Jumat, 19 Maret 2010

KALAH KARO PUTU

DOLANAN PLAY STATION.
Sajege kemajuan IT iki akeh banget sing dadi ganjelane ati.Wiwit saka TV,DVD, kamera, hp, wis ora kena diselaki maneh. Kaya critane putuku iki,sing ora angon wayah yen duwe kekarepan.La piye nalika durung tuku PS, sasat saben dina menyang rental saperlu PSan. Nanging ya kuwi bareng wis ditukokne, saben atine ora lega lunga, gek menyang endi bocah iki? E dak goleki nganti kepuyengan lunga menyang rental tangga, rame-rame karo kancane.PS wis duwe wis lega, saiki kasete sing dadi masalah. Saben ana kaset anyar utawa kasete lawas wis bosen mesthi gregik, kung kaset...kung kaset, utawa yen stike rusak,uti ...... stiknya rusak mesthi nyku mangsuli sana beli sam kung sana.... Iki durung kepetung barang liyane sing dicukupi wong tuwane kayata game boy, PSP, handy cam,durung dolanan liyane yen manut aku kurang migunani, aku biyen apa ya ngono ta, gek kanggo apa barang-barang kaya ngono kuwi. Yen aku gresah nyku elik-elik, wis bene sapa ngerti ana gunane ing tembe buri, aku banjur nglenggana. Wingenane nalika pawai sekolah putuku nggawa handycam ngrekam sakabehing kegiatan e, asile kok ora ngisin-isine, pinter cah iki.Bareng adike lair, saiki ngancik umur patang tahun, ana masalah maneh, rebutan PS. Sing gedhe ora gelem ngalah la sing cilik kepengin ngrebut wae, dadine ya bisa dibadhe tukaran, rebutan stik. Si Rival yen pas nesu stike dibanting, mesthi wae Ricky(mase), muring-muring, hayo dik... hayo dhik kamu dak dibelikan mama, dak dibelikan papa....hayo dik.... Si Rival nangis. Supaya ora rebutan kepeksa tuku PS siji maneh, kok ya eram ta tu, putu, saiki PS jangkep loro. Apa masalahe wis rampung, durung.Mase wis pinter dolanan PS adike durung, la iki..... mase ngajari adike ora tlaten......... kak ajari kak, .....aku capek lo dik..... kung ajari... kung ajari karo nggeret tanganku tumuju PS..... mesthi wae aku ora bisa, ora bisa nuruti kekarepane si Rival bisane mung tolah toleh, wong mbah kok dikongkon PSan, kepeksa aku ngarih-arih Ricky.....Ky tolong kung ajari ........Aku capek lo kung...aku capek lo kung.... piye ngene iki apa aku kepeksa kursus dolanan PS.Nyku elik-elik e yen longgar mbok kono PSan dhewe mosok kalah karo putu.....wadhuh piye iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming