Sabtu, 20 Maret 2010

PENDIDIKAN BERBASIS KARAKTER

Nyemak andharane Drs Najib Sulhan,MA(Diektur Al-Azhar, Dosen UM Sby, penulis buku BSE lan penulis buku-buku berkarakter), sing dianakaken ing dina Sabtu, 20 Maret 2010 ing SD Muhammadiyah 21 Surabaya, penulis ketarik banget lan ngacungake jempol kaloron.Panjenengane maringi illustrasi, yaiku para wong tuwa sing putrane ngadhepi Unas sanggane abot banget.Wis abot nganggo banget. Atine wong tuwa melang-melang, ketar-ketir lulus apa ora, bisa apa ora mengko ngadhepi soal? Saking abote sesanggan mau wong tuwa melu kalang kabut, bar sekolah les yen perlu bengi nyeluk guru privat, tujuane nguber biji minimal samene , yen ora nututi biji minimal ora lulus.Akibate kurang pirang dina UNAS, bocah-bocah padha stres ana sing lara weteng, sirah ngelu, weteng mual lan lelara liyane sing mesthine ora perlu.Tau Drs Najib oleh telpon "anak saya berhasil pak, Alhamdulillah " ditakoni" Iya ibu berhasil yang mana?". "Itu anak saya yang ikut Bimbel mendapat bocoran soal".
Piye ta iki oleh bocoran soal kok dianggep berhasil? Pancen ana wacana, muga-muga wacana iki salah, ana saweneh Lembaga Bimbel oleh soal Unas saka dinas kang kawogan, mula lembaga mau wani narik beya samene yuta.Lembaga wani njamin, yen nganti ora lulus utawa ora klebu sekolah pavorit dhuwit bakal dibalekake.Kanggone wong tuwa bab dhuwit ora dadi soal, pokok anake lulus lan ketampa ing sekolah kang dikarepake.Yen pancen wacana mau temenan, apa ora ngisin-isini jagading pendidikan kita? Jaman apa iki? Biji asil ujian bakal ora cocog karo kapinterane bocah-bocah amarga nyudhet dalan jupuk gampange, jalan pintas.Murid-murid wis ora nggatekake wulangane guru lan luwih percaya karo lembaga Bimbel mau.Mula ya ngono kuwi diwulang kurang nggatekake blas, kamangka sing ngerti kapinterane murid ya mung guru.
Wong tuwa dhewe luwih bombong yen anake klebu sekolah pavorit,tanpa nggatekake kapinterane bocah.Wong tuwa durung-durung wis ngeden-deni, unas abot, bijimu kudu apik yen nganti ora lulus wong tuwa isin ayo sinau terus lan sapanunggalane.La iki sing marahi abote sesanggan anak ngadhepi UNAS, yen ora sinau sregep didukani wong tuwa. Nganti direwangi lali mangan lali ngombe , nggethu ngadhep buku, sianak lara weteng , lara ngelu lan lara-lara liyane sing ora perlu, kaya sing wis dakaturke ing dhuwur.
Kedadeyan-kedadeyan mau ora cocog karo karakter bocah. Kedadeyan kaya mangkono bisa diantisipasi, kuncine ana guru lan wong tuwane dhewe. Guru lan wong tuwa kudu paring motivasi yen UNAS iku kedadeyan utawa prastawa biasa, lumrah, saben arep tamat mesthi ana ujian, aja digawe abot, sinau sing ajeg dijaga kesarasne aja lali donga, insya Allah bisa nggarap kanthi biji sing ora nguciwani.
Mbaleni pendidikan berkarakter.Siji-sijine negara ing donya kang ngetrapake pendidikan berkarakter yaiku Cina. Potensine bocah dikembanganke lan digatekake kanthi temenan. Mula ora mokal yen Cina dadi gudhane atlit olah ragawan apa wae, apa iku badminton, senam , renang lan olah raga liyane.Yen pancen sianak ora pinter matematika aja dipeksa kowe kudu oleh biji samene, nanging yen pancen pinter ya kudu digatekne slaras karo ilmune.Wong tuwa kudu percaya yen potensine putra bisa kanggo sangu urip ing tembe mburi embuh dadi seniman, olah ragawan lsp.
Wosing atur:Pendidikan berbasis karakter yaiku sinergi antarane ing sekolah lan ing omah jroning mbentuk karakter keng putra.Mangga digoleki kaluwihane para putra, aja digoleki kekurangane, amarga yen ngudhal-udhal kekurangane, bakal nyuda kapercayane diri pribadi putra sing kita tresnani.Nuwun..

3 komentar:

  1. Pak Pur, pancenipun teori menika menawi dipun turuti inggih sae. Nanging pamarentah menapa siap sarananipun ? Kaping kalih tiyang sepuh menapa siap mentalipun? kaping tiga menawi kanggene lare kathah-kathahipun, sing penting pokoke lulus. Denen kanggene tiyang awam lajeng sanjang : ah, kakehan teori.
    Komentar kula damel saking Pacitan.Nuwun.

    BalasHapus
  2. Matur nuwun pak Ugeng, pancen inggih ngewuhaken.Nanging menawi boten dipun wiwiti samenika,kapan malih?Mesthinipun pamarentah inggih kedah siap sasedayanipun, kangge kemajuanipun bangsa ing tembe wingking.Tiyang sepuh sejatosipun langkung pirsa kalantipanipun putra saha boten bosen-bosen tindak sekolahan perlu ngawuningani kamajuan non akademis putra kalawau. Sugeng pepanggihan kaliyan kulawarga Pacitan, rahayu ingkang pinanggih,nuwun.

    BalasHapus
  3. I got the new the king casino no deposit bonus【Malaysia】
    หาเงินออนไลน์ William】pinterest in 2021, filmfileeurope.com the king casino communitykhabar no deposit bonus,【WG98.vip】⚡,taylorlancer,taylorlancer,golfking. kadangpintar

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming