kanggo alasan, upamane nalika dolanan pingpong, yen aku ora bisa nampani bal, aku mesthi ngucap wadhuh lali aku....... lan dak tambahi tembung ....... sory ya tholnet.....nyanthol net.Sing aneh ki tanggal laire nyku lan tanggal laire anakku, mula ora aneh yen anakku kewetu"tanggal laire anake wae lali, apa maneh menehi hadiah ulang tahun "jajal piye yen ngene iki, kamangka anake mung loro.Yen putuku ora lali, Ricky tanggal 24 Pebruari 2000, lan Rival tanggal 10 November 2006.
Sifat lalian, isih dak gawa nalika aku nulis postingan.Biasane saben rampung nulis, aku mesthi ndeleng seratane para bloger sing wis kagungan jeneng.Ngiler jane, wah gek mbutuhke wektu pirang wulan ya, postingan kok apik-apik kaya ngono?
Bola-bali ndeleng krepekan, nanging ya isih lali, kepeksa dak akali ngene, sing wis tindak ing blogku dak tulis ing kene, embuh yen ana sing kliwatan.....pancen wis tuwa arep apa.......
.Pak Sugeng :asli Pacitan, guruku amarga tansah paring semangat supaya tetep nulis. Bloge :1.nguripuripbasajawa.blogspot.com.
2.Aku cinta bahari.blogspot.com.
3.Javanese for Beginner.
.mbah Suro: pensiunan PMK Jakarta, daleme Jakarta .
Bloge :mbahsuro99.blogspot.com.
.Mas Paromo Suko:priyayi Yogya, olehe ngasta ing Surabaya.
Bloge :lakukan selagi bisa.
.Ki Ageng Similikithi[asma samaran]:sawijining dokter lembaga antar bangsa, sering ana ing luar negeri, yen ora kliru saiki ana ing Manila.
Bloge :perjalanan waktu.
.Gambrengword :asma asline sapa, daleme ana ngendi aku ya ora weruh.
Bloge :My Bloggyyy.
.Mas Indro Saswanto: daleme dak goleki durung ketemu.
Bloge :Kenangan Sepanjang Masa.
.Yang Kung : Daleme ing kutha tahu Kediri,ngasta Kepala Sekolah.
Bloge :Yang-kung.
.Mas Dwi Joko:daleme Yogya,putrane yen ora salah loro .
Bloge :1.irphotoku.
2.dhenjoko.
.Pak Guru Petrus Soeratno/pieterssoeratno.wordpress.com: daleme ngendi ?
Bloge: Love is always ready to serve with you.
.Kang Sugeng : kelairan Pacitan, daleme ing Kutisari.
Bloge :Be A Great Person.
Digoleki adikmu,"kapan pak kang Sugeng dolan nyambangi pakdhene?".
.Pak Kasimin :guru Fisika daleme ing Sidoarjo.
Bloge :fisikasimin.worpress.com.
.Pak Hilmi :Guru IT , daleme ing Surabaya .
Bloge :muhyiddin11.blogspot.com.
.Mr.Joko Santoso:Guru IT, daleme ing Surabaya.
Bloge :gursmpn2sby.blogspot.com.
.Mas Capricornelian: guru IT, isih bujang, daleme ing Surabaya.
Bloge :caprie.wordpress.com.
Nakmas Setya Tuhu :guru SMA 2 Wonosobo.Yen ora salah bloge:smadazobo.worpress.com/smadazobo.blogspot.com, wah lali aku.
.Sing durung ketemu mbak Sito, apa ya bloge?
.Dene muridku kelas 9 saben kelas duwe blog dhewe,iku durung sing blog pribadi.
.Yen ana sing kliru nulisku, nyuwun pangapunten,nuwun.

7 komentar:

  1. Leres pak Pur, contone kula dhateng pawon badhe nedha. Dumugu pawon bingung, aku mau arep nyang apa ya ?
    Namung setunggal sing boten lali, prekara dhuwit.

    BalasHapus
  2. Wah kok sami inggih,prekara dhuwit kaliyan jatah mesthi boten kesupen.E.... inggih dipun lampahi kemawon, badhe menapa malih.Pak Ugeng menawi longgar tindak gang mawar, daftar buku kepanggih,nuwun.

    BalasHapus
  3. Walah... nggih maklum mawon Pakde, menopo malih koq panjenengan, lhawong kulo mawon nggih sampun lalian koq, hehee...

    Ngapuntene menawi kulo dereng saget dolan wontem dalem-e panjenengan, amargi nggih meniko wau, kulo niki preinipun namung dinten minggu. Niku mawon kadang kala nggih diaturi lembur,
    Nanging insya Allah menawi pendamelan sampun longgar, kulo mesti nyempataken dolan.

    BalasHapus
  4. Ora apa-apa, ya piye maneh abot-abote nggolek sandhang pangan,sing penting seger kuwarasan.Pak dhe wis tuwa arep golek apa maneh, ya donga-dinonga, bisa kasembadan apa sing digayuh, amin.

    BalasHapus
  5. Amin Pakde.

    O inggih.. menawi kerso, kulo badhe nyuwun tanggabanipun, miturut panjenengan dospundi menawi Julia Perez sios kepilih dados Bupati Pacitan?? kulo rantos uneg2 panjenengan wonten mriki

    BalasHapus
  6. Wah iki lagi warta sing nggegerake Pacitan. Tanggapanku, para kenya bakal niru bupatine ing bab solah bawa lan carane menganggo. Jupe iki rak senengane pamer sekwilda lan sangisore, jarene.Durung mengko yen upacara, kabeh peserta mesthi kepengin luwih cedhak supaya luwih cetha, embuh sing cetha apane.... Aku kuwatir para nom-noman padha males nyambut gawe, gaweane mung mung mbayangake bupatiku pancen ayu... bupatiku pancen ayu...... kalebu sliramu .....iya ta, iya ta, kalebu embuh aah...

    BalasHapus
  7. (meh ketriwal olehku nyenggaki seratane pak pur)

    mas indro saswanto lenggah ing jombang, ngasta dados dokter ing rsud jombang,
    yen kula piyambak tiyang kleyang kabur kanginan, samangke kesrimpet wonten surabaya

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming