Rabu, 24 Maret 2010

PERESMIAN MASJID ARRAHMAH.


Dina Sabtu, tanggal 20 Maret 2010, masjid Arrahmah SMP Negeri 2 Surabaya kasil diresmekake dening Bapak Ir Purwadi Djojonegoro,M.Ag.Ing acara mau Bapak Purwadi minangka Komite Sekolah nelakake atur panuwun marang para donatur marang para wali murid, guru apadene para murid sing wis anyengkuyung pembangunan masjid ing komplek SMP Negeri 2 Surabaya iki.Ing pangajab masjid iki bisaa dadi sarana ningkatake ibadah kulawarga SMP Negeri 2 Surabaya utamane para murid ngadhepi era globalisasi, sing kadhang-kadhang ora cocog karo ajaran agama sing kita anut.

Manut keterangane Pak Achyat Malik minangka Ketua Panitia, masjid iki peletakan batu pertama tanggal 4 Agustus 2007. Wektu iku awujud perputakaan lan kepala sekolahe Bapak Muhtar sing saiki ngasta kepala sekolah imng SMP 1 Surabaya.Dicritakake uga,nalika musholla arep digusur arep dibangun perpustakaan, pak Achiyat protes la kanggo sholat ing ngendi? Diwangsuli karo Pak Muchtar, ya sawetara manggon ing ruangan multimedia, iku cukup yen kanggo sholat apa dene sholat Jumat.

Perpustakaan bakal digusur dirubuhake, mengko dibangun masjid.Pak Achyat nglenggana banjur mikir-mikir lan matur pak Muchtar dhuwite saka ngendi, awit wektu iku dinas ngaban- abani ora oleh narik dhuwit kanggo keperluan apa wae menyang murid? Wis ta bonek bandha nekad ngono wngsulane pak Muchtar. Lan temenan ya nalika peletakan batu pertama mau kang dirawuhi para donatur, wali murid kepala sekolah ing kiwa tengene SMP 2 Surabaya, kasi ngumpulake dhuwit 25.000.000 rupiah, pawitan kang lumayan.


Banjue teruse kepriye? Ya saben dina ana kaleng mlaku ing kelas, sewulan sepisan saben guru bar gajian padha infak, lan saben ana kegiatan sekolah kayata rapotan sapatemon karo wali murid anyar disuwun ngisi infak. Tanggapane para wali murid , donatur positif banget banjur dicakake manut anane dana sing mlebu.Ya rada suwe pancene, lan pak Astari kepala sekolah sing ngganteni pak Muchtar,kasil ngrampungake masjid SMP Negeri 2 Surabaya, kang dijenengi Masjid Arrahmah, alhamdulillah.

Sadurunge diresmekake masjid wis dianggo maneka warna kegiatan kang magepokan karo fungsine.Sholat Jumat wis ora ing multi media maneh, yen murid mlebu awan esuke ngaji, semono uga yen murid awan esuke ya padha menyang masjid perlu ngaji.Akeh sesorahe ing adicara peresmian mau saliyane bapak komite Sekolah, uga bapak Astari minangka kepala sekolah lan digongi ceramah Agama yaiku ustad Turhan Baderi dai kondhang kutha Surabaya. Alhamdulillah. wasyukurillah masjid wis dadi, pangajabe warga SMP2 Surabaya utamane para murid bisa kaleksanan,yaiku ningkatake iman lan taqwa. amin ya robbal alamin.

5 komentar:

  1. wuiss... mekaten njih Pakdhe, saben guru diaturi nyumbang, angger bubar gajian.?? sae tenan menika Pakde.

    Nuwunsewu, kula dereng saged dolan teng dalem-e Pakdhe, amargi nggih taksih repot,

    BalasHapus
  2. Iya nang muga-muga rejekine para guru barokah, amin.Ya kapan-kapan ta, wong duwe kuwajiban kulawarga.Salam kanggo anak putu kabeh lan donga-dinonga, pakdhe Pur.

    BalasHapus
  3. nderek mangayubagya...
    salam kula kagem pak Poerwadi, yen kleresan pinanggih

    BalasHapus
  4. matur nuwun mas Suko, insya Allah badhe kula aturaken pak Poerwadi.

    BalasHapus

Sea Turtle - Finding Nemo Squirt Swimming